Senin, 16 November 2009

Pengalaman Agustus 2006

07 Agustus 2006

Malam itu aku berdua dengan pak Pudjono dan sepertinya kami sudah ditunggu oleh yang tidak kelihatan. Ki Fajar Baru yang datang menemui kami berdua.
“Aku saka lor etan India, agamaku Sanssekerta. Iku tegese wijining urip kang katulis. Wewarah kanggo nggayuh pikiran lan perasaan kang sawiji, kanggo nggayuh urip langgeng. Aku arep ngancani kowe nganti bubar.
Nggolek urip langgeng kudu diawali saka urip becik ana alam donya. Dadi ora bisa ujug-ujug urip langgeng. Dadi kudu nganggo tirakat, urip becik. Ya kuwi sing kaya mbok goleki. Dadi, sanguning urip kudu digoleki ana alam donya. Ajaran kuwi kabeh sing bisa nuntasake ya ajarane Gustimu.”

“Ana kene sing tak tekanke bisaa kowe mengasihi dirimu dhisik. Diwolak-walik padha wae. Mula kowe padha golek wulangan kang pinunjul, ora saka liya-liya.”
“Matius 22 tentang Hukum Kasih. Lha rak padha ta karo sing tak kandhakake mau. Mung carane wae sing beda. Dadi urip langgeng ora lepas saka kono.”

“Wong bodho rak malah disenengi uwong akeh. Lha yen kowe pinter rak malah dimusuhi. Sing penting kuwi karyamu kudu sing becik, isa nuntasake kemauan pikiran lan ati, isa ngupas Kitab Suci.”

Sewaktu pak Pudjono bertanya mengapa bisa menghadap ke empat penjuri, dijawab :”Justru Gusti Yesus kuwi madhep ngendi-ngendi, saka ngendi-ngendi ketingal, saka ngendi-endi madhep.”

“Mula ana kene sing kanggo, kowe uwis madhep marang Gustimu. Ana kono wis ora ana madhep ngetan utawa madhep ngisor. Uwis tanpa batas tanpa teteg.”

“Dongamu kuwi terusna ben bisa nggawa uwong nemokake kehidupan baru, kehidupan anyar.”

Perihal simbol untuk kami berdua malam itu, pak Pudjono sedang merangkul pohon kelapa :”Ngrangkul sing uripe lempeng.”
Simbolku disebutkan :”Yen simbule padha. Kowe nggujengi kenceng ana ngisor lan Darmono wiwit menek. Kowe kuwat ana pondasi, ning ora kuwat nggo panenan. Darmono kono rak menek nganti tekan ana hasile, ana uwohe.”

Kemudian secara selintas pak Pudjono melihat gambaran seseorang memakai ubel-ubel kepala menunggang kuda.

“Ketoke wewarah iku rak anyar lan komplit. Biasane yen kowe nemu piwulang terus koq entha-entha. Lha yen ketemu dhewe rak uwis plong. Coba yen kerawuhan Gusti, arep takon sapa? Jawabane sakjane uwis ana atimu dhewe-dhewe. Sebab piwulang kuwi biasane saka uwong utawa maca. Coba limbang-limbangen apa bisa ngrasakake yen kerawuhan Gusti. Terus dadi pangeram-eram, omahe terus dadi suci.”

Ajaran doa sewaktu masuk ke gereja, maju untuk berlutut dahulu :”Tak jaluk sedulurku sing nderek Misa padha bisa sehati sejiwa karo aku, kareben Gusti bener-bener rawuh ana atine sing ndherek. Hyang Roh Suci sing bakal minangkani”

“Becik ora dihinggapi rasa emosi. Bener isih ana, isih nganggo rasa emosi ego. Becik bisa ditampa bareng. Becik ora ana sing kesinggung. Lha yen bener isih ana rasa tersinggung, banjur umume ngomongi. Becike mengkene, apike mangkono. Becik iku ketemune rasa cocok, ning mungkin ora bener. Bener kuwi rak nganggo rasa lan karep kang uwis diisi dhisik. Mula terus ana unen-unen golek benere dhewe-dhewe. Lha wicaksana ing bab bebener kuwi angel.”


10 Agustus 2006

Malam itu kami berkumpul di rumah pak Mardayat. Yang hadir aku, pak Pudjono, pak Saan, pak Yohanes, pak Abraham, pak Weking, pak Sumadi dan mas Agus Sudarno.
Simbol awal yang dilihat pak Pudjono adalah kaca pembesar, kemudian tikar digelar, setelah itu sebuah lilin. Kemudian kami membaca Ibrani 3:7-19. Simbol lainnya yang kelihatan adalah domba jantan dan bendera seperti untuk semaphore.
Berkisar pukul 24.00 tengah malam, yang terlihat simbol terong, ceme atau gambas dan cikal atau kelapa muda. Tuhan Yesus berkenan hadir.

“Sing bisa ndherek gesang langgeng karo Aku, sing bisa menuruti ajaran-Ku. Dadi Baptis iku gunane kanggo prasarana utama mlebu Kerajaan Allah. Prasyarat iku kanggo uwong sing uwis ngerti ajaran-Ku. Dadi ora kanggo uwong kang bodho utawa ora ngerti ajaran-Ku. Gustimu iku Maha Kasih sing tak tularake marang kowe lan kowe tak beri wewenang nularake kanggo uwong liya. Dadi kowe sing uwis tak baptis, kudu bisa mbaptis uwong sing kudu koq slametake dalam keadaan darurat, uwong sing uwis ora bisa apa-apa ning isih urip. Yen Gustimu mbaptis kowe nganggo Roh, lan kowe mbaptis nganggo luh (air mata). Ning yen ngambang ya ora kena sasaran. Sing paling apik kudu koq sedakepake tangane, banjur baptisen. Yen sekirane isin, saputangan cekelen lan usapna. Amarga ana etika, mbokmenawa ora seneng.”

“Swarga mung istilah. Jenenge papan minulya sing ora ana siksa, sing ora ana memusushan ora ana padudon. Sebab padudon iku rak karyane ndhek isih ana donya. Gesang langgeng kumpul karo Aku. Yen kowe bisa nggambarake, swarga mung siji, dalan mlebu mung siji.”

“Bekal kanggo uwong arep mati? Yen sedulurmu Katolik rak uwis slamet, yen nurut perintah-Ku. Dongane kaya ndhisik : Saudaraku, pergilah dengan damai karena aku menyertaimu dan kasih Tuhan Yesus bersamamu. Mengko yen wonge nglirik, dongamu tekan. Dadi sing koq rapalake tumama.”

“Dadi sing uwis nampa Komuni Suci, aja seneng ngucap ala. Apa maneh sing kaya ndhek emben kae. Mula komuni ora tak paringake bareng-bareng, ning mung sing nganti pungkasan.”

Simbol pribadi untuk malam itu
Pak Saan  palem yang di rawa – nak kumanak dan itu segar terus. Akan mendapat 6 murid?
Mas Agus  Gedang anak siji muncul siji maneh
Pak Wking  kaktus
Pak Mardayat  ngerek burung
Pak Sumeri  Kuali bolong dalamnya ada senthir
Pak Yohanes  Bengi iki lagi sepi ing pamrih. Rumpun bambu, rambutan
Pak Abraham  becak, andhong, gedang mati (?)
Pak Pudjono  tawon endhas, aja wani ngganggu. Palem taman
Untukku  palu besi, bisa mecahake uwong kang atine mengkal. Ember kebak banyu kanggo nyirami
Pak Sumadi  Yoyo dan yang lainnya gadung.


11 Agustus 2006

Malam itu aku, pak Pudjono, pak Sumeri dan pak Yohanes berkumpul bersama di rumah pak Pudjono. Malam itu yang dilihat oleh pak Pudjono adalah simbol telur yang mengkilat, kemudian model palem botol yang daunnya kecil-kecil. Waktu itu kami ngobrol tentang kejadian alam raya.

Suara dan gambaran yang didengar dan dilihat pak Pudjono kurang lebih :”Dhisik dhewe sing ana Roh, banjur urip ngetokake energi kaya membentuk gumpalan anget. Sabubare banjur tuwuh menurut kepentingane. Gumpalan sing ana ndhuwur dadi sumbere pangothak-athike ilmu, sumber karep lan liya-liyane. Banjur kang ana tengah dadi sumbere tenaga, sumbere dahana, sumber rasa, sumbere wibawa, pangupa raga. Bagian katelu dadi sumbere sarana, sumbere pangupa jiwa. Telu-telune bagian kuwi dadi sawijining wewujudan kang diarani manungsa.
Yen crita bab Adam lan Hawa. Roh wiwitan mung Allah. Gumpalan kang gedhe banget iku berinduksi, berenergi gedhe. Banjur timbul kaya spora-spora kang akeh banget. Salah sijine spora iku mengkone kang disebut manungsa. Roh hu Alam. Jenengna miturut kasugengane, miturut urut-urutane, saka zaman menyang zaman, sesuai tempat, keadaan lan liya-liyane, sing bisa beda-beda. Lha sing kawaca saiki jenenge mangkono. Roh hu Alam kuwi jarake maewu-ewu tahun saka Adam. Wektu Roh hu Alam turun iku durung ngerti jejer, durung ngerti kode. Anane mung ana jilma, ana manungsa. Bubar kuwi kepiye carane bisa dadi akeh. Banjur Gusti membentuk kaya mangkene, kaya mangkono. Lanang diarani Alma, kang wadon diarani Huma. Yen kowe arep gawe crtita versi anyar kanggo groupmu, ya oleh wae. Adam diarani Alma lan Hawa diarani Huma. Dadi statuse diciptakake bareng-bareng, yen dudu bagian saka lanang.
Huma iku Huum, bisa ditegesake tempat tinggal, omah, wadhah, tempat tumbuh. Lha yen Alma tegese bibit, getih, undering ana. Ya ngono kuwi. Cekake carita kang kanthi cara lan dalan kang padha, banjur timbul kang mawarna-warna, Alma lan Huma dhewe-dhewe.
Crita saka tulang rusuk kuwi kewalik. Rohe ana dhisik lagi dedagingane, dudu ana dedagingane lagi diisi Roh; iku kleru. Dadi lanang lan wadon kuwi uwis kehendak Roh, jiwa. Yen kehendak Roh dadi ratu, ora mungkin mijil wadon. Yen Roh berkehendak arep ngrengkuh, mengku, arep njabangi (?), ya dadi wong wadon.”

“Taman Firdaus iku ana alam bakha, lha yen Taman Eden iku ana alam padhang, gampangane ana donya. Manungsa wiwitan diciptakake uwis ana donya. Sebab digambarake isih resik, isih ijo royo-royo, alam sing melimpah, pangan sing melimpah. Uwong durung ngerti butuh apa-apa. Taman Eden iku panggonane ana Asia Tengah. Aja lali, kabeh benua zaman biyen iku rak dadi siji.”

“Dosa kuwi sirik, nyalahi kodrat, metu saka jejere manungsa, matu saka jejere pencipta, mlesed saka wewarah, ora netepi dhawuh. Gampangane ora sarujuk marang Gusti, iku dosa. Lha yen kowe takon ana Kitab Kejadian bab sawer, kuwi digambarake uwong kang bisa ndlosor, merendah, lan entek-entekane nyakot. Koq dudu simbol gajah? Gajah kuwi simbul wewulang, ilmu, kanugrahan, dadi ora bisa digathukake karo simbul kesalahan, dosa, perongrong. Banjur digolekake simbul kang memper, kang sak drajat, banjur digambarake tekane ana ngisor, lakune diubet, dililit, dipengaruhi, njur kekuasaane diwengkoni. Gampange keampuhane uwis kecekel. Banjur pangothak-athike diprakosa, saemper kekarepane sing ora becik. Banjur manungsane metu saka kodrat.
Awal mulane, wiwitane diciptakake kaya kersane Gusti; saemper, sak karya, sak rencanane Gusti. Banjur metu saka kehendake dhewe lan durung ngerti yen iku salah, yen iku dosa.”

Setelah itu ada gambaran simol lumpang dari batu :”Lumpang watu, kanggo nyosoh, kanggo memutihkan, kanggo menghaluskan. Tegese kokoh kuat, abot lan mesthi mlumah. Dadi kowe kabeh kudu selalu siap. Lha anggonku mbentuk kowe rak uwis suwe, angel lan abot. Muga-muga ora ana kang bisa mindhah, kang bisa ngalahake. Mula Aku mbentuk kowe kuwi dadi pakaryan kang angel, kang abot, kudu tlaten lan suwe. Ya ben bentuke ora apik, ora bisa dipajang, ning rak migunani, prakosa. Ana kene rak ora ana kang ngancurake kang uwis guyub rukun. Gunane apa? Kudune malah nimbrung lar-tinular tuladha.”

Saat itu agak terputus, karena pak Pudjono merasa semua bulu tubuh berdiri. Sepertinya ada roh jahat yang datang mengganggu. Kemudian kelihatan ada simbul payung dan sesaat kemudin ada telepon untuk pak Yohanes, bahwa ada yang meninggal di lingkungan Sukasari.

Kemudian ada gambaran simbol gunungan dan seperti merak betina. Sesaat kemudian dalam penglihatan pak Pudjono seperti ada yang datang, berpakaian jubah hitam model pendeta dari barat. Dia mengaku bernama Gorham (Gorhom?) dari Swedia yang sudah meninggal sekitar tahun 1980. Dia menjadi pendeta Protestan sejak 1970. Karena yang menemani kami seorang pendeta, ngobrolah kami dan menjadi kesempatan untuk bertanya kepadanya. Obrolan kami antara lain :
“KB (Keluarga Berencana) iku ora bisa diarani dosa, amarga durung dadi jilma, durung dadi manungsa.”

“Neraka kuwi durhaka banjur uwonge disiksa. Ana kono digambarke kawah gedhe banget lan panas banget, banjur dicemplungake, gen intipe ilang. Suwene aku ora ngerti. Kuwi Gusti sing pirsa. Gampangane dipalu, disiksa, diidak-idak, diblesekake ana bara api, banjur dientasake. Sabubare kuwi isih kudu ngenteni, nglewati baptisan abadi. Jarak wektu, aku ora ngerti. Iya bener sing mbok sebut Api Pencucian utawa Pugatorio.
Mula kowe sing uwis ngerti ajaran kesucian, ajaran kebenaran aja nggampangake. Yen uwis ana kana dongane anak putu ora kanggo. Lha yen uwis ana penantian, lagi bisa didongakake.
Roh iku asale saka swarga, lha yen wis ana donya dadi reged. Bareng mati ora ngerti dalane. Dalane ya kecemplung nraka kuwi. Mula urip kudu diudi ngati-ati.”

“Sing jenenge pertobatan kuwi ana telu, kapisan pertobatan lahir batin, kapindho pertobatan sing digawe-gawe lan katelu pertobatan nganggo sarana, ming kanggo genep-genep, dientha-entha dhewe. Sing bener pertobatan lahir batin, ning tetep ana dhendha. Sing koq waca ana buku jarene 300 (telungatus?) dina?
Sing jeneng bertobat kuwi mari saka kelakuan, mandheg saka perbuatan sing nyebabake adoh saka Gustimu.”

“Mbaleni sing mau, naraka kuwi abadi. Api Pencucian kuwi bisa mentas, bisa leren, bisa resik maneh. Ukurane aku ora ngerti, merga aku ora bisa guneman ana kono. Yen karo kowe malah bisa guneman, anggepen paring tuladha, paring pirsa. (Aku bertanya apakah perlu menyampaikan cerita itu kepada semua saudara Protestan). Ora susah lan ora perlu, amarga dheweke mesthi ora percaya. Wong ajarane uwis mangkono.
Dalan padhang mung siji, ya Gustimu kang kersa ngrawuhi yen ana pasamuan, ana pertemuan. Aku dhewe ya gumun koq kowe padha seneng ngrasakake piwulang; piye sejarahe?”

“Bunda Maria ya bundaku ya bundamu, bundane uwong kabeh. Mula bisa ketemu Bunda. Uwong sing ora kenal wae bisa ketemu Bunda. Bunda iku asale saka swarga, ya bali ana swarga. Bundamu iku resik kang tanpa dosa. Bab perjamuan, aku ora bisa merubah roti lan anggur dadi Salira lan Rah Dalem. Sing bisa ya mung para pastor kuwi. Kowe rak ngerti dhewe yen kelompokku iku rak amung sempalan wae.”

Menjawab pertanyaanku yang mungkin agak konyol dan mengejar, dianggap ngajak gojegan :“Kawinunganana, aku mlebu swarga amarga kasih karunia Gusti. Aku lancar-lancar wae, ora lewat Api Pencucian. Aku ngerti ajarane Gusti lan tak estokake, tak tindakake. Ndherek mulya ya ngene iki.’

“Donga kanggo sapa wae oleh; sing ana rak nyawa dudu agama? Kabeh sapadha-padha. Dongane uwong kang tulus kang tekan.”

Aku bertanya bab tongkat yang aku terima dari Tuhan Yesus sewaktu di rumah pak Mardayat dan dijawab :”Iki tegese tongkat kepemimpinan sing anyar, uwis dewasa maneh, uwis kabul panyuwune. Diparingi wewenang prentah mimpin, ya ngayomi. Ora gampang lho, Gusti paring tongkat, paring dhawuh yen ora pantes.”

“Bener wiyosan Dalem Gusti iku Sebtu Legi. Mula kowe melek saiki kaya ngantu-antu rawuhing Gusti, ngantu-antu kabingahan. Muga-muga Gusti kang akarya jagad mberkahi kowe kabeh.”
Jam sudah menunjukkan pukul 02.00 pagi dan kami pamit pulang yang didahului ucapan syukur kepada Tuhan.


13 Agustus 2006

Hari Minggu sore itu aku, pak Sumeri, pak Pudjono, pak Yohanes, pak Siahaan, pak Saan berkumpul di rumah pak Mardayat. Kami ngobrol macam-macam termasuk masalah lumpur di Sidoarjo. Kelihatannya perlu sajen khusus.
Pukul 22.00 malam kami berdoa bersama, dan dalam penglihatan pak Pudjono ada simbol lampu neon berkisar 10 Watt, yang lama kelamaan berubah bentuk menjadi bundar tetapi belum bersinar terang. Dalam pandangan pak Pudjono sepertinya ada seorang perempuan yang datang dan persis seperti yang pernah datang di rumah pak Ulu Emanuel (St. Angela?). Kemudian ada simbol tangan yang sedang menyembah. Pak Sumeri merasa melihat keris luk warna kuning pegangannya warna putih. Kemudian ada simbol tangan menyangga dunia (brayat mulya?) dan simbol lonceng gereja.

Malam itu pak Siahaan membacakan Kitab Yeremia 21, kemudian terlihat simbol bulan tenggelam disusul dengan gajah yang bergading panjang. Ada suara yang didengar pak Pudjono :”mBaleni wawasan ndhek wingi masalah Tibo Cs. Durung. Durung sida, mengko rak batal. Durung wani amarga abot sanggane kanggo kang mengku kuasa. Ya uwis ngono wae. Jawabanku patent.”
Aku bertanya mengapa pada waktu sebelumnya koq tidak ada komentar bagi pak Sumeri, pak Sumadi dan pak Saan, dan dijawab :”Lha wong jatahe semono (tujuh?) arep kepiye maneh. Coba takona dhewe-dhewe marang awakmu.”

Aku bertanya.tentang penampakan Bunda Maria di Indramayu, seperti diceritakan pastor Kristianta maupun pastor Sangker :”Uwong wedok Indramayu iku kudu dibecikake supaya bisa diangkat. Yen Bundamu rawuh ana Indramyu ateges sedulurmu rak malah tambah. Yen aku rawuh ana kene rak malah ajeg. Becike pancen ana kana wae, gen wanita kana padha sadhar, mrangi (?). Ajaran paling dhisik gen kenal karo aku. Yen uwis kenal banjur kenal ajaran Gustimu. Yen uwis kenal banjur mratelakake, banjur nyerakake marang Gusti. Ya wis ngono kuwi.”

“Pak Sumeri, uwis gek endang takona.” Simbol ibu Sumeri menggendong tenggok, atau kendi berisi air.
Simbol pak Saan, gula pasir satu plastik :”Manise kanggo uwong akeh. Manise wiwit biyen nganti saiki isih padha.” Simbol rezeki hanya sedikit sesuai dengan kekuatan tangan.
Simbol pak Mardayat, bandulan memakai lendang :”Ngemong utawa momong.”

Aku bertanya tentang simbol angka di Kitab Wahyu, termasuk pendapatku tentang Wahyu 12:7-9 dan dijawab :”Bener panemumu, mula sing ati-ati.”
1 = suci 6 = temen
2 = kosong, ora ana 7 =
3 = jujur 8 =
4 = wani 9 =
5 = 0 = ana, bulat pikiran
1440 = ana uwong siji sing wani nylametake uwong akeh
1260 = ora ana uwong sijia bisa nylametake, kuwi padha karo 1246
666 = tegese malah gagah prakosa, nggleleng, embuh ora weruh, mungkin kuwi rencana Tuhan.

“Gajah simbule nata, ndhek emben ya ana gadhinge ning kowe ora weruh. Olehmu ndelok kurang permana. Yen nata iku ratu tegese kawruh utawa pangelmu. Yen Gusti iku Tuhan padha karo kekal. Tuhan kuwi tegese siji, tunggal, siji tur bunder.”

“Sing jelas dalane uwong urip kudu padhang. Padhang iku sing mbok goleki. Padhang kuwi uwis ana awakmu. Nyatakna yen padhang kuwi wus ana neng awakmu. Sing penting kowe uwis duwe padhang.”


15 Agustus 2006

Malam itu aku pergi ke rumah pak Pudjono dan disana sudah ada pak Sumeri, yang mengajak untuk menengok rumahnya di Antapani. Dari sana kami bertiga bersepakat ke rumah pak Yohanes, yang selama ini belum pernah kami kunjungi bersama untuk kumpul-kumpul. Ibu Yohanes ikut bersama kami ngobrol sambil menyediakan minuman dan kemilan.

Dalam penglihatan pak Pudjono, sepertinya ada seorang perempuan yang datang, cantik berwajah India memakai sejenis mahkota dan tanda di dahi. Ia mengaku bernama Dewi Maharani. “Aku Dewi Maharani kang nguasani bumi pertiwi, dewi putri sejati, dewi kenya isih kenya saka kenya. Aku reh-rehane Bunda Maria kang ana tanah Jawa etan, kulon, lor lan kidul. Bengi iki aku sing njaga kowe, martakake, mbagekake, yen sedhela maneh Bunda bakal rawuh. Aku dadia upet, sebab aku ora bisa terang kaya Bunda. Paribasane kaya latu rokok. Sedhela maneh Bunda rawuh, aku njaluk minyak wangi kanggo ana lawang, gen obore bisa mlebu. ..... ..... . Uwis, saiki uwis mlebu. Saiki cekelen uwong papat.” Kami berempat mencoba memegang obor yang tidak kelihatan di tengah-tengah kami. Setelah itu pak Yohanes diminta berdoa dengan keluarga di ruangan lain, biar obor tersebut bisa menjadi penuntun bagi banyak orang.

Kemudian terlihat simbol kuldi masuk ke rumah tanpa penumpang dan kemudian terlihat simbol seperti bunga cempaka yang belum mekar total.”padha pepujia, padha mangayubagya yen bengi iki Gusti amung ngutus. Kanjeng Ibu sing bakal ngrawuhi. Dadia keluarga kang bisa dadi pujaan kanggo uwong sing nggoleki inti sejati ajarane Gusti. .... ..... . Darmono, dhisikna butuhe uwong akeh.”

Sepertinya dalam pandangan pak Pudjono, Ki Durpa masuk ke dalam tubuh pak Yohanes, terus ada suara :”Gusti ana ngendi? Apa Bunda kersa rawuh ana kene? Anakmu sing siji ana ngendi? Ya uwis, suk rak kuasa.”
Ki Durpa sepertinya memang ingin memasuki kami satu persatu dan diminta untuk menjawab beberapa pertanyaan, apakah bisa merasakan kedatangannya. Kemudian Ki Durpa masuk ke dalam tubuh pak Sumeri :”Niat ingsun ngajak sedulur lingkungan menyang Tritis ketemu Kanjeng Ibu.” Kemudian ada suara :”Sing paling ampuh telung dina engkas, tempate terserah ana ndhuwur kuwi. Sing kudu mbok gawa atimu. Jumat malem karepku ning kudu akeh, luwih saka telulas (lebih 13 orang). Sabtu aku tindak Afrika, ngrawuhi paguyuban ana kana. Jengene Paguyuban Ana Rasa. Uwong ana kana kurang perasaan, mula kudu dituwuhake rasa.”
(Pikiran kami berempat pada waktu itu pertemuan di rumahku di Pasirimpun atau di rumah pak Pudjono. Dan kami bingung bagaimana mengumnpulkan orang lebih dari tiga belas pada saat itu. Terus terang kami lupa bahwa hari Jumat ada Misa Kudus di rumah ibu Sujana dipimpin pastor Sangker. Dan nyatanya Bunda Maria datang menampakkan diri melalui pak Sumeri. Bunda Maria berdiri di samping pastor Sangker, mengikuti acara Misa Kudus tanpa berkata apa-apa).

Menjawab pertanyan pak Sumeri :”Malem iku Bundamu rak uwis rawuh ta? Mekrad pas Rebo Awu.”
Menjawab pertanyaan bahwa tanggal 15 Agustus sebagai hari raya Bunda Maria diangkat ke surga :”Aku dhewe ora ngerti kena apa tanggal 15 Agustus dianggep suci. Zaman semana ana pangeram-eram, justru Bunda rawuh, banjur mekrad, banjur ngilang ana kidul kulon lap. Bunda kumitir ana ndhuwur.”

Dewi Maharani :”Suci iku tegese ora duwe apa-apa, ora butuh apa-apa, malah sugih apa-apa. Kabeh kawruhmu kuwi ora kecumpa marang dheweke. Sing sumeleh kowe apa kana? Selendang sing kanggo keluarga pak Yohanes iku ora arep dicopot sapa-sapa. Kawruhe atunggal, ora bisa dipisah.”

Perihal mujizat Kana yang dianggap sebagai mujizat pertma Tuhan Yesus :”Jane uwis makaping-kaping. Mujizat ana kene ya mawar siji kuwi, sing uwis diparingake ibu Sri. Pesen kang katelu, Bunda turun ke dunia nggoleki wong suci diajak menyang swarga. Ana kene sing tak sebutake wanita ya. Tegese luwih gedhe katimbang Indramayu. Ana uwong kang suci tak pundhut tak ajak munggah swarga.”

Aku bertanya tentang Khrisna dalam dongeng India, yang hampir mirip dengan Tuhan Yesus :”Khrisna iku tegese sampurna, mumpuni, berbudi bawa leksana. Gusti Yesus tetep Gusti Yesus, Khresna tetep Khresna sing akeh kawruhe, kang isih adoh ana ngisor, isih uwong. Gusti Yesus iku tumurun ing donya jumeneng nata diarani Kristus. Banjur ana sanepa, ana tandha-tandha ana mujizat. Banjur diwujudake karya sing nyata kanggo sapadha-padha. Setia, bisa diwastani raja kang bala tentarane saka swarga.”

Aku masih bertanya tentang siapakah sebutan Allah orang Hindu :”Allah Hindu disebut Ullahe (?). Ullahe Abhe Yabhe. Jawane Sang Hyang Maha Suci, Sang Hyang Maha Tunggal.”

“Kasucian hubungane karo wanita iku setia, tegese turut manut ora oleh ndhisiki. Manggone ana kiwa utawa mburi. Jejere wanita tetep ana mburi. Liyane kuwi tak kira ora apik. Mula apike palakrama. Bener suster ora palakrama ning ora nyuster. Dadi becik banget yen dadi suster. ..... ..... . Aku uwong wae, beda karo Bunda. Agamaku ya Abhe Yabhe mau. Bengi iki aja crita Muhammad, crita sing liya wae. Mengko kawruhmu mundhak ngambra-ambra.”

Berkisar pukul 02.30 pagi, pak Pudjono melihat simbol jam bandul. Kemudian terlihat seorang ibu menggandeng anak kecil. Pakaiannya putih kebiru-biruan memakai penutup dada tanpa krah. Anak kecil tersebut didudukkan di pinggir. “Aku Bundamu sing rawuh. Aku titip bocah cilik iki. Aku arep ngomong yen Bunda yektos uwis rawuh. Aku titip bocah cilik iki tak kon lungguh, mengko bali maneh. Iki bocah cilik kang ana kana, tak ajak. ...... ..... . Aku tak lenggah ana meja kene ya. Aku sembahen dhisik, ..... ..... ketoke kowe rada wedi karo aku. Iki jenenge pakaian Komo, tegese model komprang nggedhobrah. Sing penting kowe percaya yen Bundamu rawuh.”

“Pak Pudjono, mbokmu lan bulikmu uwis apik, sing kaya mbok aturake ndhisik. Sejatine mbokmu ora kenal aku.”

“Darmono isekna (?). Sing uwis koq tulis ndhisik wis bener. Dina iki dina pangeram-eram, Bundamu ngiteri donya, mubeng-mubeng arep ndelok swarga donya. Isih ana kabecikan ora, isih ana uwong padha donga apa ora. Iku abad katelu. Isekna yen tanggal tanggal 15 Agustus dadi dina brayat mulya. Ya uwis kuwi, estokna. Ya kuwi, Bunda keliling bumi nggoleki brayat mulya, kang nggoleki kasucian, kang ngugemi asal wadhahe, Ya Rohim (?). Bener, ora mung ana Paris, ning aku mubeng-mubeng. Bunda rak rawuh ana ngendi-ngendi. Yen Bunda rawuh tanggal 15 Agustus rak dina kuwi thok. Kanggoku dina padha, aku rawuh kowe ana.”

“Hal pak Sumeri, pak Saan, pak Sumadi. Becike ora digawe rasa. Gustimu rak uwis pirsa. Kowe rak asring ketemu, kena apa kowe kadarang-darang nggoleki aku?”

“Pak Yohanes, aku dhewe bingung arep ndangu apa ya? Mohon keselamatan? Ya, tak pangestoni. Tibo Cs kaya wis resik ora ana bebaya, ora ana kang pidheksa ing donya iki kang wani merjaya. Wong Gustimu uwis pirsa marang babagan kuwi.”

“Malem Sabtu yen awakmu ora kesel ya tekaa. Yen sekirane cukup ya lerena. Gampang wae, aku ora duka.”

Aku bertanya sehubungan berita Indramayu :”Pastor Kris rak amung jeneng, uwonge padha wae karo kowe. Becike mangkono ben percaya, yen perlu ajaken ben weruh. Sing dikarepake ana Indramayu, syarate gelem. Sing paling becik kudu koq bisiki yen Bunda rawuh, sebab tulisan ora bakal tumama.”

“Rahasia kang kaping telu uwis, ya kuwi, aku nggoleki uwong suci sing tak ajak langsung. Aku ora nyebutake agamane apa, sing penting suci.”

“Kapapat, ora ana maneh uwong wadon kaya aku. Dadi ya amung Bundamu. Dadi Bunda panebus ya amung aku, ora ana tuwuh manungsa kang nglahirake Hyang Putra.”

“Bengi iki aku rawuh amarga koq jaluk, ndhisik amarga kersaku.”

Perihal mujizat pertama Tuhan Yesus :”Mujizat kapisanan iku mlaku ana banyu zaman nggolek iwak ana segara. Gusti nyabrang segara banjur Gusti ngendika, yen imanmu kuwat kowe ora bakal kerem. Ning yen ora, kowe kaya perahu montang-manting, banjur kejegur ana laut. Kuwi mujizat kang kapisan. Mujizat Kana kuwi secara kebenaran sing ora direncana karo Gusti. Mujizat kapindho menyang Galilea, danau dadi asat yen Gusti ngersakake. Kana uwis ora bisa dietung.”

“Bencana ana laut kulon ning ora tak bedhekake. Bencana alam tetep ana, ning sing ..... ....., sing wani tirakat sering luput. Kaluwihan weruh dhisik, kaluwihan bab kesetiaan, pangerten ..... ..... dhawuh Dalem kang dadi wewarah. Kayata jejering kang atelu kang Atunggal, sing wewujudane tunggal. Kowe rak bisa njlentrehake ta?”

“Darmono, ngrogoh sukma minimal kaya mangkono kuwi. Kuwi oleh-olehane metu bengi, melek. Kuwi temenan dudu karangan.” Menapa saged langkung kanjeng Ibu? “Kudune isa, ning sok ngomong ora bisa. Darmono, delengen aku lenggah ana ngendi? ..... ..... . Aku lenggah ana tanganmu tengen. Aku dadi sipat kandelmu, dudu piandelmu. Sing ana atimu Gustimu. Aku nanceb ana kawruhmu. Roh Suci makarya ana ati, yen aku makarya ana lumaku, mula ana tanganmu, ning dudu tekenmu. Contone aku nggenepi Roh Kudus sing ana atimu, sing marakake kuwat, marakake gedhe atimu.”

“Rosario kuwi rak dongane uwong kang bisa negesake, njlentrehake. Putri Allah Bapa, putri pinilih, diberkati Allah Bapa piyambak, aku wus dipersiapkan wiwit ndhisik. Permaisuri Allah Roh Kudus ana kono tegese ora ana kang dadi permaisurine Allah kejaba amung aku.”

“Swarga resik saka kewan, mung ana rohe manungsa.”

“Durpa, ana kene jare disebutake sebagai tingkatane ilmu. Jare kabeh iku mau roh, banjur nganggo wewujudan kewan. Apa kowe kepengin weruh rohmu nganggo sandhangan kewan apa? Kaya ndhisik kae?”

“Simbol paling dhuwur kuwi gajah putih. Polisi, jaksa lan hakim simbule baya, bajul. Tentara diwartaake semut. Suster simbule kupu putih, pastor simbule kelinci putih.”

“Pak Pudjono simbule gagak, saiki langka golek sing gaok-gaok kae. Darmono simbule kethek, monyet lagi mangan, wulune kuning rada abang enom. Pak Sumeri simbule manuk kakak tua putih lan pak Yohanes simbule marmut. Anggepen kelas rakyat jelata.”

“Yen aku paring hosti mentah. Sing bisa mangerteni luwih alus luwih bisa.”
“Sembahyang umume panyuwun. Yen pertemuan kuwi ana piwulang utawa homili.”
“Maharani kuwi ganjaran paling gedhe ana keluargane pak Yohanes.”

Bunda Maria berpamitan bersama anak kecil yang dibawa dan kami mengucap syukur dan berterima kasih. Hari sudah pagi dan kami pulang ke rumah masing-masing.


16 Agustus 2006

Sore hari itu kami bersepakat bertemu di rumah pak Sumeri untuk tirakatan menjelang peringatan hari kemerdekan. Yang datang pada waktu itu aku, pak Saan, pak Siahaan, pak Yohanes, pak Pudjono, pak Abraham, pak Sumadi, mas Hendro dan mbak Hertin. Kami ngobrol ngalor ngidul sampai pukl 23.00 dan diteruskan dengan doa bersama. Hebatnya dalam penglihatan pak Pudjono Tuhan Yesus berkenan hadir.

“Dadia kawuningan yen bengi iki sing tak jaluk sing padha teka. Dadi ora mung sing padha weruh, sing ora isa ya oleh kanugrahan, padha karo sing weruh. Dadi ora kudu pirsa, ning yakin yen Gustimu rawuh. Dadi Aku percaya yen kowe padha percaya marang Aku. Aku sembahen dhisik.
Pak Abraham jumenenga Aku ajaren ..... ..... (pak Abraham ragu-ragu dan diam saja). Sejatine intine mangkene. Kowe tak dhawuhi mulang. Mulanga dhisik ana kiwa tengenmu. ..... ..... . Ndang cepeta, Gustimu ora duka.” Pak Abraham hanya menunduk saja.

Dalam penglihatan pak Pudjono yang terlihat berubah menjadi salib berwarna hitam. “Kowe bingung? Ngene wae, tongkatmu wetokna Dar. Sing penting bengi iki pertemuanmu ora muspra. ..... ..... . Aku saiki tak jumeneng ana tengah-tengahmu.”

Pak Siahaan diminta untuk berdiri dan diberkati sendiri.
Aku bertanya sehubungan dengan malam Jumat Kliwon di rumah pak Mardayat. “Pak Sumeri saiki madhepa ngidul. Aku ana ngendi? ..... ..... . Uwis, saiki Aku sembahen kaping telu. Aku ora apa-apa. Ketoke pak Saan bengi iki ora siap.”

“Sing penting padha tangia esuk, tegese dhisik. Dadi yen kowe tangi esuk, bisa nampa dhisik, tampa dhawuh Gusti. Yen kawanan terus kesusu, biasane terus lali karo Aku. Esuk bakal ana padhang. Dadi yen kowe nemoni esuk, cepet nemoni padhang, wening penggalihe. Saumpamane bengi iki bayangna yen esuk, arep nampa piwulang anyar. Sing sapa wani tangi esuk, bebendu sing ana atimu bakal ilang, luntur, amarga kowe uwis ngucap, mbatin krana Asma Dalem Kangjeng Gusti Yesus Kristus. Sing bakal koq tindakake bakal mapan, tekan. Dongamu bakal awoh kabecikan mentes, sebab donga esuk iku mesthi tulus.
Kabeh kudu bisa nylametake awake dhewe-dhewe, amarga ora ana sing gelem ndongakake. mBukaka Kitab Suci sore utawa bengi, dilimbang-limbang, tangi esuk bisa netes. Apese bisa nglimbang-limbang. Sing paling apik sadurunge surya suminar, dadi ora manut jam, sebab jam enem esuk uwis bisa padhang. Dadi aja kedhisikan Sang Hyang Rahina.”

Kemudian yang terlihat oleh pak Pudjono bukan Gusti lagi tetapi berubah seperti telur. “Wiwit awal Aku jumeneng ana kono, saiki dadi endhog. Endhog kuwi kudu netes dadi tonggak. Jabarna, dene kowe kudu kaya tonggak tumuncep, aja nganti diongkek-ongkek, dipindhah uwong. Tonggak simbol iman iku pendhemen ana papan kang ora bisa rubuh. Ana kene tonggak kuwi pathok sing ora bisa diingsed, ora bisa digeser.”

Menapa kados uwit klapa Gusti? Jawabnya :”Uwit klapa tegese liya. Sing penting dadia pathok dhisik, wates tetenger becik lan ala, suci lan durhaka, ana lan ora percaya. Minimal dadia tonggak ana omahmu dhewe-dhewe. Iku dudu ateges getas lho.”

“Kitab Suci ana kene Aku ora nganjurake kudu akeh. Luwih becik sethithik ning pener. Yen ragu-ragu gawanen rene, Gusti sing paring dhawuh. Akeh mengko malah turu.”

Untuk pak Sumadi :”Kitab Suci kuwi isine Firman Tuhan, dadi kudu isa ngerti isine. Yen durung ya dibukak maneh. Aku ora njaluk diwaca bola-bali. Yen bosen, golek Firman sing entheng, amarga Firman Tuhan iku tumbuh saka sethithik. Yen akeh malah lali nindakake.”

Untuk mbak Hertin Hendra :”Pancen bener mangkono menurut pikiranmu. Ning kudune yen menurut Gusti kudu bisa menahan kanggo kehendak Gusti. Sebab sing ana kene isih diothak-athik nganggo pikiran, ora nganggo bungahing ati. Kuwi sing angel. Kudu bisa peling, paring eling karo awake dhewe. Gustimu kuwi ana, ora paring rekasa.”

Kemudian yang terlihat oleh pak Pudjono seperti simbol pancing yang ada tiga bulatan, dan lama-lama seperti bulatan telur. Simbol kita bersama saat itu bencok atau katak berwarna putih. “Tegese kowe bisa ndodhok lan mencok.”

Malam itu kami membaca Kitab Suci dari Yohanes 14:15 dan kemudian Tuhan menjawab :”Rina wengi ngucapake asmane Gusti, ora nglirwakake dhawuh-Ku, Gustimu. Dongane katresnan, ora kena goroh. Aku wis ngerti, mbuh ala mbuh becik kudu mbok tampa kanthi renaning penggalih, Kowe kuwi rak saderma ana, ora oleh nyandra.”

Simbul pagi hari bagi kami semua adalah kendang. Untuk perorangan
Pak Saan  dokar yang tempat duduknya seorang
Pak Yohanes  wungkal, atau batu asahan
Pak Siahaan  pisau tetapi tumpul
Pak Pudjono  pecut atau cambuk
Pak Sumadi  onde-onde dan genteng rumah?
Pak Sumeri  orang sedang melompat
Pak Abraham  gergaji
Mas Hendra  sepeda balap dengan gigi besar jalan ngiplik atau sepeda kecil
mBak Hertin  bantal atau bandulan dari selendang
Aku sendiri  asbak

Pertemuan ditutup dengan doa ucapan syukur dan sudah sekitar pukul empat pagi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.