Minggu, 15 November 2009

Pengalaman Juni 2005

16 Juni 2005

Malam itu kami berkumpul di rumah pak Mardayat dan baru bertiga dengan pak Pudjono. Dalam pandangan pak Pudjono sudah ada yang datang dan mengaku bernama Imaculata dari Giorgia. Sepengetahuanku itu seperti gelar Bunda Maria yang tidak bernoda. Dia hidup di dunia masih zaman Kawi kalau di Jawa.
“Zaman wiwitan mbukak gereja ing Asia Kidul. Sing dumadi uwis bisa ngijabahi kowe, sing penting padha gujub rukun, yaiku kautaman kanggo merangi apa wae. Guyub rukun iku sing bisa bersatu dalam doa, iman lan keyakinan. Yen kowe yakin, apa sing kok sedya bakal tumata ana. Aku bisane nampa dhawuh sing tak tularake. Dina iki aku kadhawuhan ngawat-awati kowe kabeh. Dhawuh Gusti : Pak Pudjono, keduwungmu kuwi durung tandhes, durung tenanan. Keduwungmu isih kanggonan nesu. Kudu bisa nglalekake, mbuh apa perkarane. Pak Mardayat intine kudu sabar, tetep kudu sabar. Bener kersane Gusti ora bisa dijajagi manungsa. Dadi iku dudu kersane Gusti, nanging polahe manungsa, terus pak Mardayat ketaman. Mula kudu sabar. Darmono isih padha. Ya sugih bandha, ya pinter ndonga. Mung siji sing durung bisa, yakuwi ndongake uwong liya. Isih ngeling-eling pacoben. Mulane kudu bisa ngilangake pacoben.”

Kemudian mulai berdatangan pak Yohanes, pak Abraham, bapak ibu Sumeri, pastur Kristianto dan mas Hendra, serta pak Siahaan. Pastur Kris mengatakan bahwa doa Salam Maria itu mempunyai daya kuasa yang hebat, apabila didaraskan dengan penuh penghayatan dari dalam hati. Satu kali doa Salam Maria yang benar lebih bernilai daripada berpuluh kali namun hanya karena hapalan.

“Kris ilmune kurang jero, kudu sering mawas dhiri. Sebab pinujia minulya kuwi ana atine dhewe. Mula sing kudu dimulyakake kudu atine dhisik. Perubahan hierarki kuwi uwis ana luwih dhisik katimbang Kris. Dadi ora perlu akeh perselisihan. Aja gampang elik ing sesrawungan lan gradagan, amarga bisa nyinggung uwong liya. Iku kena ana ing diskusi, nanging pelaksanaane ana sing luwih sepuh. Perubahan kudu bisa ngemong wektu. Surono iku pinter lan gampang njelasake marang umat. Bubar kuwi terus meneng ngrungokake.”

Pak Yohanes diminta melanjutkan pelayanannya, pak Abraham diminta untuk dapat lebih tumungkul, sedangkan pak Siahaan diminta terus mencari kawruh, dengan selalu mengikuti paguyuban ini.

Pastur Kris, mas Hendra dan pak bu Sumeri pulang duluan sekitar pukul 22.30.

Sebelum pulang semua, masih ada simbul piala dan payung parasit tanpa orang. :”Dadia kebanggaan amarga bisa ketemu salah sawijining para suci.”


17 Juni 2005

Hari itu aku ke rumah pak Pudjono dan ngobrol berdua. Yang kelihatan di pandangan pak Pudjono adalah simbul pisang satu sisir dan sudah matang. Suara yang terdengar :
”Pisang iku pasarna. Aku saiki arep menehi telung (#) tebakan, kira-kira apa bisa wong ora angel?
1. Kaping siji, Aku Gusti Allahmu, terus Aku ana ngendi?
2. Kaping loro, Bunda Maria kuwi bundane sapa wae?
3. Kaping telu, Gusti Yesus kuwi sejatine gustimu sing nomer pira?”

Kami berdua mencoba menjawab bahwa Gusti Allah di dalam hati kami masing-masing, terus Bunda Maria adalah bundanya semua orang, Bunda Segala Bangsa. Tuhan Yesus sendiri adalah Tuhan yang nomor satu dan tidak ada yang lainnya. Komentar yang terdengar pak Pudjono :”Iku mau bener ning isih kurang. Isih durung ngudi. Dongamu awan bengi kuwi wuwusane isih golek sugih.”
 Lha kuwi sing tak kandhakake, keduwungmu durung tekan, durung tandhes.
 Yen ndongakake uwong ya terus, aja gonta-ganti, aja ngeling-eling kelakuanane, rupane, terus umume njaluk sing apik-apik.
 Sing penting, sing kok dongakake uwong sing kok kenal, sing ana ngarepanmu. Apike siji wae dhisik, sebab luwih apik ngentasake uwong siji, ketimbang ngrengkuh uwong akeh lan abot ngangkate.
 Uwis, ora perlu bingung, dalan padhang uwis ana awakmu.
 Dina iki prei, ora ana sing tak utus.
 St. Imaculata kuwi St. Maria ndhek isih enom, rak anak turune uwong Asia Kidul; Mula kowe wingi rak bingung ta?
 Roh Kudus nganggo lambang merpati kuwi kaya ana Kitab Suci. Sinar kaya konang kuwi wijud sinar kang suci, sing kuwasa. Lha kuwi Roh Kudus sing bisa mlebu, sing bisa menjiwai, sing bisa atata warna-warna. Kudune kuwi sing kok cekel, kok lebokake ana atimu.
 Donga wong Katolik sing apik kuwi memuji lan memuliakan, aja kok ujug-ujug njaluk. Lha basane basa ati, dudu basa sing kok tampa. Sebab basa ati iku luwih lempeng. Mula becike diwiwiti Kangjeng Rama lan Kawula Pitados.
 Rosario iku donga sing wis diracik, banjur dadi apalan, entek-entekane rak panyuwun.
 Donga kuwi paribasan kupingmu kok tutup. Ora krungu. Contone, yen ndongakake uwong lara, ora perlu mbatin kudu mari, ananging mari ... mari ... mari krana kersaning Allah.
 Lha saiki pisange kari siji, terus mbok kapakake? Ya saiki panganen dhewe, mengko malah ora kebagian.

Aku pulang sudah pukul 01.00 pagi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.