Kamis, 05 November 2009

Pengalaman April 2004

26 April 2004

Kira-kira pukul 20.00 pada hari Senin aku ditelpon bu Pujono dari Yogyakarta yang menginformasikan bahwa pak Pujono ada di Bandung. Hari Kamis malam aku sudah ke rumah pak Pujono sampai tiga kali namun beliau belum datang; Demikian juga pada hari Jumat paginya aku ke rumahnya tetapi dia belum juga datang. Pada hari Sabtunya pak Pujono ke rumahku di jatihandap namun tidak ketemu, dilanjutkan menyusul ke Pasirimpun juga tidak ketemu. Memang Tuhan belum mengizinkan kami untuk bertemu.
Malam itu aku menelpon dan mendatangi pak Yohanes namun beliau juga tidak di rumah, sedang memberikan pelayanan orang meninggal di Antapani. Akhirnya aku pergi sendirian ke rumah pak Pujono.
Pak Pudjono bercerita bahwa ia sedang duduk di luar mencari tanda apakah aku akan datang. Yang dilihatnya onta (koq binatang tunggangan dari Timur Tengah?) yang berdiri. Terus dikatakan, bila tidak ada apa-apa onta tersebut dipersilahkan pergi; Ech, onta tersebut malahan menekukkan kakinya ke tanah, seperti menurunkan penumpang. Saat itulah aku datang. Kelihatannya memang aneh.

Dari pembicaraan silaturahmi kesana kemari, suasana pada waktu itu sepi-sepi saja. Berkisar pukul 22.00 ada tanda yang dilihat pak Pujono, yaitu sumur dan timba. Sumur tersebut sebenarnya sumber yang kami tangkap sebagai simbol bahwa kita harus selalu ngangsu kawruh menimba ilmu dari sumbernya. Dikatakan oleh Tuhan Yesus bahwa sumber tersebut adalah Alkitab.

Mungkin karena kami orang Jawa yang kental dengan Kejawennya, maka komunikasi rohani juga memakai bahasa Jawa. Aku bertanya tentang simbol angka 3 (tiga) yang banyak muncul sewaktu masa Paskah. Petrus menyangkal tiga kali, Yang diajak Tuhan Yesus ke bukit Taman Getsemani hanya tiga orang, Tuhan Yesus sengsara membawa Salib selama tiga jam, disalibkan sampai wafat selama tiga jam dan bangun dari kematian-Nya setelah tiga hari (terus terang aku tidak bisa mencatat dengan komplit karena ketinggalan).
Tuhan Yesus :”Angka 3 (telu) iku surasane “jujur” minangka dadi tempuke ilmu kawruh, bisa kanggo sakloron, bisa kanggo wong telu, gen temu kawruhe. Kawruhe rasul telu iku kudu padha lahir lan batine, yen Aku iku sesembahanmu. Rasul liyane iku rasul sesepuh, dudu rasul kawruh. Yen bisa temonana rasul telu mau; Becike dadia kaya Petrus, amarga temuwa ana alam donya, ya watake, ya piandele, ya nangise. Wis ya, semene dhisik amargo Aku arep menyang Vatikan, ana perlu sing tak tindakake. Saiki kowe sakloron dikancani karo Romo Purba.”

Komunikasi rohani ini hanya aku catat dari perkataan Romo Purbo yang menjawab pertanyaan dari kami berdua dan juga tidak komplit.
• “Aku saka Kudus lan bertugas ana Paroki Purworejo; mesthine aku iku (SSCC?). Angka 3 (telu) iku tumrape marang aku madhep – manteb – mati. Madhep sowan ana ngarsaning Gusti, manteb saka krenteging ati banjur dileksanakake, mati ya wis bubar ora oleh lan ora bisa diothak-athik.
• Sakjane pandherekmu iku akeh lho, pandherek menyang kebatinan lan ngudi kawruh. Sejatining kawruh iku yo Alkitab, mulane padha macaa Alkitab. Lha sing pinter ngohtak-ahtik ukara lan nata ukara terus dadi wewadi ya Darmono iku.
• Bener ana uwong sing kepingin ketemu sumbering urip, nanging lali yen wis ketemu. Sakjane awakmu iku rak wis ketemu lan mulyakake Gusti Yesus. Mulane aja dibolan-baleni anggone ngucapake “Kemuliaan” tanpa ngerti piye mulyakake. Sing pas iku mulyakake Gusti ya setiap saat; Sing gedhe yaiku tangine Gusti Yesus saka seda. Tangi lan wungu iku beda; Yen tangi iku ana niat gemregah (bangkit dan bangun?). Mulane saben esuk nyuwuna mulya kaya Gusti.
• Pohon ara iku Arabi sing maksude kudu konjuk marang Gusti, mulane aja nganti gawe Gusti duka (marah), mundhak ilang rezekine.
• Konjuk iku ngucapake asmane Gusti Sang Tritunggal ingkang Maha Suci. Tangan kiwo ana dhadha, tangan tengen konjuk lan meneng, aja mlayu. Yen bubar konjuk tanganmu aja kanggo kukur-kukur bokong, iku ora apik. Yen atimu pas konjuk, sinare Roh Suci wis rawuh. Lha yen wong kidal apa cacat, becike tumungkul wae.
• Perintah sing penting iku, dadia uwong sing becik lan ugemana dhawuhe Gusti; Ngugemi iku angel lho! Dhawuhe Gusti iku ya :”Manuta marang Tritunggal lan slametna awakmu liwat ajaran-Ku. Sejatine kowe wis mlaku ing dalan-Ku, ning durung ketemu sing kok tuju, amarga isih mlaku. Aja bimbang mengko rak ketemu Aku, ya kuwi Gusti Allahmu sing kok elu-elu.”
• Ujare menungsa sing duwe tabiat ala lan ujar ala, ya mung bisa ditamakake menyang menungsa liya. Donga slamet mengkene :”Slamet, slamet saka kersaning Allah, soko dumadi nganti ora ana, saka kersaning Allah.” Mulane dadia kaya Gusti, dikapak-kapakake sarwa seneng; Sebab kowe lali wewarahe Gusti, tanpa ana dina sing ditinggalake Gusti; Mulane nyenyuwuno.
• Pisungsun sing becik, rezekimu iku ugemana amarga asale saka Gusti, dudu saka nyambut gawe; Rezeki saka Gusti iku murni kang bakal murakabi. Semboyane :”Aku oleh rezeki karana Gusti.”
• Allah iku sing jumeneng ing Swarga, lha yen Tuhan iku tetep jejering Allah ingkang rawuh dadi wujud manungsa. Mulane yen ndonga luwih becik diwiwiti nganggo “Ya Tuhanku……..” amargo Tuhan sing ana ngarepmu.
• Misa iku umat, sing penting iku madege sesembahan ing misa, sebab cawisan ingkang murni iku metu saka ing ati, dudu saka padupan. Tabernakel iku sing becik nggone ya sak nduwure sirah imam amarga Gusti sing jumeneng ana kono. Lha yen tampa Komuni, sakdurunge kok pangan angkaten disik ono sirah kanggo pangurmatan menyang Gusti kang bakal kok tampa. Kudune bocah cilik yo tampa Komuni amarga nampa berkahing Gusti; Ning kabeh iku mau rak ana sing ngatur lan sing njlentrehake.
• Wong mati; Sing paling apik dongane ya sawektu pas oncate nyawa nyuwun slamet; nanging angel nggoleki pas oncate nyawa iku mau. Yen bisa ya 3 (telung) dina, seminggu, sesasi apa setahun sadurunge mati. Mulane dongakna sedulur-sedulurmu supaya slamet.
• Mesthine iku tugase Pastur amarga kaule rak nglayani umat, dudu umat sing nglayani Pastur.
• Ziarah tumrape aku penting. Aja lali nyebut asmane kanjeng Ibu Dewi Maria, amarga sing ngawal saka sak njabanining pager tekan paseban terus masrahake menyang Gusti Allah (penglihatan pak Pujono, Bunda Maria seperti membawa police-line, menggiring anak-anaknya). Mulane yen kowe metu saka omah sembahyanga ana mburi lawang menyang kanjeng Ibu sing kajibah njaga kabeh manungsa, bubar iku lagi mbukak lawang banjur mangkat.
• XXXXX iku bener ning ora pener, isine akeh njiplak Injil nanging ora pas amarga secuil-secuil; kudune mencantumkan asma Gusti Yesus marga uga gustine wong kabeh. Eh lha kok malah ninggalake paseban ngedegake ilmu kawruh dhewe. Tumrapku Qur’an iku kudune dientekake lan diganti Qur’an anyar sing nyantumake Gusti Yesus.
• Budha iku pancen nggoleki dalan bener lan diparingi Gusti, nanging durung ketemu Gusti piyambak. Lha yen Hindu iku sakjane yo wis diparingi gambaran Gusti Allah nanging durung pas sing njlentrehake. Animisme iku ora nyembah brahala nanging nyembah ingkang Maha Kuasa, mung durung ngerti sapa iku Gusti Allah. Meh padha karo aliran kepercayaan sing percaya marang Gusti ingkang murbeng dumadi nanging durung ngerti sapa iku Gusti.
• Wis semene dhisik yen padha kesel ayo padha ngaso lan andum slamet. Gusti ora dhawuh apa-apa. (kurang lebih sudah pukul 02.00 pagi dan aku pamit pulang).



27 April 2004

Hari Selasa malam itu berkisar pukul 22.00 aku bersama pak Yohanes ke rumah pak Pujono; Kebetulan pak Yohanes sudah lama tidak ketemu dengan pak Pujono, jadi ya ngobrol kesana kemari tentang perjalanan hidup dan cerita keluarga. Ada beberapa hal pertanyaan yang disampaikan pak Yohanes kepada pak Pujono, antara lain tentang keluarga yang perlu makan pisang raja bersama-sama dengan stafnya, dimana pisang yang pinggir yang paling besar menjadi bagian suami isteri. Demikian juga bagi keluarga yang mendambakan momongan agar makan kacang tanah yang masih mentah secukupnya serta makan kacang panjang yang dapat dibikin urab.

Kurang lebih di tengah malam pak Pujono melihat gambaran seorang tua berjenggot pakai iket batik di kepala. Sewaktu kami tanyakan namanya, dia menyebutkan nama sebagai pak Domba yang asalnya dirahasiakan (katanya dari Gunung Wilis) dan pernah tinggal di Widodaren Madiun. Pak Yohanes merasa kaget karena merasa kenal dengan pak Domba ini, yang pernah diajar agama. Sewaktu ditanyakan apakah betul dari Widodaren, dia menjawab benar bahwa dia dulu muridnya pak Yohanes dalam hal pelajaran agama sampai dibaptis. Jadi sebenarnya pak Domba mendapat dhawuh dari Tuhan untuk menemani kami dan hanya ingin mendengarkan saja dan merasa senang. (sesuai keadaan, kami berkomunikasi rohani dengan bahasa Jawa karena dari awal kita berbicara dengan bahasa Jawa dan di bawah ini omongan pak Domba yang dapat kami tulis, biarpun hanya sebagian saja sebab tidak terkejar)

Pak Domba :
 Aku kok isih bingung nonton pasuryan gambar Gusti Yesus ana 3 (telu) padha kabeh; Padha kadigdayaane, padha ampuhe.
 Aku iku ana alam baka sing padhang, nanging tugas ana alam donya lan aku durung tau ketemu karo Gusti Allah. Aku seneng ngrungokake yen padha crita, guyone kok guyub.
 Aku ora ngliwati latu pangresikan amargo ngerti-ngerti ono ing alam padhang. Aku ora ngerti amarga akeh banget panggonan sabubare mati; ana sing sengsara banget, paribasane diidak-idak, digebuki, dilebokake luweng, nanging ana sing mlaku wae dipayungi ing dalan lurus tekan ing Gusti.
 Aku aja ditakoni sing akeh-akeh, amarga kowe rak padha pinter. Aku rak mung petani sing ora ngerti apa-apa lan pak Yohanes iku rak guruku agama. Mulane aja ndonga sing ala, mundak kena dhewe. Sabubare kumpulan iki aku njaluk donga saka kowe kabeh supaya bisa ketemu Gusti.
 Aku ketemu wong akeh ning rak durung srawung karo wong tuwamu, dadi aku ora ngerti. Aku uga durung tau ketemu karo pak Diran. Ing alam padhang kene, sanajan ora ngerti jenenge yen ketemu padha rangkulan. Sing mbok arani swarga iku yen kanggone aku jenenge papan kamulyan.
 Pak Yohanes iku kudune ya mulang amarga ndhisik rak gaweane mulang agama. Pelayanan sing saiki dilakoni supaya diterusake nganti entek.
 Pak Darmono iku apa-apa bisa mulane ora perlu wedi, nanging sing dadi kekuatanmu lan nujummu iku culna. (aku agak bingung tentang kekuatan dan nujum) Iku lho yen bengi wedi terus mbayangake sing ora-ora, iku rak jenenge nujum sing nggladrah. Iku lho sing isih nggolek senenge dhewe. Ngene wae gampange, tutna lakumu yen kowe diprentah atimu, aja ragu-ragu. Ngilangake wedi iku susah lha wong wis gawan. Sranane ngilangake rasa wedi ing peteng lan sepi iku kudu madhep manteb, mangan sego thok dikepel (mutih?)
 Pak Pujono tugase tetep ngangsu kawruh sanajan golek dhewe. Wis aja takon terus, mengko kakehan rembugan. Wis ta, mlakua mengko rak akeh sing teka; Jare padha mbahas Kitab Suci. Aku aja ditakoni sing okeh-okeh.
 (Yang terbesar dan terkecil) Contone, ana uwong wuta lan uwong waras mlaku bareng tuntun tinuntun lan padha tekane. Sapa sing gedhe sapa sing cilik? Dalane ya mung siji kuwi lan padha tekane. Sapa nuntun sapa lan sapa sing gedhe sapa sing cilik?
 Sing liyane, ban mobil ana 4 (papat). Apa sing ngarep nggered sing mburi, apa sing mburi nyurung sing ngarep? Yen ana sing kempes siji rak mesti ditunggu liyane. Yen sing ngarep keblesek, rak sing mburi ya melu keblesek.
 Ana jaran akeh padha balapan, jebule bareng tekan oleh-olehe ya mung kesel. Ngertia ora susah balapan wong kumpule ya ana nggon kono.
 Ana wong 3 (telu) ketemu terus pitakon ana ngendi Gusti Allahmu. Entek-enteke padha ngguyu. Jebule bareng wis ketemu Gusti Allah lha kok telu iku mau atunggal. Tiwas padudon yen Gusti Allahe padha nduwe dhewe-dhewe, jebule Gusti Allahku ya Gusti Allahmu, mulane njur padha ngguyu.
 Aku Gusti Allahmu ora tau adoh-adoh saka kowe, nanging kowe sing sering ragu apa bener iku mau Gusti apa dudu. Mulane timbang-timbangen yen Gusti iku cedhak. Sakjane rasa iku wis ngerti yen Gusti iku cedhak ning sok ditolak. Kadhang cilik ati lan malahan mbodhoni wedi diarani kuna. Kowe kudu wani nyritakake Gusti lan ora perlu sa- rumangsa, rikuh pakewuh diarani keminter, ning perlu disampekne yen kowe iku bisa.
 Yen kepingin ketemu aku kudu nyirik uyah lan gula, maksude ora mengkono nanging nyiriko rasa pingin mangan, enak apa ora enak. Kabeh iku enak. Yen bisa nglalekake rasa, mengko bakal ketemu aku, apa sing liya sing diutus Gusti. Rasa ketemu rasa banjur metu wewujudan, lan padha ketemu. Yen bisa ngrasakake rasane wong telu, rasaku, banjur rasa iku dadi siji marga wis padha, mengko rak bisa ketemu, lan ketemu dhewe karo Gusti. Gambarku bisa diubah karo sapa wae saka kersaning Gusti, bisa dirasakake wong telu.
 Gusti sing ana awakmu iku bagusing ati, yaiku bagusing lahir lan ati. Yen gambare lahir bisa ketemu gambare ati, yaiku gambare Gusti kang suci sing paling adi. Wujude Gusti iku wujude ati kang resik lan putih, mengko lagi katon swarga. Mulane atimu kudu bening, banjur kudu wening, yen wis tekan kono banjur katon Salirane Gusti, ya sing telu dadi siji; Yaiku sing kok goleki.

Waktu sudah menunjukkan pukul 03.45, maka pertemuan rohani tersebut akhirnya ditutup dengan doa kepada Tuhan bersama pak Domba..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.