Kamis, 21 Januari 2010

Pengalaman 14 januari 2010

14 Januari 2010

Kamis malam itu aku, pak Pudjono, pak Sumeri, pak Sumadi, pak Siahaan berkumpul di rumah pak Mardayat. Aku sendiri baru pulang dari rapat mengajak pak Ichlas untuk ngobrol tentang pendirian gereja dan mencari tanah makam. Kemudian pak Ichlas pulang duluan. Yang jelas malam itu aku merasa kedinginan sekali dan merasa sakit masuk angin. Rasanya aku lebih banyak tidur bersama pak Siahaan karena menahan dingin dan sakit.

Berkisar pukul 23.00 pak Sumeri melihat simbul bunga mawar berwarna ungu masih ada daunnya. Hal tersebut diiyakan oleh pak Pudjono. Kami berdoa bersama mohon kehadiran Tuhan menemani kami yang sedang ngobrol rohani. Pak Pudjono mengatakan bahwa Tuhan Yesus berkenan menemani kami dan memberikan pengajaran.

Ajaran Tuhan Yesus malam itu antara lain :
1. Mawar wungu iku lambang Jawa kuna sing ateges kasugihan, rajabrana.
2. Berkenaan dengan perjalanan ziarah sembilan gua Bunda Maria, simbul anak domba dan tembok batu sewaktu di Cisantana Kuningan :”Tembok iku ateges ana halangan amarga lagi wiwit perjalanan. Lha yen anak domba iku dadi awal, mulabukaning ceritane lelakon.
3. Simbul grojogan banyu sing mili manduwur, yen ditutake terus bakal ketemu sumbere urip. Banyu kuwi lambang sumber kehidupan, lha yen banyu kang mili mandhuwur, kowe ya kudu ngetutake munggah, aja ngeli, mundhak kowe kesasar. Banyu kuwi among kanggo sing sowan wae
4. Babagan simbul lawang gedhe kang katutup Alkitab sing terbuka, iku maknane piwulang, pitulungan lan ganjaran uwis ana kono. Alkitab sing uwis kabuki dianggep wae yen kowe uwis nglakoni, lan saiki kari nurut munggah ben ora kesasar.
5. Simbul mawar ing bengi iki, ing sak kiwa-tengene dalan ana tancepan mawar abang. Wis, kowe mlakua terus turuten dalan kuwi. Saiki maware uwis dadi warna ungu, ateges yen lakumu rekasa ananging nyedhaki tekan. Nek uwis tekan, kuwi ayem. Jarak wiwit mawar abang tekan mawar wungu kuwi adoh banget, kang ateges kudu gelem nglampahi sengsara. Lha yen simbul mawar putih ing cedhake lilin, iku ateges yen pepadhang uwis nyata.
6. Simbul lawang gapura gedhe ukir-ukiran ana salibe, ana kono kowe nyuwun marang Gusti supaya dibukaki lawang. Terus piye carane ngetuk lawang kuwi? Gusti uwis kenal karo kowe, kowe tinggal halo-halo njaluk tulung. Gusti terus utusan kon mbukak lawang, Abraham sing arep mbukak.
7. Yang terlihat oleh pak Pudjono ketika pintu dibuka, seperti sesuatu warna halus putih roh Tuhan Yesus.:”Yen wis ketemu Gusti Yesus ya ndang cekelen, ben diuncalake menyang swarga. Ateges lawangmu uwis ketemu, peziarahanmu uwis tekan. Dadi yen dieling-eling ana mawar putih, abang lan wungu, iku tetenger kanggo kowe. Kanggo wong liya beda. Iki dalan sing cedhak.
8. Tentang Injil “mintalah maka akan diberi,” ora perlu njaluk, Gusti uwis pirsa sing kok goleki.
9. Pitakon-Ku:”Kena apa kowe nggoleki Aku?” Jawabane ana Alkitab; mula ana kene ora digambarake lawang swarga, ananging Gusti dhewe. Dudu lawang swarga sing dikunci, ananging kunci sing wis kok duweni.
10. “Banjur yen kowe menyang swarga, nyusul sapa?” Sing kok goleki ya uwong kang ditulungi Gusti.
11. ……….., cukup samene wae, kowe durung oleh ditambah, mengko kowe ndhak niteni uwong-wong sing ndherek Gusti apa ora. Sing penting lakonana dhisik, mengko kowe lak tekan. Keputusan munggah swarga utawa ngenteni lewat Aku.
12. Pak Pudjono menanyakan bahwa Bunda Maria naik ke surga bersama raganya, apakah kita diperbolehkan melihat Bunda di surga. :”Kuwi critane uwis beda, urusanmu durung rampung.”
13. Tentang doa untuk yang sudah meninggal bagi yang non katolik, dijawab :”Kowe amung nggiring lewat dalan sing kok karepake, ben bisa padha lakune sing mbok dongake lan lakumu. Donga sing tak ajarake ndhisik kuwi uwis nduduhake dalan, ananging sing mbok dongakake durung kenal tandha-tandha dalan kuwi, ananging ……., mula dongakna terus lan sebuten jenenge, titipna menyang sumbering urip, sing kasebut Sang Hyang Roh Suci.”
14. “Gusti Yesus iku uwis melekat ana atimu, lha yen Sang Hyang Roh Suci iku sebutan umum sing ora mengenal bangsa utawa dhuta.”
15. “Jane kowe kan butuh kunci iku tha? Gambaran iku ana temenan, mula kudu digugu, aja thingak-thinguk, mengko malah ucul.”
16. Pertanyaan tentang sanepa aksara Jawa:”Ka Ma Ba Tha Ra tegese ratu alam baka. Ga Da Sa Nya Ta tegese deduwekmu kang aji, kang kudu dipersembahkan nyang sing gawe urip. Iku nyawamu. Na La Pa Dha Nga Ja Wa tegese lebur ora katon cirine, ora katon ......... Dadi siji manunggal mulya. Ha Cha Ya ateges padha manunggal. Nalapadhangajawa Hachaya intine “jadilah garam dunia.”

Komunikasi rohani ini disudahi sekitar pukul 01.00 hari Jumat dan kami pulang ke rumah masing-masing setelah ditutup dengan doa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.