Kamis, 04 November 2010

Pengalaman 1 November 2010

1 November 2010

Siang itu pak Sumeri memberi kabar akan ke rumah pak Pudjono yang akan pulang ke Yogyakarta sorenya. Aku menyusul dengan membawa tiga bungkus nasi Padang. Kelihatannya mereka berdua sedang berkomunikasi rohani dengan Bapa Paningal.

Berkisar pukul 13.00 ada simbul lilin besar menyala. Kemudian pak Sumeri bercerita tentang situs blog Murtadin yang agak mengagetkan. Maka saya bertanya apakah betul wahyu yg diterima Xxxxxx seperti itu. Suara yang terdengar :”Bathangen dhewe. Kuwi saka Gusti apa saka sapa?”

Kami berkomentar macam-macam, kemudian suara yang terdengar :” Kuwi turunane ular beludag.”

Aku agak heran sewaktu pindah duduk di lantai, aku hang ... tertidur cukup lama. Memang badan sedang capai, kurang tidur selama beberapa hari.

Jam 15.00 ada simbul gambar wayang raksasa besar sekali dan kelihatan dekat :”Dhanyange bumi metu.” Tidak ada terusannya.

Kami bertanya tentang orang yang baru saja meninggal, apakah tidak semua bisa menembus batas ruang dan waktu termasuk bahasa; seperti kami mendoakan orang yang berbeda agama, atau beda bahasa.
:”Wong kuwi durung bisa nampa donga kabeh. Sing digawa mung donga asline. Sing tak karepake, kuwi donga sing dingerteni wiwit cilik. Yen wong Kong Hu Chu didongakake nganggo cara KongHuChu. Wektu kuwi ya durung jumbuh. Kuwi etungane ora nganggo wektu, ning nganggo rasa..”

:”Nasibe padha. Umume wong Katolik iku wong pengertian. Sing dingerteni ya dongane dhewe. Didongakake sapa wae oleh ning ……. (hilang).”
:”Alang ujure kuwi ana cangkemku, dudu cangkeme sing donga. Mula kowe aja bimbang, ora usah sumelang. Bapa di surga wis pirsa. Air baptisan lan Komuni kuwi manjur, nylametake nyawa..”

:”Biasane yen wis mendekati 700-800 dina sakuwise mati, lagi bisa bahasa roh, bisa macem-macem, nampa pandongane wong akeh.”

Bagaimana jika untuk orang abangan?
:”Wong kang mangkono kuwi sing dideleng, sing dirakut dongane anakke utawa sedulure, sing dianggep bisa nulungi lampahe. Sebab kuwi dianggep sarana langgeng.”

:”Nek mbok Tasmini sing disenengi, sing diugemi, sing digelemi suarane pak Sumeri. Biasane cukup manthuk..”

Bagaimana doa yang terkena musibah bencana?
:”Sing dianggo tetep dongane sedulure, sebab kuwi sing dianggep jiarah. Gampangane dongamu mung ndandani. Tegese mung kabecikan, ikut bela sungkawa, ora ngrungkebi. Sing ngrungkebi sing jiarah. ……. Saat kuwi dongamu ora kanggo, sing kanggo sing masrahake.”

Apakah betul orang Kristen tempatnya di Api penyusian dan surga (maksudnya tidak akan ke neraka)?
:”Neraka ana, api penyucian ana, swarga ana. Pokoke neraka tetep ana, pacoben ana, swarga ana. Neraka, pacoben, swaga kuwi rak arahan papan panggonan sak-uwise mati. Gumantung pakaryane duk semana. Wektu urip.”

Mengapa Diana tidak bisa berkomunikasi rohani dengan mbah Baud?
:”Cekelane Diana kurang dhuwur, kurang transparan ing ati, kurang putih ana ati. Dadi kurang mau menerima,, ora gelem nampa sak kabehe, isih nganggo rasa. Gampangane ora gelem nampa, malah mbedhedheg atine..”

Bagaimana dengan model doa arwah sampai 1000 (seribu) hari?
:”Nek wong nyewu kuwi tegese kanggo ndongakake keri dhewe, dianggep sewu dina wis cukup membantu, menolong, nyengkuyung, age-age gesang langgeng, sing dimaksud slamet. Umume mung tekan sewu dina. Kuwi urusane menungsa, karepe sing isih urip. Sing ana kana, sing wus seda gumantung gandhulane sapa, ndherek sapa. Mbuh swarga, mbuh ….., apa swarga apa dahana mulat, “?”

Bagaimana dengan mendoakan setiap saat atau setiap tahun?
:”Ubarampe apa sing kok tumindakake kanthi prasaja, kanthi legawa kanggo swargi bapa biyung, mbuh wis pirang tahun kapundhut Gusti, cekak atine kang kok kirim donga, kang kok suwunke ngapura, mesthi ___ bakal manggih begja.”

Sebenarnya bagaimana dengan model seperti mbah Baud?
:”Papan Pangentosan dudu, Palerenan dudu, kelanggengan dudu. Ndherek sapa, Gustimu ora ngerti. Urip neng kono dhewe ya ora pirsa. Ya kuwi, gandhulane urip ndherek sapa.”

Apakah bisa didoakan?
:”Aja-aja neng omahmu dhewe ana sing tunggu. Nek ora njaluk, ora nemoni, ora mepet awakmu, ora perlu, ora usah.”

Terus namanya apa, Tuhannya siapa?
:”Sukma Dora Dahana ora ana. Panglipur Jiwa ora ana, pasiksan ora ana. Sangkal suwita ing Gusti ora ana. Wong kaya ngono kuwi waton tumindak leres, ora ana siksa. Jaman kuwi dianggep jaman „mbuh ora weruh” sing penting tumindake becik; Agemane ya ora ngerti, Gusti ana ngendi ya ora ngerti.”

:”Aja nyalahake Gusti Yesus. Nemoni kowe wae ora.. Kudune ngongkon kowe dhisik, wong sing isih urip. Banjur kok tuduhake dalane, kok suwunake. Boro-boro gelem, wong ana kana kepenak. Ora awan ora bengi, ora adhem ora panas.”

:”Mengko nek Kiamat, kabeh dikumpulake, sukmane ben ndhene, ben ngadhep dhewe, ben ngomong dhewe. Ya dalane ora nganggo dalan agama. Dalane dalan kanugrahan, dalane dalan welas asih. Jenenge Dalan Kendel Sepata. Tegese wis bubar, urusane tanpa syarat..”

Bagaimana yang kenal agama tetapi masih nglambrang?
:”Sing kaya ngono kuwi malah sing diarani Sukma nglambrang, ora ngerti panggonane, ora ngerti tujuane. Nanging ora kabeh mengkono. Ora njur dianggep kabeh ora tekan. Kuwi sing sok gampang kesahut, gampang kepikut. Gampangane kesaut melu roh jahat. Mesakake. Yen bisa sembadanana, nek ngerti jenenge, nek apal wonge, nek kowe lila atimu.”

Bagaimana dengan kelompok Amrozi atau model teroris seperti yang di Indonesia?
:”Kuwi rak di seberang jalan karo kowe, kok direka-reka. Wis nemu ajale mbok wis ben.”

Maksud kami kasihan, mungkin bisa didoakan
:”Memange kowe isa ngusir roh jahat, isa nglindungi dheweke saka kungkungan kejahatan? Dheweke wis dadi balane Si Jajul.”

Kami berdoa mengucap syukur, karena sudah petang dan pak Pudjono siap-siap. Saya mengantar sampai terminal.

Pengalaman 28 Oktober 2010

28 Oktober 2010

Kamis malam kami berkumpul di rumah pak Mardayat; aku, pak Pudjono, pak Siahaan, pak Abraham, pak Yohanes. Kemudian datang pak Sumadi, mas Agus Sudarno, pak Hartono dan pak Wahyanto.
Sebelumnya saudara pak Mardayat (pak Suwarno Kushadi) sudah konsultasi kesehatan untuk istrinya yang sakit payudara.

22.45 simbol yang kelihatan oleh pak Pudjono, gunung Merapi seperti digaru diratakan ke bawah. dan masih terlihat. Kami berdoa untuk para saudara di gunung Merapi. Kemudian kami bertanya kira-kira berhenti atau malah membesar, ada kurban atau tidak:”Ora ana liya sing ngerti sedulurmu dhewe. Nek kowe ora oleh weruh.. Yen wingi sagenggem, saiki sak tenggok.”

Apakah bisa disyarati untuk mengurangi jumlah kurban :”Syarate getih abang.” Yang terlihat simbul degan dipotong/ diparas. Selama ini menjadi simbul untuk orang mati.

Apakah ada yang menjaga gunung Merapi, tetapi tidak ada jawaban.
Simbul yang kelihatan malah simbul gunungan tetapi seperti ada lampunya.
:”sing dianggo sing mburi. Papan kamulyan Dalem arep turun, arep rawuh. Tegese cagak (yang kelihatan warna hitam) Ya pantes yen cagak kuwi ireng marga abot. Gen tetep dadi tunggul. Dadi kowe kabeh yen wis dadi panutan, kuwi abot. Aja nganti uwal, aja nganti bedhol. Dadi dudu Gusti Yesus sing rawuh ananging jiwamu dhewe-dhewe. Kajaba nyangga awakmu dhewe, nyangga kanan kering, kaya ucapanmu mau. Cagak kuwi mau kumpulaning atimu. Aja nganti goyah, ndhak ngisin-isini. Aja nganti liline mati. (sekarang cagak sudah berubah menjadi putih). Juru selamat masa kini, juru selamat ginawe ayu. Dadi kowe kudu bisa dadi juru selamat. Percuma Roh Kudus mapan, kowe aja ngguya ngguyu, ketoke rada maido.”

Menapa malih Gusti? Seratan utawi ungel2 menapa?
:”The first order, Son cum laude decide be size ”home side” guide homeless “

Sekarang yang terlihat seperti kitab tetapi tidak tebal dan masih baru.
:”Kitab cekelane para nabi gen bisa munggah swarga. Dadi duwe cekelan dhewe. isine darma mukti, darma wisuda. Kelakuanmu kudu kok tepakke ana awakmu dhewe, iso apa ora? (ada gambar cakar ayam, jago berjalan pincang) „

Simbol lainnya?
:”Gampangane anggepen wongliya kuwi ya awakmu dhewe. Nek nggawe susah wong liya, susahe dhewe. Nggawe rekasa wong liya rekasane dhewe. Nggawe ajal wong liya kena awake dhewe. Tangane wong liya anggepen tangane dhewe. Tegese yen ana wong nabok, ana wong milara, anggepen ora ana apa-apa. Gampangane ora oleh nekakke kuk, ora oleh ngewanke uwong. “

Gusti kok ajaranipun kados mekaten, wonten menapa? sepi tidak ada jawaban

:”Cekelanmu kitab warta lelampah utama. Gampangane kitab para rasul. Kuwi anggonen, rak slamet. Tugasmu genti nggenteni para rasul. Wong wis diwisuda kok isih bingung. Dadi yen dadi rasul ora perlu nek pas ngumpul. Wong Roh Kudus wis turun kok isih wedi. Ya manut kekiyatane dhewe-dhewe, manut bisane dhewe-dhewe. Ora perlu ngemu teges agung, cukup nyuwita ing Pengeran. Danganing penggalih ora saka akeh maca, akeh tuladha.”

Kelihatan buku sudah ditutup :”Saiki kowe padha ndongaa dhewe-dhewe. Kowe mesti wis duwe tugas dhewe-dhewe minurut pengangen-angenmu, ndongakke sapa wae oleh. “
Kami berdoa bersama dengan ujub masing-masing.

Kemudian terlihat nasi satu lepek (satu cawan). Tegesipun menapa Gusti?
:”Dhaharan jasmani wis cumawis, mung kari kudu kok genepi nganggo makanan rohani. Genti ana kene kowe sing nyawisake, gen kabeh melu mangan.”

Menapa menika Gusti :”Dongamu kuwi mau isih kurang panjang, kurang komplit, isih kurang akeh. Kuwi sing kudu kok cawisake. Ora tak arani bengi iki, kena liya dina. “

Menapa malih Gusti? :”Gunane melek bengi, kejaba dadi kidung, uga dadi sarana kabecikan, sarana tetulung, sarana ungkapan kasih mring pepadha; Ora apa-apa ndongakke wong sing ora ngerti, ora krungu. Kuwi becik Mesthine imbalane ya ana.”

pak Sumeri melihat seseorang seperti biksu berpakaian kuning :”Yakuwi Bapa fadjar Baru sing arep ngekeki pencerahan marang pak Sumeri. Yakuwi roh kang awujud.”
Yang terlihat Bapa Fadjar Baru menjadi satu dengan pak Sumeri dan terlihat seperti orang bersila. :”Jagadmu isih abang.” Kemdian spertinya Roh Kudus turun kepada pak Sumeri yang membuat putih, berubah seperti burung blekok. Alkitab ditangan pak sumeri dan diletakkan di dada. :”Rubahen atimu nganggo atiKu. Pak Sumeri, Sang Sabda uwis rawuh. Unjukna atur. Wis sethithik wae. Madhepa ngetan, ngadega kabeh berkatana.”

Ada simbul gigi geraham :”Paribasan wis dewasa, wis kuwat.”
Terlihat seperti tangan kanan diacungkan kedepan seperti memberkati.:”Jane kowe krasa apa ora?” Pak Sumeri menjawab bahwa kraos. :”Nek krasa ateges Gusti wis makarya”

:”Gampangane umbaren, kabeh omonganmu kanggo.”

Kemudian terlihat sepertinya pak Mardayat ngrogoh sukma berdiri di belakang mas Hartono.

Sepertinya pak Mardayat kepanjingan Bunda Maria, karena berubah seperti Bunda membawa tasbih dan bermahkota.
Bunda Maria :”Berkah ora saka aku, aku mung menyampaikan.”

Pak Mardayat diminta ngajar namun sebagai pengantara Bunda Maria.
:”Penyuwunmu marang Putraku wis ..... (nggak bisa ngejar kata-kata pak Mardayat)

Bunda Maria :”Urusan doa tetep marang Allah Bapa. Aku mung nggenepi. Kurang luwihe saka pengentha-enthamu, banjur diaturke dening Bunda marang Gustimu. Dadi isine doamu, Bunda kang nggenepi amrih dadi kinarbuka ing astane Hyang Rama. Wis semono wae, mengko ndhak aku dioyak.”

Penjelasan doa yang langsung ke Allah Bapa, dimana Tuhan Yesus:
Bunda Maria:”Letake Gusti Yesus dadi siji karo Bunda.”
:”Pokoke loro-lorone bener. Mung umume aku dikiwakke. “
Dongamu kuwi lancang, wong kowe durung tau weruh Gusti Allah. Sing ngerti aku.”

:”Aturna marang Bunda ben Bunda sing ngaturake Dongamu becike kaya mengkono. Dongamu kudu kok aturke marang Bunda utawa GustiYesus. Kuwi pokok pangerten urut-urutane.”

Penjelasan doa Bapa Kami ? :”Bundamu kuwi Bunda segala bangsa. Nek kowe donga Bapa Kami ndhak kowe kleru sing nyembah, ndhak nyembah allah lain. Inti utamane lewat Bunda karo Gusti Yesus. Doa Bapa Kami dianggo ndhak kowe nggoleki allah lain.”
:”Doamu kuwi senenge bertele-tele. Sing kanggo Bunda Maria/ Tuhan Yesus doakanlah kami, Ben uwong kuwi mari, ben uwong kuwi lancar. Keblatmu rak nyang Allah Bapa njaluk kawusanan. Ning apike sing ngaturake Bunda.”

Ampuhnya doa Bapa Kami?
:”Ampuhe yen kowe ngakoni yen Gusti Allah ana. Penyuwunmu kuwi tetep neng Gusti Yesus. Sing ngusadani, sing nuntaske Sang Hyang Rama kang ana. Sang Hyang Rama kuwi jejer, kang ana kuwi kang linuwih kang ora katon. Gampangane Sang Sabda. Dadi yen kowe nyebut Sang Hyang Rama, mungkin neng atimu ora ana Sang Sabda. “
Ana kuwi tegese ana kang ana ananing ana, dudu ana ateges suasana utawa ana ing sasana.

Bapa kami yang ada di SURGA ? :”Ana kene ngemu teges papan panyembahan, papan kang suci, manggone utawa tempate, letake, singgasanane ana ing swarga ning ora kudu swarga. Swargane gawenen dhewe. Pangerten kuwi angel kanggone kowe, gampang kanggone Bunda.”

:”Nek kowe isa ngilangke duniamu, nglalekke rekasamu, pikiran jahatmu, pikiran alamu. kowe wis bisa mbayangke yen swarga kuwi ana. Ning kowe durung bisa ngrasakke tenane swarga. gampangane kowe lagi ngerti kahanan neng swarga sing kaya pengimpen-impenmu. Swarga kuwi kahanan kang nyata, gampangane mulya.”

:”Donga kurang dawa, dongamu lagi sethithik ora murakabi wong liya. Bertele-tele, dongamu kuwi njelehi. Penjalukmu kuwi mboseni. Cukup nyebut jenenge, Bunda lan Gustimu wis pirsa. Sakjane dongamu kuwi karepe rak cepet rampung. Intine rak nyuwun mari, rak nyuwun jodo, rak nyuwun dangan. Bunda kuwi wis pirsa sebuten jenenge wae. Wis ta mengko rak mari. Doa ungkapan iman kuwi doa sing tanpa pamrih. Kuwi ateges memuji memuliakan, mengungkapkan. Doa sing pendhek kuwi doa cepat tepat. Mosok kowe kepleset ndadak nganggo doa panjang, wis tiba.”

Bagaimana doa 2 jam? :”Jane donga kuwi piye ta? Donga sing dawa padha karo donga sing cekak. Yen kowe ndonga rong jam telung jam ora papa, diisi ukarane dhewe kena, diisi pangayubagya bisa, Nyanyian kuwi pangalembana oleh.”

:”Donga kok nganggo maca. Yen dibatin mengko kowe diganggu liya-liya. Memangnya padha iso meditasi? “

Doa dinyanyikan :”Kuwi luwih apik, sebab yen kowe nyanyi pikiranmu malah sawiji. Mazmur lan litany oleh ning kudu diapalke.”

:”Dongamu kuwi sak rangkean, wiwit saka menyat saka ngomah, nganti tekan ketemu wonge, kuwi kanggo. Niyatmu saka ngomah rak kepengin nambani.”

:”Nek Bunda isih kanggo, Bunda isih ana, arep ngetutke kowe tekan ngomah.”

Kami berdoa mengucap syukur, kemudian sebagian besar pulang tinggal tuan rumah, aku. pak Yohanes, pak Pudjono, pak Sumeri dan mas Rudi.

Sebaiknya dalam doa permohonan, penyuwunan dahulu baru doa pakem.

:”Sing genep rosario kuwi 150 kanggo satu ujub, ora kena liyane numpang, ora kena liyane nunut.”

Utk pak Pudjono kurangane isih akeh durung genep.
Sing disebut satu ujub kuwi satu perkara, sak panyuwunan, mung mligi. Apike neng kene ora susah nyang-nyangan.”

Bagaimana jika kepada Tuhan Yesus dengan ujub yang banyak tanpa rosario :”Biyen-biyene donga kuwi mung siji, Bapa Kami, kena dianggo apa wae. Banjur muncul doa-doa kang akeh kanggo samubarang, nganti bisa teka jroning ati, njur dadi pengganti doa Bapa Kami thok. Ana kene nilaine padha, padha benere padha apike padha anggone, padha ditampane, padha diaminke. Kabeh oleh. Kowe arep gawe donga sing madik-madik nganggo tata caramu, waton diwiwiti Bapa Kami, ampuhe padha. Tegese tetep Kabul.”

Doa Bapa kami bisa untuk ujub yang banyak? :”Apike aja. Doa Bapa Kami cukup untuk memuliakan Allah. Yen rosario kabeh kuwi mau kan rangkaian termasuk Bapa Kami”

Pengalaman 27 Oktober 2010

27 Oktober 2010

Rabu pagi aku mengantar istri rapat di kelurahan dan aku sendiri terus ke kebun memberi makan ikan. Pak Sumeri telepon bahwa sedang berkumpul di rumah pak Pudjono bersama pak Mardayat, pak Yohanes dan pak Sumadi. Aku menyusul ke rumah pak Pudjono. Kami ngobrol kesana kemari karena hanya ingin anjangsono.

Iseng-iseng pak Pudjono melanjutkan pertanyaan pengalaman rohani yang kami alami berdua sebelumnya. Secara rohani yang tidak kelihatan, bagaimana Allah Bapa berkarya kepada bpk Uskup. Yang dilihat pak Pudjono cukup aneh karena seperti gambar skema : Dari Allah Bapa ada garis panah lambang Roh Kudus langsung ke bapak Uskup. Tuhan Yesus tergambar bersinar di antara Allah Bapa dan bapak Uskup. Ada garis panah dari bapak Uskup ke Tuhan Yesus dan Tuhan Yesus ke Allah Bapa.

Suara yang terdengar :”Putra kuwi kan sudah berkarya, kedudukanNya di bawah. Roh Kudus langsung dari Allah Bapa. Ndhak diarani Roh Gusti Yesus; tetapi Roh Allah Bapa yang berkarya. Dadi Tuhan Yesus berkarya karena Roh Allah manjing (yang terlihat wajah Tuhan Yesus dipenuhi dengan sinar). Padha karo Roh Allah turun atas para rasul
Saiki Roh Allah sing turun kepada bapak Uskup, biar bisa berkarya kaya dene Gusti Yesus. Saiki Roh Allah sing turun kepada bapak uskup, sing siji, saiki Roh Allah langsung tumuju marang Uskup. Dadi tumpuane karya-karya Gusti Yesus ditambah kehendak Bapa langsung. Dadi ateges bapak uskup kuwi ora nate ditinggalake. Karo-karone bekerja, ya dhawuhe Gusti Yesus dengan sabda-sabdaNya + + + ditambah kuasane Allah Bapa. Wis semono dhisik, limbang-limbangen.”

Kami ngobrol dan bertanya tentang bedanya Tuhan Yesus dengan Allah Bapa, dan suara jawaban yang terdengar :”Bedane mung katon karo ora katon. Neng kene dilihat dari karyane. Nek saka panguaose, Roh Gusti Yesus dadi siji, ora bisa dibedakake karo Allah Bapa.”

Penjelasan sanesipun kados menapa ?
:”Gusti Yesus kuwi ana ragane, karyane dengan tangan, ucapan, parentah. Yen wis manjing karo Allah Bapa, sing katon mung kadadeyane, ciptane. Gampangane Allah bapa iku mumpuni; Arep kaya Gusti Yesus, kaya bapak Uskup, bisa. Ananging yen Gusti Yesus harus dilihat RohNya saja, supaya bisa manjing dengan Allah Bapa. Telu-telune Atunggal.”

Bagaimana dengan raga Tuhan Yesus, jika RohNya manjing?
:”Ya neng kono kuwi jenenge Putro, aliyas jabang bayi kang ginawe.”

Gambaran rohani kok sulit ditangkap dan dipahami?
:”Sebab sing kok ngerteni saka ajaran, sabda, pitedahe saka Gusti Yesus. Sebab statusmu iku umat dudu gembala. Ora bisa. Sebab umat kuwi bisane nampa. Yen bapak Uskup meh kaya nyipta, arep ndadekake. Ora na prentah utawa karya neng kowe ngongkon bapak Uskup; kuwi ora ana.”

Bagaimana pada zaman kegelapan, sampai-sampai menjual sakramen pertobatan?
:”Ana kono kuwo Tuhan Yesus tetep berkarya. Mung karyane isih tertunda, ora ateges bapak Uskup mblenjani utawa menyalahgunakan.”

Namun dampak negatif yang dirasakan sampai sekarang?
:”Pokoke tetep jenenge karya Tuhan Yesus sing tertunda, dudu terhambat ataupun kelangan kawibawaan. Ora kaya panemumu. Jejere bapak Uskup dadi wakile Gusti Yesus tetep ajeg, ora lengser.”

Kalau bapak Uskup sampai keliru memutuskan menurut pandangan umum?
:”Jenenge bapak Uskup kelangan enggok.”

Kami jadi bingung untuk memahaminya, mohon dicerahkan.
:”Bedane, Gusti Yesus bisa kok cekel, bisa kok jagakake. Yen Allah Bapa ora bisa kok cekel, ora bisa kok delok. Durung wayahe.”

Pak Sumeri mohon penjelasan tentang roh Bapa Paningal yang diterimanya beberapa hari sebelumnya. Suara jawaban yang di dengar :”Kuwi Roh Kuduse utawa Roh Allahe utawi sempalane saka Roh Allah. Gampangane nek Gusti Yesus kuwi Roh Allah wutuh. Nek kanggo umat utawa manungsa, kuwi mung cipratane. Aja sok ngukur Gusti Yesus nganggo prosentase.”

Pak Pudjono bertanya kira-kira karunia Roh yang bagaimana untuk kami masing-masing.
:”Pak Mardayat iku kanggonan Roh kawibawan, Roh pemersatu, satu ucapan, satu lagean, satu kamardikan, satu kaunggulan, satu kamukten.

Pak Yohanes iku roh pangemba-emba, roh pendugaan, roh pangira-ira. Ana tambahane Roh pambagya. Ana maneh roh sulap sida. Roh sulap sida, roh pangangkahe dhewe cupet. Kanggo wong liya dadi. Yakuwi tandhane kurang percaya diri.”

Pak Sumadi, jarene sing manjing Roh Allah pangreksa, Roh Allah pambopong, Roh Allah wiguna, Roh Allah kemanjen; Tegese kuwat nyangga, kuwat mboping.

Kanggo Darmono, intine sing berkarya Roh Allah mitra sejati, Roh Allah purba wasesa. Ning ana eleke, kemlungkung, kuwi ilangana. Roh Allah Bapa mitra. isih ditambah Roh Allah ginayu adhem ayem.

Pak Pudjono kasinungan Roh Allah Bapa mantra, Roh Allah kawujud, bisa ana bisa sirna, sing ngati-ati pangucapanmu.”

:”Iku kan karya , dudu hasil. Roh Allah paningal udhu, Roh Allah pamirsa. Neng kene ngemu teges bisa ngilangake, mbalekake pacoben, mbalekake kawruh ala, mbalekake ubarampe awon, mbalekake konang ranang, urubing ati, ynirep. Dadi mursa ora ateges sirna.”

:”Kabeh kuwi mau yen digabung dadi Roh Allah Binarka, tegese kanugrahan, kenyamanan. Kabeh kuwi mau Roh Allah kang ndadekake ayem tentrem, damai kanggo kelompok awake dhewe, mrembet pawongan liya.
Gampangane, omonganmu digugu, njur ditiru. Aja lali kuwi kersane Gusti; Roh Allah sing nyukupi, sing nggenepi, Roh Allah sing ngurapi ~ resik lambene, resik atine, resik pakaryane, resik pangucape, resik bebudine. Gampangane ada Citra Allah.”

Jawaban untuk pertanyaan pak Sumeri :”Ana kene sing muncul ateges karya Allah sejati kang menonjol. Dadi citra Allah lebih menonjol dari kemampuan manusianya.”

Aku bertanya hubungannya dengan 7 (tujuh) karunia Roh Kudus dan dijawab :”Ana kene Rohe padha Roh Allah. 7 karunia Roh Kudus kuwi misi gereja, harus lewat gereja, harus lewat pengembala. Kuwi luwih dhuwur karo kowe; kowe kudu manut karo 7 karunia Roh Kudus. Yen Roh Allah neng awakmu, sifate lokal, mung sacakup wae. Yen 7 karunia Roh Kudus kuwi nganglang buwono, ateges tanpa bates ambane, tanpa bates umure. Kaya Roh Allah neng awakmu kuwi temporer, paling tekan mati. ora bisa diwariske, mula bisa luntur, Allah ora berkarya lagi. Gampangane Gusti ora tedhak, Roh karya Allah mumbul maneh.”

Apakah buah-buah yang dapat kami nikmati?
:”Gampangane ayem tentrem donya akherat. Yen tujuane padha karo 7 karunia Roh Kudus.”

Pak Mardayat bertanya tentang rencana kunjungan Durpa dan ziarah
:”Laksanakna, mumpung duwe wektu, mumpung duwe greget, mumpung duwe ujub. .... Kenapa Darmono kok risi diomongi kaya ngono (kemlungkung)?”

Jadi bagimana kalau kita berdoa novena Roh Kudus sebelum Pentakosta?
:”Kowe ora bisa, mung nampa mau, tinggal manut. Tetep ora isa, kowe isane mung nampa siji. Para imam bijine 7(pitu), bapak Uskup 9 (sanga), sing 10 tekan 100 Gusti piyambak. Yen diranking, bapak Paus bijine 10 (sepuluh) Akeh wong sing luwih dhuwur tinimbang kowe, ning dibawah rata-rata pastur.”

Bagaimana dengan para pengkotbah, evangelis, pekerja misi dan sejenisnya?
:”Kuwi rankinge dhuwur ning dudu romo. Kabeh mau bijine 4 (papat).”

:”Paribasan kowe kuwi mung dadi sasana, nilaine mung 1 (siji0. Romo pastur kuwi jenenge Pangukira, kang ateges mewujudkan utawi mewarnai, memprofilkan karya keselamatan, karya Sabda Dalem.
Bapak Uskup kasebut dados Garda Wasesa, Gapuraning Darma, Ungeling Wacana; Danganing Asta utawi danganing Kiblat. Danganing Wiji Tuwuh.”

Bagaimana dengan hari peringatan arwah pada setiap 2 November?
:”Kuwi mung caraking manungsa, ora ana gandheng cenenge karo Makabe, ketoke ora ana. Kuwi mung tradisi. Kuwi aja didadekake ganjelane atimu; arep doa arwah nylametake sanak sedulurmu ndadak ngenteni sasi. Sing tak suwun dongakna saben dina, ora nunggu wektu lan sasine.”

Sesaat kemudian pak Siahaan yang pulang dari ngajar datang mampir duduk bersama. Aku menceritakan pengalaman rohani yang baru saja kami alami.

Kemudian kami ngobrol macam-macam, kemudian sepertinya di selatan ada warna kuning yang semakin tebal. Bisanya warna kuning menuju ke merah kami terjemahkan sebagai tanda bahaya bencana. Pak Pudjono seperti melihat banyak orang tanpa baju berlarian dari pantai menuju ke darat yang lebih tinggi, namun kemudian seperti akan kembali lagi melihat ke pantai. Gambaran tersebut sepertinya ada di daerah barat sekitar Aceh. Kami berdoa mengucap syukur dan terima kasih atas pengalaman rohani ini.

Berkisar jam 15.00 rombongan semobil pamitan pulang, tinggal kami bertiga karena hujan deras. kami menunggu sampai malam baru pulang setelah hujan reda.

Pengalaman 21 Oktober 2010

21 Oktober 2010

Kamis malam Jumat aku bersama keluarga anak cucu istirahat di Pasirimpun. Dalam kegembiraannya bermain air, sampai-sampai cucuku kecebur kolam basah kuyup. Terpaksalah aku ke bawah mengambil pakaian ganti dan mampir ke rumah pak Mardayat. Akhirnya berkumpul pak Pudjono, pak Sumeri, pak Abraham dan mas Agus Sudarno.

Berkisar jam 20.15 terlihat oleh pak Pudjono simbul buah semangka besar warna hijau. Suara yang terdengar :”Barange gedhe ananging manggone ana ngisor, ana lemah. Katone gedhe ning dianggep ora aji.”

Kemudian terlihat simbul buah jeruk bali :”Arep ana perang. Perang abang karo ijo. Kowe nonton wae ora apa-apa, kowe ora perlu semelang. Jejak-jejakan rebutan kathok, rebutan pakaian, rebutan bangsal. Banjur kepengin dadi puger. Puger kuwi putra kinasihe bangsa.”

Apakah sampai berdarah-darah? Dan dijawah :”Perange nganti ikat-ikatan tangan, nanging ora mateni. Sing menang tetep pecis. Ora perlu kawatir, wonge sesuk apik, rukun. Isih enom antarane 40-45 tahun. Wis, intine ngono kuwi, saiki gambaran liya. Pemimpin kuwi kudu isih enom.”

Kemudian seperti ada gambaran simbul burung seperti dari kertas, bentuknya aneh agak hitam. Yang terdengar :”Burung wadat.”

Pak Sumeri bertanya kembali ke cerita perang abang ijo dan dijawab :”Sing dadi presiden lan wakil mengko kakung adi. Presiden sing tuwa marga prabawa, lan sing enom saka sitihinggil. Prabawa saka budayawan. Becike ditunggu wae, mengko rak ana. Apike dicepertake mengko ndhak rusak negarane.”

Kemudian terlihat simbul ketupat matang seikat untuk kami yang sedang berkumpul. Terdengar suara :” Tegese barang kang kok jaluk wis tekan, wis kebak, wis bisa diundhuh, didum ben kancane melu mangan. Wis ora rahasia maneh. Tegese, yen dipangan, wani dibukak. Gampangane kowe wis padha siap. Sing mangan padha ngerti isine. Tegese kuwi pagaweane tanganmu wis mateng. Yen dipangan, dipek wong liya ikhlas.”

:”Ketoke kupat kuwi simbul kanggo kowe, ilmumu, babagan wedharan Dalem sing kok wadhahi. Mulane wadhahe nam-naman, jaringan, rajutan.”

Sepertinya kami masing-masing diberi simbul sesuatu.
Aku diberi gunting, yang dilihat pak Pudjono sepertinya aku sedang membuat huruf dan bentuknya seperti huruf A.

Pak Pudjono diberi sendok kecil :”Mbumboni, ngracik, ndadekake, nuntasake.
Mas Agus Sudarno diberi bata satu biji :”Pabrikan, tegese jejer-jejer karo wong akeh padha, Okeh tunggale isa padha, menyangkut suara.”
Pak Mardayat diberi biji jambe yang sudah tumbuh :”Mau rak njaluk bibit ta?” Simbul lainnya diberi brambang lalang yang sudah tumbuh.
Pak Sumeri terlihat seperti pintu besi irigasi yang diputar tangan, simbul lain diberi anak timbangan besar :”Tegese digdaya, manggule abot ning wani, betah lara, betah ngelih, betah gundhul.”
Pak Abraham diberi canting batik, tatah dan palu :”Arep gawe unen-unen anyar, mengko gen ditiru, dirungokake. Iku babagan keslametane awak, durung njampeni.”

Berkisar tengah malam kami berdoa mengucap syukur dan pulang ke rumah masing-masing.

Pengalaman 19 Oktober 2010

19 Oktober 2010

Selasa pagi aku akan ke Pasirimpun namun mampir dulu ke rumah pak Pudjono karena beberapa hari tidak bisa berkomunikasi. Kami hanya ngobrol berdua ngalor ngidul dan kebetulan sama-sama tidak begitu segar karena batuk pilek.

Sedang enak enak ngobrol pak Pudjono melihat simbol sepet (serabut kulit kelapa). Biasanya sepet dipergunakan untuk menyalakan bara api membakar kemenyan untuk orang meninggal. Kemudian terlihat ibu-ibu tua menggendong tenggok (keranjang bambu) minta nasi, Kami tanya namanya mbah Rasa yang kemudian pamit setelah diberi nasi dan berkata :”Aku utusane Prabu Baka, arep teka rene.”

Kemudian datang laki-laki berpakaian putih putih mengaku bernama pak Sunat (?) yang juga utusan Prabu Baka. Dia kemudian pergi setelah berkata bahwa Prabu Baka mau datang.

Setelah itu terlihat simbol harimau belang jantan yang memberi salam dengan cakar depannya menggaruk-garuk ke tanah. Dia mengaku bernama Prabu Siliwangi, yang kemudian pergi.

Kemudian terlihat simbol gunungan kecil. Menghilang dan muncul seekor monyet hitam besar. :”Jenengku Ki Waskitho. Rupaku ala ananging bener lan apik,”

Kemudian terlihat kerbau hitam besar berlari-lari dan berkata bahwa namanya Ki Sengkolo. Setelah itu berganti seekor burung garuda besar sekalu, di paruhnya menggigit uang koin.:”Jenengku Pangeran Trajumas. Aku maringi rezeki tampananen.”

Beberapa saat kemudian yang teriihat seperti ada orang datang dengan berjalan ngesot (seperti bersila dan berjalan dengan mengeser pinggulnya) :”Aku Ki Dalang Baq, uga disebut Ki Dalang Wadat saka Wanaraja, iya daerah Wanaraja.”

Kemudian terlihat sebuah arca perempuan bertangan empat, kedua tangan bersidekap (menyilangkan tangan di depan dada) yang lainnya seperti mengerjakan sesuatu. :”Aku lenggah ing taman Wikarti Sadeng, daerah Dana…. . Jenengku ibu Tri Murti; Yen saiki ngarani ibu Saraswati, tegese ibu pakurmatan.”
(Ibu kok tangannya empat?):”Tegese loro, bisa semedi lan bisa nyambut gawe, loro-lorone dilakoni; ya manembah ya golek pangan, ora njagakake. Tetep manembah ananging bisa mandhiri..”

Kami bertanya mengapa hari ini banyak sekali yang kelihatan, apakah ada hubungannya dengan tgl 20 Oktober 2010 yang akan ada demo besar kepada presiden SBY. Dijawab :”Becike kowe ora perlu krungu, ndelok wae saka kadohan.”

Kemudian harimau belang tadi datang lagi sambil nggereng (bersuara di dalam namun keras) giginya kelihatan, seperti sedang menunggu perintah. Kami persilahkan pergi maka harimau tadi melompat jauh, namun sebentar kemudian datang kembali dan malah meletakkan tubuhnya ke tanah seperti ingin istirahat tiduran. Kami bertanya apakah betul simbol Prabu Siliwangi yang sakti, namun mengapa kok seperti ragu-ragu.
Dijawab sambil tiduran :”Tenan, aku Prabu Siliwangi sing ora ketok. Cara Jawane aku manggon ana papan priya gung, kumpulan para dahnyang, perewangan jagat. Manggon ana Gunung Sugih, Jabar selatan, kulon Galunggung.”

Kemudian terlihat simbul sepet, kendi dan anglo kecil. Pikiran kami melayang ke simbol kematian yang selama ini kami ketahui. Ataukah ada makna lain dari itu? Adakah hubungannya dengan kepemimpinan Sby yang sudah berjalan setahun?

Yang terlihat malahan ada gulungan besar karpet yang digelar panjang sekali. Simbol Sby yang kelihatan adalah tenggok (keranjang bambu) tengkurab dipukuli dan ditendangi. Biar peyok kemudian kembali ke bentuk semula. Kemudian terlihat kentongan bundar besar. Simbol lainnya terlihat dua kursi kosong bertolak belakang diikat menjadi satu, demikian juga kakinya diikat. Malahan terlihat sepertinya Sby menyalami banyak perempuan yang sedang diwisuda.

Kemudian Prabu Siliwangi (harimau) memberi kami seikat besar kelapa dan seikat besar padi. Kami bertanya tentang kayu kaboa yang banyak dicari orang dan dijawab :”Kayu kaboa kuwi tegese kayu manunggaling rasa, kayu thuk gathuk, cocok penemune, beda adate nanging siji anggitane. Kanggo nglawan larangan, nglawan pacoben, nglawan kadurhakan; nggo nglawan umyeng. Teges kaloro ketemune simpati, ketemune sujarah, ketemune bebakal,  njurus andhap asor.” Yang terlihat Prabu Siliwangi mengginggita kayu warna agak keputihan yg kalitnya mulai terkelupas. :”Wiwit dhisik sing diarani kaboa ya iki. Yen ana Jawa kaya kayu jati mungkul. Ya kuwi mau, barange nyolong pethek gedhe kasiate. Dianggo nglang ora ambles, dianggo perang ora apes. Kuwi wis sipate, kadigdayane, Kuwi wis kaungel dening leluhur. Paribasanre gondhel, cilik ning landhep ing wigati.”

:”Dongane Gusti Yesus kuwi ora kanggo wong kang amba, ananging cespleng kanggo kang krekelan, kang rumpil lakune.. Cekake nuwuhi kanggo wong sareh. Dongane Hu Allah Hu Allah Hu Allah, ora popular ning mandi.”

Apakah seperti permohonan? :”Omonganmu kuwi jenenge ujub, panyuwunan, pangreksa. Beda tegese beda illah-illahine.”

:”Kamulyan Dalem ana telu: kamulyan Dalem ana swarga; kamulyan Dalem ana jabang bayi, tegese kamulyan Dalem ana ing pribadi ana ing kasucian, ana ing kalanggengan. Kamulyan Dalem ana berkat.”

:”Kamulyan Dalem ana swarga ateges kawenangan tata tumarata, kasih kala jumeneng nata, nguwaosi samubarang kang suci, pradapa tumarata kang nyata. Gampangane panguasa alam semesta, donya lan langit, kahanan padhang lan peteng lan sapiturute. Wis semono wae.”

:”Kamulyan Dalem ana jabang bayi ateges kamulyan ana tumitahing alam donya kang dadi tetenger alam padhang (jejer ka loro). Tegese ana, nyata, katon, bisa dicekel, bisa diraba, gumlundhung, Ateges bayi kang suci, ora lanang ora wedok, ora bapa ora biyung. Kadadeyan saka Bapa kang karsa manjalma, kang kersa katon, kang kersa werdi.”

:”Kamulyan Dalem ana berkat tegese dadi sumber, underan, kesucian, kelanggengan, keabadian; jlontrongane swarga. Sing kawengku dening Astane, kajamah, kademok, aman slamet, mios margi kamukten. Gampangane slamet munggah swarga. Reribete donya lali, reribete ilang, kang tuwuh padhang, ndherek mukti, ndherek langgeng. Teges liyane, kowe oleh braja = berkah kang nyata kang isa dirasakake. Njalukmu kuwi ta? Mula kowe ora kena milah-milahake utusane Gusti. Gampangane isine padha jilide beda.”

Kami bertanya sebenarnya Prabu Siliwangi itu sekarang berada dimana, apakah di surga atau masih di tempat lainnya; dijawab :”Aku ora oleh guneman karo kowe ananging aku bisa guneman karo kowe. Kuwi arane saka sapa, karo sapa?. Dadi aku saka ngendi, aku langgeng apa ora, Gusti kang pirsa..”

:”Nek versiku, Gusti Yesus iku jejering manungsa kang suci. Gusti Yesus iku dalan kaswargan kang bisa digambarake manungsa banjur ngerti dalane, banjur ketemu pawongane, banjur diwadhahi, diklumpukake diajak munggah. Kuwi tugase Gusti Yesus.”

:”Roh Kudus kuwi sabenere hasrat, keinginan pancaran kang kuwaos kang tumuju marang kowe. Banjur ngrubah batiniahmu, mikiri kaswargan marga asale. Dadi digambarake sinar putih suci kang ndadekake mulus atine, saemper karo panjaluke Romo. Ananging umume digendholi daging. Roh Kudus Roh Allah kang awujud sinar kang dadi Gusti Yesus.”

Kami berhenti sebentar sambil ngobrol dan menunggu Prabu Baka yang belum datang. Dijawab Prabu Siliwangi bahwa penguasa daerah sini kan dia buka Prabu Baka. Kemudian kami bertanya kepada Tuhan :”Gusti nyuwun pirsa badhe sumerep secara rohani manawi kula sami kempal kalayan imam lan bapak uskup. Secara rohani ingkang ketingal menapa, Gusti?”

Suara yang terdengar :”Karana Roh Kudus kowe bisa ndeleng sukmamu dhewe-dhewe utawa kembaranmu kang persis karo kowe. Ananging Uskup kang katon berubah dadi pasuryane Gusti Yesus, blegere Gusti Yesus. Iki tenanan, aja dianggo dolanan. Yen kowe bisa mengkono, mesthine kowe wis nyawang, weruh sukmamu ana ngarepane, ngarsane, ana tedhake Gusti. Ananging durung ateges Gusti manunggal karo kowe, sebab isih adhep-adhepan, durung sak kiblat. Tegese ngemu teges pasowanan, penggembalaan, kamardikan, karahayon. Gampangane lagi weruh durung ndherek. Sing abot malah kanggone bapak uskup kang wus manunggal dadi jejering raja, nata, kadonyan ananging katon kaswargan. Ana donya ning sejatine kahanan swarga. Donyane ora katon, bentuk apa wae ora ketok, ora nihil. Dadi donya kuwi ora ana. Dadi jejere Gusti Yesus.
(Gambaran yang terlihat seperti dunia itu kosong namun terang, yang ada Tuhan Yesus.) Dadi Romo jumeneng nata, jumeneng sesembahan karo Romo donya kedagingan, beda anane.”
Bagaimana dengan para imam romo Gusti? :”Romo romo mau tetep lungguhe ana mburi, ana ngisor awor karo kowe. Dadi Roh Allah tetep siji, ndhak kowe bingung milih kuwi apa milih kae. Dadi romo-romo mau singkaton sukmane dhewe-dhewe, dudu wajahe Gusti Yesus. Coba gathukna karo akalmu dhisik; yen perlu ngombe ngrokok dhisik.”

Kami istirahat dan ngobrol sebentar untuk mencerna yang kami terima. Kemudia kami bertanya lagi apabila pas di Vatikan bersama bapak Paus dan para Uskup berkumpul bersama dalam misa kudus. Yang terlihat sepertinya semua Uskup berdiri perish di belakang bapak Paus sampai tidak kelihatan, walaupun bapak Paus bergerak ke segala arah. Bapak Paus memakai topi mitra kebesaran.

Secara rohani yang terlihat ada lingkaran putih besar, di tengahnya ada seseorang sedang semedi bersila dan transparan, di depannya ada lilin besar menyala. Kemudian terlihat tulisan :
God “over”manual God

life
secret + imprimatur/nomenclature way human

Di luar lingkaran terlihat banyak sekali lilin lilin kecil yang mengitari lingkaran putih.
:”Iki gunakna kanggo romo kang murung.”

Kemudian kami bertanya tentang pangeram-eram, asal munculnya nyala api suci di gereja makam di Yerusalem sewaktu Paskah. Suara jawaban :”Yen ana alas kobong ing Kalimantan, sing ngurubke sopo? Gampangane kowe urip kuwi piye? Secara logika ana lanang ana wedok njur kowe urip. Secara rohani, kowe ana sing nyumed, kowe njur urip. Gusti kang ngandika, kang murba dadia kowe.”

Bagaimana dengan kloning Gusti? dan dijawab :”Kloning kuwi umume gagal, karepe manungsa. Isa-isa yen dadi malah memusuhi, malah ngraman, malah dadi bencana, ngeget-egeti. Ora percaya Gusti Allah kang Atunggal. Gampangane Gusti Allah ora ana.”

“Wis cukup semene wae, ndhak udan ndang kondur. Carakane ditutup dhisik.”

Jam sudah menunjukkan pukul 14.00 kemudian kami berdoa mengucap syukur dan terima kasih. Dan aku pamitan pulang ke Pasirimpun.