Selasa, 17 November 2009

Doa dari Tuhan Yesus

Kumpulan dhawuh lan donga saka Gusti lan para Suci


“Aku sedoten ana ragamu, Aku kanggo kekuatanmu, Aku kanggo bentengmu; Terus ngucapo kaping telu “Gusti Yesus, Gusti Yesus, Gusti Yesus.”23-05-01

“Esuk iku suminare suryo kang madhangi Alkitab, mulane macaa ora ketang amung 2 (rong) pasal, lan tanganmu tengen athungno. Banjur ndonga .............. lan isine : “Kraton dalem kawiyarno kados ing mulo buka ngantos salami-laminipun. 23-05-01

“Wengi iku maksude - “Gusti manunggalo kaliyan kulo sadaya.” 23-05-01

Sebab yen lara, resikna awakmu kanti donga :” Lara ya lara, iki ming menungso rak muk sedhela.” 23-05-01

“Wateken nganggo Roh Kudus-mu, ojo mbok deleng raine, nanging mbok deleng atine. Tamakno donga : „Byar bubar ora ana memolo, ora ana rubedo, ora ana memungsuhan, kang ana tresno karo aku.” 23-05-02

Donga slamet mengkene :”Slamet, slamet saka kersaning Allah, saka dumadi nganti ora ana saka kersaning Allah.” 26-04-04

Mulane yen kowe metu saka omah sembahyanga ana mburi lawang menyang kanjeng Ibu sing kajibah njaga kabeh manungsa, bubar iku lagi mbukak lawang banjur mangkat. 26-04-04

Sewaktu kami memohon ajaran untuk malam itu, dijawab :”Dongaa kanggo uwong sing lagi nandhang sengsara lan sing nggawe aniaya marang kowe.” 16-01-05

Sewaktu kami menanyakan tentang kematian Tuhan Yesus, dijawab :”Aku seda ing dina Jumat Wage lan tangi ing dina Minggu Legi. Mulane padha dongaa memuji atur panuwun marang Gusti Allah-mu sing paring pengurbanan marang kowe kabeh.” 16-01-05

Mulane kuwi yen kowe cedhak Aku sing ana atimu, dongane :”Dadia pepundhenku sing ana atiku.” Gambar sing kok pajang iku gambaren ana atimu, kanggo pangeling-eling kasangsaran Dalem sing dialami amarga tresnane marang manungsa.” 21-02-05

Dongane mengkene :”Dadia kabgejane uwong akeh kang nampa wewarah iki.” 21-02-05

Yen bisa, wayah Sebtu Legi pasa sedina sewengi. 24-02-05

“Pati raga iku tegese sedina sewengi ora mangan apa-apa, ora duwe gegayuhan apa-apa. Pikiran mung tumuju nggayuh urip langgeng. Diwiwiti nganggo ngombe banyu bening dhisik. Yen pati raga saben dina, iku wis dadi pati raga mulya.” 24-02-05
“Swara “nging” ana kuping iku ana sing ngajak, nanging durung ketemu amarga durung ana filtere lan durung kasaring. Yen pas ana swara “nging” dongane :”Munia tak rungokake, metua tak deloke, renea tak tunggune.” 24-02-05

doa sebelum melaksanakan sesuatu:”Dadia kekarepane Gusti ana atiku.”24-02-05

“Dongane :”Niat ingsun ndherek Gusti, ora wedi mati.” 28-02-05

“Atimu iku wadhahe Allah, aja kok isi liya-liyane kang ora perlu, kudu mligi kanggo Allah. Penerapane, tangi turu banjur maca Alkitab. Tangi turu cekelen Gustimu dhisik, lagi nyambut gawe apa sing perlu. Dongane :”Tuhan sumber kekuatanku.” 28-02-05

Doanya kurang lebih :“Dhuh Gusti, mugi kaberkatana dados Salira lan Rah Dalem Gusti.” Bebarengan roti lan anggur diunjukake ana dhuwur.” 28-02-05

Berkat Prodiakon ke anak kecil adalah berkat kesatuan katresnan, seperti berkat bapak untuk anak. “Dadia mantebe atimu, lambemu. Intine dadia sumber kekuatanmu. Iku kanggo bocah cilik sing dadi kekuatan, lha yen kanggo wong tuwa dadi keyakinan. Dongane :”Dadia kitresnaning Gusti ana awakmu, muga-muga dadi sumber kekuatanmu. ” Kitresnaning tegese kowe kang ditresnani. Lha yen kepengin ngomong cekak kanggo bocah cilik :”Dadia sabda dalem Gusti. Jadilah Terang ada padamu.” (Jadilah mantap hatimu, bibirmu. Intinya jadilah sumber kekuatanmu. Itu untuk anak kecil yang menjadi kekuatn, kalau untuk orang tua menjadi keyakinan. Doanya :”Jadilah terkasihnya Tuhan dalam dirimu, semoga jadi sumber kekuatanmu.” Terkasih maksudnya kamu yang dikasihi. Kalau ingin ngomong pendek untuk anak kecil :”Jadilah Sabda Tuhan. Jadilah Terang ada padamu.”) 28-02-05

Dhawuh pungkasan pukul 05.00 pagi :”Dadia keprabon Dalem Gusti, ya keprabone awakmu. Warisan dalem Gusti ana awakmu.” 29-02-05

“Mulyakna dina gedhe kang dipadhakake dina Minggu, terus sing dilampahi Gusti tirunen. Tetulung marang sapadha-padha.11-04-05

Donga wong Katolik sing apik kuwi memuji lan memuliakan, aja koq ujug-ujug njaluk. Lha basane basa ati, dudu basa sing kok tampa. Sebab basa ati iku luwih lempeng. Mula becike diwiwiti Kangjeng Rama lan Kawula Pitados. 17-06-05

Donga kuwi paribasan kupingmu kok tutup. Ora krungu. Contone, yen ndongakake uwong lara, ora perlu mbatin kudu mari, ananging mari ... mari ... mari krana kersaning Allah. 17-06-05

Doa untuk mengusir roh jahat :”Karana Asma dalem Gusti Yesus Kristus, roh kang ana ..... balia.”21-02-06

“Donga ngrukti laya kuwi sapisan nyuwun ngapura kabeh dosane; kang kapindho lewat Bunda Maria. Becike ora langsung. ..... ..... . Kasih iku lewat ibu, biarlah ibu yang menyampaikan. Saudaraku, pergilah dengan damai karena aku menyertaimu dan kasih Tuhan Yesus bersamamu. “” Yen bisa ana bathuke diunyer-unyer.” (seperti membuat tanda salib kecil di dahi) 09-07-06

“Donga ketemu lelembut? Kena apa kudu mangkono? Cukup Muga-muga adoh nir sambekala ngono wae wis ora wani nyedhak.” 09-07-06

Ajaran doa sewaktu masuk ke gereja, maju untuk berlutut dahulu :”Tak jaluk sedulurku sing nderek Misa padha bisa sehati sejiwa karo aku, kareben Gusti bener-bener rawuh ana atine sing ndherek.”07-08-06

tentang doa apa dalam Misa Kudus dari awal sampai akhir, pada waktu bukan perjamuannya :”Dongane kang wiwitan iku apike nyuwun pangapura, terus nyenyuwun marang Roh Kudus supaya madhangi kanggo kabeh sing melu pasamuan suci. Dadi ora kanggo dhewe; Terus sembah bekti. Ya marang Kangjeng Ibu Maria ya kagem Gusti. Lha yen ana Doa Syukur Agung anane mung nyembah Gusti kang carane beda-beda. Sembahen lan delengen. Ana kono kuwi roti lan angur uwis meresap dadi Salira lan Rah Dalem Gusti. Ana kono kabeh donga dipimpin karo pastor sulihe Gustimu. Kabeh umat padha ngamini. Yen nampa Salira Dalem, tanganmu unjukna, matur nuwun yen Gusti uwis nganggep layak lan nampa yen iku unggul-unggulmu. Tangan mbok athungake terus unjukna ana ngarep sirahmu. Bubar kuwi banjur kok pangan, cepet wae mengko mundhak tiba. Bubar komuni lan berkat umume dianggep uwis bubar, uwis sah. Dongane sak durunge metu saka pasamuan ya nyuwun slamet ana dalan. Lha yen arep sowan Kangjeng Ibu Dewi Maria, iku ora dikudokake amarga uwis butuhe dhewe-dhewe.12-02-07

“Donga kanggo tanggal 3 Maret 2007 iku gampangane ya matur nuwun dene Gusti wus kersa rawuh. Ucapna gen anak bojomu mangerteni :”Matur nuwun, Gusti sampun kersa rawuh ing donya menika. Kersaa rawuh ing griya kula, rawuh ing sedaya manah kulawarga kula.”20-02-07

“Salah sawijining talenta bisa didelok saka enenge karunia. Karunia mung dadi sarana kareben talentane nambah. Karunia ana kene jenenge kemurahan. Yen talenta tegese bekal. Yen bekal, saben uwong diparingi. Yen karunia durung mesthi.”22-02-07

Tentang mengusir setan dengan doa dan puasa, Tuhan Yesus hanya memberikan ajaran doa pendek :”Tuhanku-Tuhanku, Engkaulah sumber kekuatanku.” 22-05-07

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.