Minggu, 15 November 2009

Pengalaman Maret 2006. Pengalaman yang mengagetkan

03 Maret 2006

Aku, pak Pudjono, pak Sumeri dan pak Yohanes bersepakat untuk berkumpul di rumah Pasir Impun pada hari Jumat yang kebetulan Jumat pertama dalam bulan. Sebagai tuan rumah, aku mempersiapkan ubarampe untuk pertemuan malam itu. Mereka bertiga sudah duduk ngobrol di lantai teras atas dan aku menyiapkan minuman kopi maupun teh. Malam itu aku agak ketinggalan karena begitu mereka bertiga kumpul, sudah ada yang mendatangi. Dalam penglihatan pak Pudjono dikatakan ada seorang wanita bernama Ibu Sawitri dari Giri Tantra. Dia berbeda dengan yang pernah datang ke rumah mengantar ibu dari Solo ke Bandung yang bernama Ibu Kunthi, yang juga dari daerah Wanagiri selatan.
Yang dapat aku tangkap pada waktu itu hanya :”Darmono, kowe aja kesusu.”
Terus untuk pak Sumeri :”Kayane durung ana rezeki sing teka maneh.”

Simbol pribadi yang disampaikan malam itu adalah, untuk pak Sumeri simbol ayam jago tetapi transparan :”Isih nganggo kawruhe dhewe, ning bisa gotong royong, jujur, kendel, apik atine. Bisa dadi pemimpin, bisa nggulawenthah anak putu.”

Simbol pak Yohanes berupa kodok ijo :”Rezekimu durung ana tangan tengen, isih tangan kiwa. Mula kudu bisa nrima.”

Simbol pak Pudjono adalah ular yang sedang ganti kulit emas, simbol lainnya walang godhong :”Pangarep-arepmu isih suwe, ora susah kesusu, ana dina ana upa.”

Simbol untukku ada suara :”Ontane dicencang, ditaleni. Yen kepengin ketemu Ibu Maria ana kidul kana (ana Tritis?) wae dhisik. Ketemu Paus Pius kang saiki lagi jumeneng ana kana (Medjugorje). Mula kudu njaga lan dipernahake gen ora kecelik sing teka. Mula kuwi aja kesusu.” (hal ini sepertinya berhubungan dengan keinginanku untuk berziarah ke Fatima, Lourdes, Medjugorje dimana Bunda Maria menampakkan diri)

Kemudian Bunda Maria hadir di depan kami di sebelah barat duduk di kursi goyang :”Lumaraba lan padha sumadiya dadi tuladhane para pendherek Gusti. Simbule Darmono saiki pace sing uwis mateng. Sesuk diundhuh kanggo nambani uwong lara.” Aku berkata bahwa di depan rumah ada buah pace dan Bunda Maria menjawab :”Uwoh pace kuwi biasane kanggo mijiki sikil. Aku ora nyebutake kanggo sapa-sapa. Sing penting kowe kabeh bisa nuladhani, bisa martakake.”

“Saiki padha tumungkula lan ciumen aku. Gen Darmono wae sing makili mencium aku.” Aku merasa bingung, gembira, bahagia, sedih bercampur menjadi satu karena tidak melihat Bunda secara kasat mata. Aku mencoba mencium kaki Bunda yang sedang duduk di kursi dan yang ada dan terjadi adalah aku menangis, merasa tidak pantas mencium kakinya yang suci. Mungkin agak lama aku menangis, dan setelah itu Bunda Maria pamitan meninggalkan kami.

Aku turun ke bawah lagi karena sedang memasak air untuk menyiapkan minum malam untuk kami berempat. Sebenarnya pak Sumeri sudah membawa kue-kue dan minuman beralkohol untuk melawan hawa dingin. Malam itu aku merasa agak hang atau tidak bisa berpikir dengan jernih.

Sesaat kemudian di penglihatan pak Pudjono sepertinya ada yang datang berwujud naga :”Aku Ki Naga Pambuka. Aku mbukak pandelenganmu, mbukak waspadamu. Pak Sumeri tak paringi mantel ijo kirmizi. Aku pambuka wicara, simbul keberanian kanggo berlaga, kanggo bicara. Aku didhawuhi Gusti mrene ngawat-awti kowe. Dadi yen kowe sesuk arep makarya, iku nganggo tenagaku, tenaga pambuka.”

“Pak Sumeri simbule sawo manila sing isine bisa diadu, tegese siap dadi prajurit
Darmono jambu ijo ning legi. Biasane diarani ora legi. Mula kuwi, dadi aja gampang-gampang menilai Darmono ora legi.
Pak Yohanes simbule gori. Wektu iki durung bisa berguna, isih atos, isih akeh pulute.
Pak Pudjono simbule jamur, supaya padha bisa menjamur, tuwuh akeh ana kanan keringe.
Simbul liyane rempeyek, tegese pisah-pisah ning siji, intine kacange mateng, glepunge dadi wadhah kang rumaket.”

Aku bertanya tentang penyakit ibu Kris isteri pak Petrus, guru sekolah SD Santo Yusup dijawab memakan perasan daun pepaya, kepala diuyeg-uyeg dijenggiti rambutnya dan mandi air hangat. Sedangkan untuk pak Mardayat kudu bisa ngemong raga.

Berbicara masalah kekurangan kami
“Pak Pudjono, kurangana turu awan, luwih becik wareg weteng ketimbang wong turu. Dongamu sawiji, aja ngambra-ambra kakehan butuh. Dosamu kuburna, tentremna pikiranmu. Kabeh permasalahan, kabeh sangkan paran gawenen entheng. Dongamu ora kena diaya, diangsa.”

“Pak Yohanes, sing penting kudu sumarah, berpikir sing lumrah. Dongane ping telu wis cukup Ora perlu thethek bengek, rezeki uwis ana.”

“Darmono, tak eling-eling apa ya? Jangkauane isih dawa isih amba, ning kudu sabar mengko rak tekan. Jarene mandhita, banjur arep apa maneh? Mentok-mentoke ana donya, apa maneh? Yen ing greja kaya uwis tumata direngkuh wong akeh. Ana kene perlune ndadekake uwong, mula perlu diomongake. Pelayanan kanggo sing percaya wae, ora perlu golek wong akeh sing dilayani. Sing perlu dadi.”

“Pak Sumeri, paribasan lagi mancik, aja koq oyak-oyak dhisik. Mengko rak nglumpukake kekuatan, kapinteran, pangucapan kang bisa dianggo mecahake keruwetan. Mengko rak isa kabeh.”

Kelahiran Tuhan Yesus
Aku tidak tahu bagaimana Tuhan Yesus datang, apakah aku sedang ke bawah atau sedang tidak sadar. Namun aku bertanya tentang kelahiran-Nya dan dijawab :”Aku lahir dina Sebtu Legi. Yen ana kana tanggal 28 Rabiulawal. Tahune telu sadurunge Masehi. Aku lahir ana bulak amba kang tanpa wates. Wektu lahir mung ana wong loro karo Bundamu, kaya bayi umur telung sasi.” Kami berpikir tentang Santo Yusup dan langsung diteruskan oleh Tuhan Yesus :”Santo Yusup kuwi genep-genepe ngaurip, geneping jalma. Santo Yusup ora nunggoni, ning kudu ana bapa. Aku kang disebut anak lola, ora bapa ora biyung.”

Hening sebentar dan diteruskan :”Aku lahir kaya bayi telung sasi, sing uwis bisa jenggelek. Deloken, rak uwis bisa plirak-plirik. Genep-genepe, bapak-Ku Yusup. Ibu-Ku wanita kang pinurba mulus. Aku lahir langsung dipangku. Aku lahir tanpa puser. Wudel-Ku ana telu, sing ana tengah ndhuwur gedhe, sing loro cilik-cilik ana ngisor. Maknane ......... (disini aku hang tidak bisa mengejar dan lupa).”

“Kena apa kowe sumelang yen nurut Aku? Sasi Masehi bisa berubah, yen etungan wulan ora. Sebtu Legi iku tegese Sebtu iku dina Sabat, Legi iku dina kapisan, dina pertama.”

..... ..... ..... (disini hilang lagi, mengapa aku tidak tahu. Apakah aku setengah mabuk?)

“Aku ora ketok, bareng Aku guneman kowe percaya.”
“Urip tetengere uripmu kang kudu koq ..... ....., kang kudu koq ugemi. Urip kudu diura-ura.”
“Sasi Maret srengenge ana tengah-tengah. Nek kowe arep ngengeti Aku, ya tanggal 3 Maret. Yen kowe arep seneng-seneng, ya neng sasi Desember. Golekana tanggal 3 Maret Sebtu Legi. Aku mijil ing bengi adi, kira-kira jam sepuluh bengi, sebab etungane dina bulan dudu nganggo Masehi.”

“Pokoke Aku mijil telu Maret jam sepuluh bengi, tanggal 3 Maret.”

“Majus iku tegese ahli nujum. Iku kang sowan ndherek Aku nyembah sepisanan, kang percaya yen Gusti uwis manjalma dadi manungsa. Sakjane dheweke ninggali tulisan , diserat mangkene “Gustiku rawuh. Dadekna kuwi sesembahanmu ..... ..... lan padha tindakna, kareben penebusan Dalem ora siya-siya.” Seratan mau diserat ana lapak, sebab perkakas kang wus cemepak ya kuwi. Ditulis saka kiwa, sing nulis jejeg.”

“Sing digawe manungsa tanggal siji wulan siji tahun siji iku diwiwiti dina Minggu.”

“Sing tak jaluk yen wiyosan dalem, kowe aja lali, sing penting tanggal 3 Maret wae.”

Kami bertanya tentang gambaran sengsara Tuhan, apakah seperti yang digambarkan oleh Vassula, santa-santa yang menerima penampakan dan dijawab :”Gambaran kuwi bener, disiksa nganti Aku ora bisa apa-apa. Paribasan ora bisa apa-apa, lungkrah kabeh, ngadeg wae susah. Awak-Ku kaya ketiban watu gedhe. Sungsum tulang-Ku padha ngilu, sekujur tubuh lara, lara temenan. Abot-abote lara kang kudu tak sangga, amarga uwis lumebu ana unen-unen :”Dadia panebusing donya, tebusane kudu wani lara.” Iki pelajaran kanggo kowe, yen nebus manungsa kudu wani lara, wani getih. Ya bener sing nemu wong akeh dudu kowe, ning dadi piandel-Ku lan piandelmu. Manungsa sing tak tebus, nanging akeh sing ora rumangsa.”

“Seda ana salib lan dicolong karo kancane. Dadi dikabarake Aku ora wungu saka seda. Dadi sing ngabarake iku ya musuhmu. Kadadeyan kang ana diplintir, diinger, kang mangka ora ana jalarane. Dadi bener Aku wungu saka seda. Yen kepengin weruh Aku seda deloken Aku. ..... ..... . Mula ana donga “Gusti wus wungu saka seda.” Aku banjur nggawa kamenangan.”

“Kersane kang kuwasa, Allah Bapa uwis tak lakoni. Kowe kari ngundhuh uwohe. Dalan padhang mesthine rak uwis koq cekel ta? Ketoke uwis. Dadi dalan padhang kang ana tanganmu kuwi dalan padhang kang bener. Ya ben wong liya ora percaya, ning anak bojomu kudu melu.”

“Sadurunge ora ana wong liya kang wani nglabuhi sing duwe dosa. Sing wani Aku. Contone : Sapa ta sing wani mbebasake Irian Barat, sing dadi bebanten ya sing padha mati. Ya wong kana ya wong kene. Sing perang dadi banten Aku, sing mulya kowe kabeh, termasuk kowe karo Darmono.”

Setelah itu kami diminta mencuci kaki Tuhan Yesus. Aku, pak Pudjono dan pak Sumeri melakukan acara cuci kaki secara simbolis dengan cara memegang kaki Tuhan Yesus. Pada giliran pak Yohanes, pak Yohanes diminta berdiri dan diberkati.

Kami bertanya tentang peristiwa Tuhan Yesus naik ke surga dan dijawab :”Gusti mekrad ana swarga, tegese Gusti bali ana asale, kahanan kang ayem tentrem. Becik kahanane, kabeh padha suka-suka, bebarengan padha munjuk atur lan memuji Gusti, sing isine :”Sembah nuwun konjuk ing Gusti amargi sampun dumugi alam kalanggengan, alam mulya salami-laminya.” Anane mung padha suka-suka lan nyanyi. Sing putri padha nyanyi Alleluya, sing putra nyanyi Gregori. Memuji Tuhan sing koq rungokake ana alam pepadhang. Alleluya iku kanggo ibu-ibu, lha yen Gregori iku kanggo bapak-bapak. Sejatine memuji “Halle-Halle” memuji Asma Gusti.”

“mekrad iku Gusti munggah, lan entek-entekane mung ketok putih, njur ilang. Yen kowe arep ndeleng, ya sesuk maneh. Yen arep weruh ya sesuk maneh yen padha ketemu.”

“Aku ngagem lengkap kaya dene ratu. Aku ngagem ubel-ubel, ya kuwi mahkota-Ku, ya kuwi mahkota asli saka kana, dudu entha-enthane manungsa. Wektu Aku berdoa kuwi wujude manungsa, mula ora nganggo ubel-ubel; jengkeng madhep mrana. Bareng muksa ora ana madhep.”

04 Maret 2006

Malam dirumah pak Sumeri, berkumpul pak Saan, pak Mardayat, pak Pudjono dan aku.
Bunda Maria bersedia hadir walaupun sebentar :”Kena apa kowe ngarep-arep aku teka? Saiki ora padha karo wingi.”

“Allah makarya uwis suwe, Aku mung kari nekakake ana Ibu Maria. Wektu kuwi Ibu Maria lagi ngangsu nganggo klenthing. Ana dhawuh mangkono : ..... ..... . Njur Ibu Maria nyahut :Yen mengkono kersane sing Kuwasa, aku amung sendika. Ning aku ya durung ngerti, mengko piye ya? Isaku ya mung saguh. Tak enteni nganti pitung sasi, bayine lahir uwis gedhe. Aku isih bingung arep tak jenengke sapa. Kudune Yehuda yen miturut asal usule. Yesus iku tegese tetengering urip, tetengering padhang; Sing sapa ndherek bakal padhang. Sing ora ndherek ora tak siya-siya.”

“Aku jejering urip kang atelu kang ana kene, kana kang makarya. Kang makarya daya inti sing panas terus dadi wewujudan. Wujude Sabda dalem.”
(Disebutkan bahwa malaikat pemomongku disebut malaikat Musafir Allah)

“Yen kowe ngilo, Setan iku awakmu sing abang. Setan kuwi manggone ana drijimu.”
“Kowe kudu bisa mbedakake Pribadi lan Rohe Yesus.”

Perihal pencobaan di padang gurun
“Coba delengen ana ngisor, rak jero banget. Yen kowe kuwat rak ora apa-apa. Ning yen kowe singunen, rak donyamu runyam. Watu dipadhakake roti tegese nafsu grahana. Watu dianggep roti terus diganyang, mula rusak kabeh. Aja nganti kowe kaya ngono mau; aja nganti kowe kalah karo nafsumu. Kowe aja seneng nguasani donya, mundhak kalap.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.