Jumat, 29 Januari 2010

Pengalaman 29 Januari 2010

29 Januari 2010

Malam ini pak Mardayat, pak Sumeri, pak Pudjono, pak Wahyanto, dan pak Siahaan berkumpul di rumahku di Pasirimpun. Berkisar pukul 19.30 kami berdoa makan malam. Yang terlihat pak Pudjono, Tuhan Yesus sepertinya berdiri di atas kota Bandung di arah barat daya. Tangan-Nya terbuka ke bawah melayang-layang. Apakah itu di Bandung atau lebih ke barat lagi kami tidak tahu..

Jam 20.00 yang terlihat sepertinya bola dunia :”Pisungsungmu tak tampa..” Roh Kudus ada ditengah-tengah kami, dan kami berdoa Gusti manjinga wonten badan kawula sedaya, supados dados kekiyatan kawula. Suara yang terdengar :”Yakuwi ujarmu sing arep nyembahyangke ki Nusa indah.. Wis ya, saiki simbule tak ganti..” Kemudian terlihat simbul cakar ayam berwarna kuning.

:”Ceker kuwi tegese suku. Suku kanggo mlaku, kanggo golek mangan.”

Kemudian terlihat simbul jago ayam jantan seperti mau berkelahi, padahal keduanya di sangkar masing-masing. Menika simbul menapa Gusti? :”Sing pada padudon padha remuk, padha mlaku dhewe-dhewe karo ndhungkluk. Padha menyerah karo penguasa baru. Tegese ana uwong anyar maneh sing ditunjuk karo pimpinan. Jenenge nganggo D. Jawa Barat ngalahake Jawa Timur. Yakuwi pemimpinmu sing anyar. Wis ya tak tutup ya. Ganti sing liya.”

:”Jxxxx Ixxxx bakal dikubur. Sing ngubur ana wong papat. Tahun iki tahun kamulyan Dalem. Sing nyuwun saben bengi wis keturutan, wis diparengake. Paribasan kethoprake wis bubar, dhagelane ora ana. Babak baru wis teka. Pemimpin baru, pemimpin anyar. Wis kecekel wis didadekake akon-akon.”

Terlihat ada orang bersila. :” Aku Rama Danubrata saka Giri Dahana. Arep nyedhaki kowe, arep krungu padha dongeng apa. Ya terusa, tak jaga. Kowe mbukaka Alkitab aku tak krungu.”

Pak Wahyanta membaca Alkitab dari Nehemia 13:1-3.
:”Wong Moab kuwi wong umuk sing ana dalan. Kowe ora oleh mengkono, ndhak didukani Gusti. Kowe mbuh ana ngomah mbuh ana dalan kedah paring weruh tumrap wong kang lewat, kang nyuwun. Intine neng dalan aja nglanggar aturan. Aturan apa wae, sing marakake wong liya cilaka, sing marakake wong liya tumpes. Ndhak kowe kena dhewe. Lha wong Moab kuwi senenge ngono kuwi. Mula banjur ditundhung. Wektu aku lagi sedhih malah ditendhangi. Mula tak tundhung.
Amon kuwi tegese rejeb. Tegese yen peparing grundhelan. Mula bareng wis tekan tanah perdikan genti dipoyoki, diisin-isin, njur disingkirke (lunga-lunga kana). Sejatine isih ana bangsa siji maneh bangsa Urim (?), bangsa kang kurang simpati. Mula yen ana kasangsaran, malah ndongeng dhewe, sibuk dhewe. Acuh karo wong sing butuh bantuan ana perjalanan. Ananging bangsa iki luwih apik ketimbang sing loro mau. Becike isih rada netral. Uwong kuwi umume ana Turki sakpengalor, bangsa pinggiran. Uwong kuwi kari manu, sing menang, banjur melu. Bangsa Urim kuwi bangsa sing sabar ora gelem nguya-uya umat Allah. Wis ngertiku ming semono. Sing penting perjalanan Israel wis slamet, wis tekan. Ananging nabi Musa mandheg, bangsa Israel terus. Sampun. Sing penting umatku wis tekan.”

“Aku aja kok padhakake kaya dewa sing tunggu gunung. Aku didhawuhi Gusti. Mengko ndhak kesuwen olehe nggonmu sing ngenteni. Saiki mbukaka bacaan maneh, mengko tak wiridi.”

Bacaan dari Daniel 11:21-25. :”Raja-raja kuwi turunan bangsa Enos (?), Bangsa Amori Enos, bangsa kucing garong, bangsa memolo, bangsa grayak. Wonge gedhe dhuwur rosa-rosa, awake ana wulune. Kaya uwong nganggo dandan, ananging sejatine ngliga. Wis semono wae. Ya bener yen bisa ngalahake bangsa selatan, dheweke menang gedhe dhuwur tur kulina perang.. Lha kuwi nganti nguasani hutan Turki, berkuasa tekan saiki. Anak turune membaur ana kono. Jajahane nganti Timur Tengah kidul.. Turunane Suaeb (?) Sing ana Turki turunane Binaho (?). Sing penting ana Kanaan ora ana, wis kliwat.”

Kami bertanya macam-macam dan dijawab.

“Untuk mengalahkan kejahatan dongane Wa la I hu I mu Allah Hu (?). Tegese doa panjang sabar. Iku setara karo Gloria in Hu. Ya wis ngono kuwi dibolan-baleni terus.”

“Hwau in Hu, tegese memuji Allah secara pribadhi, perseorangan.”

Jika untuk menolong orang, mensurgakan orang bagaimana doanya? :”Aku cepakana banyu putih dhisik. Wis dha dumen. (kami minum bersama dari satu gelas) Dongane : Dadia kersaningsun ing awakku, mari-mari-mari, pulih kaya wingi-wingi. Sing cekak meneh dongane : Dadia kersaningsung kaya ciptaningsun. Mari-mari-mari.”

Sebenaranya Ki Giri Dahana itu siapa? :”Wis ngono wae, aja dibingungke.”

Bagaimana sikap kita kepada Tuhan Yesus? :“Yen kowe becike nyedhak mara nyembah Gusti, ora oleh ndemok, Sanajan mung bayangan wae. Bedo Yen Gusti rawuh, blegere ana. Kuwi ora apa-apa. Paribasani yen Gusti ana salib, kuwi ngemu teges yen Allah kuwi Juru Selamat kang rawuh, kang manjing, Juru Selamat kang mapan.”

:”Gusti bermahkota duri kuwi tegese Gusti nyandhang kasangsaran komplit kang dimuntahake ana astaka, mustaka. Ya ana kono kuwi puncak kasangsaran. Kowe ora oleh nyentuh, ora oleh ngilangi (durinya). Yen kowe kerawuhan Gusti ngagem mahkota duri kuwi, mung nyuwuna slamet sesarengan kaliyan Gusti. Umume keluargamu lagi ana perkara duniawi. Dongane : Gusti mugi kawula icalana saking bebaya pati. Mboten namung kula ananging anak bojo ugi.”

Kok waktu itu terlihat Gusti bermahkota duri di samping rumah pak Pudjono yang kotor dan sepi? :“Tegese Guti Yesus dipannggonake papan kang elek karo menungsa. Sebab kudu cocok karo kahanane. Nek Gusti rawuh ngagem mahkota duri ana papan resik, papan mulya, ndhak malah maido.”

Jika Tuhan Yesus rawuh namun kepalanya seperti tawon endhas? :”Tegese Gusti Yesus wus sadhar. Mbenerake wong kang salah-salah. Cekake ngampuni. Ora apa-apa Aku dikuya-kuya.. Yen kowe ketekan Gusti kaya mangkono kuwi, masalahmu, kesulitanmu wis arep sirna. Mung mundura, masalahmu wis beres. Wis tekan, beres.“

Isteri mimpi bapakku datang :”Wira arep kawin, aku niliki.”

Mimpi kedatangan para leluhur :”Mbah kakung kakehan pangentha-entha..”

Simbul Durpa malam ini? : Buah rambutan seikat, gitar banyak seikat. Sepatu dikumpulkan digandeng dan diikat di tumitnya. Bantal putih besar sekali dipakai untuk tidur bersama-sama. Kemudian Alkitab dibuka.

Pak Mardayat ingin belajar mendengarkan dhawuh. :”Aku tak omong rungakna.” Yang terdengar oleh pak Pudjono :”Ora ndhisik.”

Simbul pak Mardayat malam ini : orang membatik kainnya panjang sekali. :”Mbabar anyar akeh.”

Simbul pak Siahaan : Orang bersalaman terus dibawa ke bawah. :”Saya akur saya akrab. Saya nyawiji.”

Simbulku : Tangan menengadah dipakai cuci muka. :”apa ya sing cocok? Dha digoleki ben waras, ben nalar, ben gamblang. Padha tegese.”

Simbul pak Pudjono : Seperti piala dikupingnya ada benang banyak. :”Oleh kenang-kenangan.”

Simbul pak Sumeri : Blarak garing jatuh. :”Wis tiba ora kanggo.” Simbul lainnya kayu bakar sak bongkok.

Simbul pak Wahyanto : Bertemu terus peluk-pelukan. Kendhang besar . :”Gampang anggone nglayani. Gampang anggone dhawuh, dirungokke ora pati brebeg. Ya, genepe mung ngono kuwi.”

Kami beristirahat lagi untuk sesaat, kemudian kami bertanya-tanya mengapa Gusti kok tidak datang. Suara yang terdengar :”Disitu Aku ada.” Ada simbul kunci kuning di gantungan. :”Kunci wis tak pasrahake, bisa mbukak kori dhewe, diparengake lumebu, sowan padaleman suci.”

Bedanya dengan kunci Petrus? :”Bedane kuwi kunci kanggo kowe dhewe-dhewe, sewaktu-waktu butuh, sewaktu-waktu ndherek pasamuan, ndherek bebingah, ngaturaken pisungsung.. Tegese dianggep anak dhewe. Mula kuncine tak paringke. Ateges bebas mlebu metu, bebas bicara, bebas nuladhani. Bebas ngrenggani, mapan, manggon.”

Terlihat seseorang seperti boneka pakai jambul, gigi besar dan perot mulutnya. Namanya Ki Suduk Brahala. Pak Pudjono minta tolong untuk si Aris. :”Ya sesuk tak golekane.” Kemudian baru diketahui bahwa ki Suduk Brahala berbentuk keris

Berkisar jam 22.00 mereka berdua mengundurkan diri tidak kelihatan.
Kemudian ada simbul seperti kuncup mahkota bunga kapas masih hijau, jumlahnya enam. Suara yang terdengar:”Buah mimpi sejati. Mimpi-mimpimu bisa diwartake, bisa ditularke, bisa dikaryake. Tegese berbuah. sanajana durung mateng, sanajana isih ijo, nanging wis kanggo. Tegese ana kene panyuwunan utawa cita-cita, nggadhahi penggayuh. “

Bedanya dengan simbul pisang :”Simbul pisang tegese tetedhan, sing sifate yen ngenehi siji-siji. Buah kapas ana kene ngemu teges bersatu, dirangkum, diunting, didadekake bahan kang bisa murakabi, bisa migunani. Dadi lembaran kang aji. Kang bisa ditulisi pesan, ditulisi angger-angger, ditulisi wejangan. Sifate ora usah siji-siji, bebarengan bisa maca, bisa diwedharake wong akeh bebarengan.”

Kemudian kami bertanya perbedaan dan arti sewaktu membuat tanda salib dengan kata-kata dalam nama Bapa ......., atas nama Bapa ....., demi nama Bapa ......

Dalam nama ……. Tegese kowe ora pisah karo Gusti. Kowe ana ing sinaring, cahyaning.

Atas nama ……. . Tegese alot dipisahke, Gusti rumaket nemplek kaya dadi aji-aji. Keampuhan, keangkuhan, kadigdayan. Ana kono mengku teges ampuh kaya Gusti, elok. Majas, mujarab

Demi nama ….. . Tegese lumantar karya Dalem tetiga ingkang sumedi wonten badan kawula.

“Sing paling bener sing paling tuwa. Aku ora ndhawuhke sing loro lan sing telu. Sing atas nama … nggo nekak uwong. Sing demi nggo ngurabi, nggo ngresiki. Ming intine kanggo sing becik ara kaya atas nama …..”

Setelah istirahat sejenak, terlihat simbul pohon pakis :”Simbul kanggo urubing iman. Mundhake dhuwur angel, mung mligi, mung sak pancer, mula ora digambarake uwit kang bercabang. Dadi iman kuwi kudu mung siji ora kena mangro, malah ora tumbuh. Nek loro jenenge nyulayani. Kuwi jenenge nggorohi awake dhewe. Entek-entekane selak. Aja kok tindakake.”

Kemudian terlihat simbul as roda depan seperti delman. :”Tegese kowe dadi penjuru, dadi panutan. Lakumu neng ngarep. Nek mburi ngono ming kari manut. Mula sing ngati-ati. Dadi pengarep, dadi pengajeng. Aja nganti uwal saka dhawuhing Gusti, wedharan Dalem, ndhak malah digeguyu sing ngikuti, sing tut wuri. Ya uwis.”

:”Nek kusire kuwi Ramamu, Bapakmu. Kang kok ngengeri. Jaran digambarake tenaga ana awakmu. Sumbering urip ana Roh Kudus, kekuatan Asma Dalem kang dirukunake karo pikiran lan jiwamu, lumampah sesarengan. Nggayuh kamulyan, urip langgeng.”

Roda masih kelihatan dan pak Pudjono bertanya mengapa bukan sapi atau onta. :”Kuda kuwi tegese sembada, ora bakal ninggalake palagan, ora bakal ninggalake sing numpak. Ngerti marang juragan, ngerti marang ndara. Sapi lembu kuwi umume mung simbul korban sembelihan, mung simbul nggo wareg-wareg weteng. Ora isa diajak kanggo golek kamukten. Cekake barang murah tumrap Gusti.. Ya uwis, gampange mengkono.”

:”Onta kuwi gambaran kewan tukang ngamuk. Kewan sing ora beres yen ora ditarik terus. Mbok uwis, kuwi diilangi wae. Wong ora klebu neng unen-unen we..”

Aku bertanya tentang isi kitab Wahyu :’Kitab wahyu, kitab perjanjian sing tuwa, perjanjian antarane manusia karo Tuhan. Kitab Wahyu kuwi bebakale manungsa nampa sabda. Kaya jaman menungsa durung ngerti aksara, durung ngerti uger-uger. Mula diujudake gambar, tandha paningal, tandha pacoben, tandha kamurkan kang lagi bisa ditampa wektu iku.”

Contohnya? :”Air bah, angin bledhek nyamber-nyamber, suara gemuruh, rasa ketir-ketir nganti kaya arep mati. Ya isane lagi ngono kuwi. Dadi yen didangu durung bisa nangkep. Durung waspada”

Bagaimana dengan perang St Mikhael dengan ular tua? :”Santo Mikhael kuwi gambaran uwong becik resik secara umum, kalawan kamurkan, nafsu, brangasan. Nagane ora ana, ora dadi. Sing dadi naga uwong sing ora manut, sing uwong benci, sing uwong duwe sugesti utawa nganggo sugesti melawan Tuhan, kuwi ora apa-apa.”

Jika gambaran zaman sekarang? :”Gambarane kowe mbuwang hosti terus kok idak-idak. Neng kono luwih jelas antarane menungsa kang nglawan Sabda. Zaman saiki critane mengkono. Nek ndhisik gambarane ya kang nggegirisi.”

Duduk di sebelah kanan Allah Bapa? :”Sejatine tegese dadi siji ki. Njur dadi sak wewujudan, sak penguaos, sak kamulyan, sak singsetan, sak templekan. Dadi ora dhudhuk ana satengening Allah, ananging jejer dadi Allah. Istilahe manunggal amor. Manunggal greget. Kari anggonmu nggoleki. Yen nggoleki Allah yakuwi; yen nggoleki Gusti Yesus ya ana kono. Sing jumeneng Roh Kudus yakuwi. Sing jumeneng penguaos alam baka, penguaos kaswargan, penguaos hening. Ya telu-teluning atunggal. Ya mung siji kuwi, kari olehmu ndelok saka ngendi.”

:”Aku tak takon, yen kowe kerawuhan Gusti Yesus, kuwi sapa? Yen kowe takon, sing kok takoni sapa? Kabeh kuwi uwonge padha.”

Duduk di sebelah kanan maksudnya?:”Nggambarake yen Gusti wis tekan swarga.”

24 orang tua-tua menghadap di surga? :”Uwong kang dhisik dhewe diperengake ndherek Gusti, banjur kaangkat menyang swarga. Banjur piyambake pikantuk wewenang nulungi tiyang ingkang madosi Gusti, ateges dadi perantara, ateges dadi gandhulane wong akeh kang badhe ndherek Gusti. Mulane kowe tau weruh (terlihat slendhang sak ombyok dan orangnya seperti ngambang berpegangan seperti terbang, seperti yang pernah terlihat sebelumnya).”

:”Nek 12 suku mesthine disebutke jenenge, sing ngepalani. Ana kono rak ora disebut jenenge. Kena apa ora kudu satus, mung rolas? Nek satus ndhak dianggep yen munggah swarga kuwi gampang, dianggep pinilih.”

Berkisar jam 12.30 pak Wahyanto pamitan pulang karena pagi-pagi mengantar anak.

Jam 01.00 yang terlihat simbul tumpukan jarik batik berjumlah lima buah. Hal ini kelihatannya berkaitan dengan kami berlima. Simbul lainnya ada tumpukan tegel lima buah. :”Tegese pasangan, ora kena dhewe-dhewe.”

Kemudian kami istirahat karena pak Pudjono kecapaian berkonsentrasi mendengarkan. Kami ngobrol membahas wejangan yang kami terima. Obrolan berlanjut sampai pagi, dan pak Sumeri memasak singkong pakai gula untuk sarapan. Berkisar pukul 06.00 mereka semua pamitan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.