25 Januari 2010
Senin siang hari kami bertiga dengan pak Pudjono dan pak Sumeri pergi ke Subang. Berkisar pukul 16.30 kami sampai di gereja Subang yang begitu sepi karena masih pada istirahat. Jam 17 lebih kami bertiga berdoa rosario mendoakan saudara-saudara dan selesai berkisar pukul 18.00
Sewaktu giliran mendoakan ibu Yosxxx B, yang terlihat burung kakaktua putih menghadap ke Pieta, kepalanya mengangguk-angguk. Sewaktu hampir selesai berdoa, yang terlihat anak kecil pakai kolor hitam duduk di kursi menghadap patung keluarga kudus. Sewaktu kami tanya malah pergi. Kemudian dia datang lagi bersama orang tua yang berpakaian hitam-hitam atau kelihatan hitam tubuhnya.
Sewaktu kami tanya dia menjawab bahwa namanya mbah Suta Menggolo berasal dari Madjenang.
:”Aku dhisik sing duwe lemah kene. Bocah kuwi mau pembantuku si Ujang. Papan panggonanku ana kulon kono. Dikandhani si Ujang kon niliki kowe . Kowe rak ora butuh ngombe ta? Lha iya, aku kang nguasani daerah kene, Sedaku tahun telu, adoh sadurunge Landa ana. Ana papan kene kanggonen sinau, papan kanggo nggawe eling, papan suci, papan wening..”
Kemudian mereka berdua pergi dan meninggalkan segelas kopi di kursi. Kami istirahat dan ngobrol kesana kemari.
Berkisar pukul 19.30 terlihat seseorang di kursi roda yang didorong oleh seorang perempuan. Kemudian yang terlihat kaca mata. Setelah itu kami berdoa masing-masing. Kami tidak melihat apapun, namun kemudian terdengar suara.
:”Unekna dhisik halo-halomu.” Kemudian kami berdoa lagi mengetuk pintu hati-Nya.
:”Aku diundang kudu nganggo bacaan.” Kemudian pak Sumeri membuka Alkitab Tesalonika 3 dan dibaca.
Yang terlihat seperti ada pemotongan pita, walaupun siapa yang memotong tidak kelihatan. Terlihat seperti ada lonceng kecil.
“Rungokna Gusti uwis tedhak.” Namun kami belum melihat apa-apa. :”Tedhak marani kowe.” Kami mengucap syukur dan terima kasih.
Terlihat bunga mawar putih dua kuntum seperti di gang suatu taman.
:”Mawar kiwa lan tengen cekelen kanggo persembahan.” Kami berdoa lagi mempersembahkan mawar yang tidak kelihatan.
:”Mawar wis tak tampa, saiki matura apa.”
:”Simbah endi sing kok tukoke mbako?” Pertanyaan ini ditujukan kepada pak Pudjono dan ada suara :” Wis aturmu wis bener, ganti mburimu.”
Untuk pak Sumeri :”Ambala kaping telu panyuwunmu.” Yang kelihatan lombok merah besar. :”Mesthine kanggo sing kok suwunake. Ya namung disambel. Sing lanang diuyahi kuwi wis apik. Kari nunggu wektu.”
Pak Sumeri bertanya tentang niatnya menolong orang lain dan dijawab :”Ya, ming kari mangkat tetulung.”
Untuk pak Pudjono :”Ora perlu cespleng-cespleng, sing perlu kowe manut marang Gusti.”
:”Kanggo Wira ora perlu susah, mengko rak gelem.”
:”Katekismus kuwi ajaran kang baku, kang angel ditampa kanthi lokho-lokho (?). Mulane mung kanggo kang cepeng pimpinan wae, kang cepeng padupan. “
:”Anak domba kuwi tegese Gusti rawuh kanthi prana, kanthi kasubya-subya, kanthi kaelu-elu. Mula banjur digendhong, dibopong, dieman-eman, dikudang-kudang kanthi seneng. Wis ngono wae cekake.”
“Lilin menyala kuwi tegese Gusti wus makarya, wis padhang, wus dumunung ana ati, wus ngreksa umat. Mulakna ndhisik kae lilinmu tak kon ngurubke ben ketularan madhangi, ben ketularan ben kajibahan mulang. Kajibahan paring weruh. Weruh pepadhang.”
Tentang jalan kebenaran dan hidup.
:”Tegese dalanmu kudu lewat Aku, lewat Gusti piyambak. Lewat dalan padhang kang tak paringke sing dumunung ana ajaran-Ku. Cekake kowe melua Aku, dalan padhang wis ana, mung kari tut wuri, dalane ora lunyu, ora rumpil, ora nguwatirke. Mula ndhereka.”
“Tegese dudu kehidupan duniawi ananging kehidupan rohani utawa surgawi. Surgamu saka Aku, kagungane Bapa diparingke Aku njur tak paringke sing ndherek. Dadi tegese ana kene urip langgeng. Mengko ndhak ora tekan yen ora karo Aku. Urip sejati kuwi urip langgeng. Urip kahanan sekeca ana kana. Tirakatmu tak tampa.”
:”Kebenaran kuwi tegese angel. Kebenaran kuwi luput saka pacoben, luput saka panggodha. Luput saka pasiksa. Jenenge mulus. Luput saka kamurkan Dalem, deduka Gusti. “
:”Api pencucian kuwi panggonan, dununge wong reged, wong kotor, wong njarag nerak. Gampangane kuwi panggonane wong ala.”
Bagaimana dengan kami-kami ini Gusti?
:”Jawabane ora ana, sing penting usahaa becik.”
:”Neraka kuwi kekal, api pencucian kuwi bisa diusahakke, didongakke, disuwunake. Sing ndongakake sing ngerti marang Gusti. Gampange jalukna marang Gustimu, sokur nek isih urip perlu dibaptis. Yen wis ora ana sebutna jenenge, duduhna dalane ing panjer, arahe Gusti kang paring padhang. Mula aja sok sembrana yen ndongakne wong mati. Aja gampang-gampang nyuwunke ngapura lan ngucap, ndhak muspra. Mundhak ora kalilan. Ya wis ngono kuwi. Tegese, nggonmu dongakake ora oleh nggampangke, kudu yekti.”
Bagaimana dengan yang aku lakukan sewaktu ikut perjamuan kudus mendoakan orang tua? “Kuwi bener, we banget. Malah tak kudokke. Sing penting suwuna, Gusti kang paring penentu. Gusti ora perlu nggoleki, Gusti wis ngerti sing kok suwunke.”
“Karepe menungsa arep milah-milah, kuwi sedulur kuwi dudu, Sejatine ora mangkono. Ajarane Gusti ora oleh mbedak-mbedakke. Kaya kowe nyuwunke awak dhewe. Kuwi padha wae kuwi jenenge ora lila.”
Bagaimana kalau masuk neraka? :”Sing penting dongakna, isine tetulung. Dongamu kuwi bisa ngurangi, ngentheng-enthengake, nyuda siksa. Pokoke kowe menenga wae, neraka kuwi ora ana kanggo kowe. Aran neraka kuwi aran cilaka kang ora bisa ditulung.”
Setelah mati ada kehidupan apa saja?
:”Sepisan api abadi, kaping loro api suci. Kaping telu urip sejati alias langgeng. Urip sejati kuwi papan pangentosan, panggonane para suci kang dirawuhi Gusti. Banjur mulya langgeng ndherek gusti, gampangane kasuwargan. Nek wis tekan kono bar. Kaping sekawan mulya langgeng. “
Sukma gentayangan itu apa?
:” Kuwi api suci wae durung. Durung dikapak-kapakake.” Kiamat itu apa? :”Kiamat kuwi tegese salah kiblat. Kiamat kuwi kadurhakan, pasiksan. Jenenge salah jeneng. Kiamat kuwi tegese tangine wong urip saka pasiksan. Mengerikan. Cekake kiamat kuwi ajur mumur. Kuwi mung pangentha-entha. Tegese ya mung mak lap tapa aran, tanpa bekas. Wis ngono dhisik mengko ndhak kesel.”
Tuhan membentangkan tangan :”Kuwi Gusti manjalma padha karo kowe. Gusti nekani wong kang bener.”
Alam penantian? :”Nunggu panggilan munggah swarga. Nunggu diwisuda. Cekake nunggu Gusti rawuh njur kowe ndherek. “
Roh gentayangan ngganggu :”Kuwi jenenge selip, ora tekan, kleru kang dituju. Lha ndhisik melu sapa, Aku ora ngerti. Ki Suta kuwi oncate ora bener, isih nglambrang. Kenapa dheweke ora nembung kowe kon ndongakke? Dheweke isih seneng ana kono, ora usah didongakke wae. “
:”Pak Sxxxx isih ana kana. Susah Aku njawabe mengko ndhak kok oyak. Becike lilakna wae.”
Bagaimana supaya bisa hidup mulya? :”Air baptisan kuwi nyuwargake kowe, mula kudu yakin. Olehmu nggoleki Gusti wis pener, njur apa maneh? Bedane ana rasa ati suci. Sing atine bener, luwih bersih, suci, dhisik munggah swarga. Ukurane ana ing Gusti piyambak. Tegese dudu kowe kang menilai, dudu kowe kang ngarani. Dudu kowe sing mbandhing-mbandhingke. Aja dumeh kowe bisa lan ngerti banjur mbandingke, banjur mbiji kurang leres.”
:”Ati suci resik kuwi tegese ora kena ngilani uwong. Cara kasarane mengkono, ning aja kok ucapke. Yen kok ucapke tegese padudon. Nek ngilani kuwi ana ati. Ilangana kaya mengkono kuwi. Biasane uwong kuwi ora ngerti kelemahane dhewe, ora ngerti bedhekane. Mula malah kedaden neng awake dhewe.”
Sekarang terlihat lilin (21.12) :”Tegese Gusti paring padhang. Ajaran kuwi mau yen mlebu neng kowe, tegese padhang. Mula ana kene Gusti arupi lilin. Gusti manjing. Wis Gusti wis mlebu ana awakmu. Mrindingmu wis ora ana. Liline wis ilang.”
Dja dan Edi :”Pokoke kudu kok dongakake terus nganti mari, kudu kok jampeni. Ana kene ora ana kodrat, ning mung bocah keset, bocah nakal. Akhire keturutan rekasa dhewe.”
Kami beristirahat sejenak.
Pada sekitar 22.15 terlihat ada suksma mengaku bernama ibu Tantri Suwita dari Purwadadi, Ngijon, Klepu kidul Sendangsana. Kami mendoakan dia semoga diampuni segala dosanya dan diterima berkumpul dengan para suci. Setelah kami selesai berdoa, sepertinya dia menyembah atau berterima kasih dan hilang.
22.30 :”Taman Zaitun kuwi tempat bertemunya manusia dengan Tuhan. Panggonan ingkang resik, becik, mbejaji kang dikabulke dongane. Papan Getsemani papan pertemuan Gusti Yesus kang Roh dimateng Ingkang Rama. Papan pisowanan.”
“Papan kene diwastani papan kadang kepranan. Tegese sedulur kang teka dirawuhi, diparengake linggih celak Gusti, durung jumeneng Roh. Papan pisowanan urip. Diarani taman lelana. “
:”Gunung Tabor kuwi Gusti dimulyakake secara manusia, secara kadonyan. Dadi ratuning jagad. Nabi Elia kuwi nabi pinilih sing tuwa kang ngerti ngejawantah Gusti lan nampa prentahe. Nabi Musa kuwi pemimpin sejati kang urip, bareng karo lakune umat. Tindak dhateng tanah kamardikan. Elia kuwi luwih suci ketimbang Musa, mula bisa ngejawantah. Ngejawantah kuwi roh kang tedhak, roh kang turun.”
Mengapa Tuhan Yesus milih tedhak wonten Yahudi? :“Pangerten kuwi angel dimengerti. Hyang Roh Suci tedhak ana kana kuwi kersaning Allah.”
:”Pengertian penampakan kuwi kepiye? Penampakan kuwi ora ana. Sing ana, kowe bisa nyethakake, mujudake, ngeblatake, Bunda Maria ketok. Ana penampakan kuwi ana gambaran nyata, ana wujud nyata, kowe ora isa. Dalane dhewe-dhewe, isane dhewe-dhewe. Kowe cukup krungu, wis becik. Ora kudu butuh kang nyata.”
:”Elia kuwi roh Gamaliel (?) Roh wiji sejati, roh slamet, roh gayatri, roh mulus. Roh jajaran kamulyan.. Satrio piningit ingkang turun, satrio kang cinipta. Pinilih kuwi jajaran. Pinilih kuwi ngemu teges undhangan. Piningit ngemu teges kamurcan. Gampangane pinilih kuwi menungsa, piningit kuwi suksma. Piningit kuwi Roh kang kaagem dening Allah, yen pinilih kuwi wewujudan badan sepata.”
“Gusti rawuh ana awakmu kuwi tegese kepiye? Kawruhe Gusti nempel ana awakmu. Dadi papan palenggahane Gusti. Dadi ora kudu Gusti katon. Kandhane kowe bisa ngerti karepe Gusti, bisa njlentrehake wedharan Dalem, bisa nglaksanakake karsa Dalem, bisa ngyakinake Tyas Dalem. Gusti midhanget, ya ming Gusti migati.”
“Gusti rawuh ana blegere, kuwi tedhak. Gusti ketok ana ngarepanmu. Lha Gusti rawuh kuwi bisa firman, bisa sabda, bisa pepadhang, bisa pakaryan, bisa berkat. Ana kono kuwi Gusti rawuh arupi sabda. Firman kuwi ajaran Roh, lha yen sabda kuwi ucapan. Wawan rembag iku termasuk ajaran.”
Tuhan kami ingin mendengar dan Engkau bersabda :”Dadia kowe sak-emper karo Aku. Kuwi sabda amarga langsung. Ning yen kowe krungu Gusti ngendika, kowe supaya sak-emper karo Gusti awujud wejangan, awujud dhawuh, awujud unen-unen, awujud tetembungan, kuwi jenenge wewarah, tegese firman.”
DSA :”Kuwi tetep sabda sanajan kedadeyan lami.”
Tentang Ibu ini anakmu dst :”Ana kono ora ana sing ngedhab-edhabi, dadi disebut firman. Nek kuwi wewarah kanggo kowe, ben kowe krungu, ben kowe ngerti, arupi ajaran, kasebut firman. Ananging yen Gusti ngendika langsung karo durjana mau, ngemu teges sabda Dalem.”
:”Muliha, sedulurmu wis mari. Kuwi sabda. Aku Gusti Allahmu, aja nyembah brahala mung nyembaha marang Aku wae. Ana kene ngemu arti loro.”
Imanmu menyelamatkan firman
Kamu orang beriman sabda
Ikutlah Aku, imanmu menyelamatkan sabda
Berkisar tengah malam kami beristirahat kembali.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.