Selasa, 26 Januari 2010

Pengalaman 25 Januari 2010

25 Januari 2010

Senin siang hari kami bertiga dengan pak Pudjono dan pak Sumeri pergi ke Subang. Berkisar pukul 16.30 kami sampai di gereja Subang yang begitu sepi karena masih pada istirahat. Jam 17 lebih kami bertiga berdoa rosario mendoakan saudara-saudara dan selesai berkisar pukul 18.00

Sewaktu giliran mendoakan ibu Yosxxx B, yang terlihat burung kakaktua putih menghadap ke Pieta, kepalanya mengangguk-angguk. Sewaktu hampir selesai berdoa, yang terlihat anak kecil pakai kolor hitam duduk di kursi menghadap patung keluarga kudus. Sewaktu kami tanya malah pergi. Kemudian dia datang lagi bersama orang tua yang berpakaian hitam-hitam atau kelihatan hitam tubuhnya.

Sewaktu kami tanya dia menjawab bahwa namanya mbah Suta Menggolo berasal dari Madjenang.
:”Aku dhisik sing duwe lemah kene. Bocah kuwi mau pembantuku si Ujang. Papan panggonanku ana kulon kono. Dikandhani si Ujang kon niliki kowe . Kowe rak ora butuh ngombe ta? Lha iya, aku kang nguasani daerah kene, Sedaku tahun telu, adoh sadurunge Landa ana. Ana papan kene kanggonen sinau, papan kanggo nggawe eling, papan suci, papan wening..”

Kemudian mereka berdua pergi dan meninggalkan segelas kopi di kursi. Kami istirahat dan ngobrol kesana kemari.

Berkisar pukul 19.30 terlihat seseorang di kursi roda yang didorong oleh seorang perempuan. Kemudian yang terlihat kaca mata. Setelah itu kami berdoa masing-masing. Kami tidak melihat apapun, namun kemudian terdengar suara.

:”Unekna dhisik halo-halomu.” Kemudian kami berdoa lagi mengetuk pintu hati-Nya.
:”Aku diundang kudu nganggo bacaan.” Kemudian pak Sumeri membuka Alkitab Tesalonika 3 dan dibaca.

Yang terlihat seperti ada pemotongan pita, walaupun siapa yang memotong tidak kelihatan. Terlihat seperti ada lonceng kecil.
“Rungokna Gusti uwis tedhak.” Namun kami belum melihat apa-apa. :”Tedhak marani kowe.” Kami mengucap syukur dan terima kasih.

Terlihat bunga mawar putih dua kuntum seperti di gang suatu taman.
:”Mawar kiwa lan tengen cekelen kanggo persembahan.” Kami berdoa lagi mempersembahkan mawar yang tidak kelihatan.
:”Mawar wis tak tampa, saiki matura apa.”
:”Simbah endi sing kok tukoke mbako?” Pertanyaan ini ditujukan kepada pak Pudjono dan ada suara :” Wis aturmu wis bener, ganti mburimu.”

Untuk pak Sumeri :”Ambala kaping telu panyuwunmu.” Yang kelihatan lombok merah besar. :”Mesthine kanggo sing kok suwunake. Ya namung disambel. Sing lanang diuyahi kuwi wis apik. Kari nunggu wektu.”
Pak Sumeri bertanya tentang niatnya menolong orang lain dan dijawab :”Ya, ming kari mangkat tetulung.”

Untuk pak Pudjono :”Ora perlu cespleng-cespleng, sing perlu kowe manut marang Gusti.”

:”Kanggo Wira ora perlu susah, mengko rak gelem.”

:”Katekismus kuwi ajaran kang baku, kang angel ditampa kanthi lokho-lokho (?). Mulane mung kanggo kang cepeng pimpinan wae, kang cepeng padupan. “

:”Anak domba kuwi tegese Gusti rawuh kanthi prana, kanthi kasubya-subya, kanthi kaelu-elu. Mula banjur digendhong, dibopong, dieman-eman, dikudang-kudang kanthi seneng. Wis ngono wae cekake.”

“Lilin menyala kuwi tegese Gusti wus makarya, wis padhang, wus dumunung ana ati, wus ngreksa umat. Mulakna ndhisik kae lilinmu tak kon ngurubke ben ketularan madhangi, ben ketularan ben kajibahan mulang. Kajibahan paring weruh. Weruh pepadhang.”

Tentang jalan kebenaran dan hidup.
:”Tegese dalanmu kudu lewat Aku, lewat Gusti piyambak. Lewat dalan padhang kang tak paringke sing dumunung ana ajaran-Ku. Cekake kowe melua Aku, dalan padhang wis ana, mung kari tut wuri, dalane ora lunyu, ora rumpil, ora nguwatirke. Mula ndhereka.”

“Tegese dudu kehidupan duniawi ananging kehidupan rohani utawa surgawi. Surgamu saka Aku, kagungane Bapa diparingke Aku njur tak paringke sing ndherek. Dadi tegese ana kene urip langgeng. Mengko ndhak ora tekan yen ora karo Aku. Urip sejati kuwi urip langgeng. Urip kahanan sekeca ana kana. Tirakatmu tak tampa.”

:”Kebenaran kuwi tegese angel. Kebenaran kuwi luput saka pacoben, luput saka panggodha. Luput saka pasiksa. Jenenge mulus. Luput saka kamurkan Dalem, deduka Gusti. “

:”Api pencucian kuwi panggonan, dununge wong reged, wong kotor, wong njarag nerak. Gampangane kuwi panggonane wong ala.”

Bagaimana dengan kami-kami ini Gusti?
:”Jawabane ora ana, sing penting usahaa becik.”

:”Neraka kuwi kekal, api pencucian kuwi bisa diusahakke, didongakke, disuwunake. Sing ndongakake sing ngerti marang Gusti. Gampange jalukna marang Gustimu, sokur nek isih urip perlu dibaptis. Yen wis ora ana sebutna jenenge, duduhna dalane ing panjer, arahe Gusti kang paring padhang. Mula aja sok sembrana yen ndongakne wong mati. Aja gampang-gampang nyuwunke ngapura lan ngucap, ndhak muspra. Mundhak ora kalilan. Ya wis ngono kuwi. Tegese, nggonmu dongakake ora oleh nggampangke, kudu yekti.”

Bagaimana dengan yang aku lakukan sewaktu ikut perjamuan kudus mendoakan orang tua? “Kuwi bener, we banget. Malah tak kudokke. Sing penting suwuna, Gusti kang paring penentu. Gusti ora perlu nggoleki, Gusti wis ngerti sing kok suwunke.”

“Karepe menungsa arep milah-milah, kuwi sedulur kuwi dudu, Sejatine ora mangkono. Ajarane Gusti ora oleh mbedak-mbedakke. Kaya kowe nyuwunke awak dhewe. Kuwi padha wae kuwi jenenge ora lila.”

Bagaimana kalau masuk neraka? :”Sing penting dongakna, isine tetulung. Dongamu kuwi bisa ngurangi, ngentheng-enthengake, nyuda siksa. Pokoke kowe menenga wae, neraka kuwi ora ana kanggo kowe. Aran neraka kuwi aran cilaka kang ora bisa ditulung.”

Setelah mati ada kehidupan apa saja?
:”Sepisan api abadi, kaping loro api suci. Kaping telu urip sejati alias langgeng. Urip sejati kuwi papan pangentosan, panggonane para suci kang dirawuhi Gusti. Banjur mulya langgeng ndherek gusti, gampangane kasuwargan. Nek wis tekan kono bar. Kaping sekawan mulya langgeng. “

Sukma gentayangan itu apa?
:” Kuwi api suci wae durung. Durung dikapak-kapakake.” Kiamat itu apa? :”Kiamat kuwi tegese salah kiblat. Kiamat kuwi kadurhakan, pasiksan. Jenenge salah jeneng. Kiamat kuwi tegese tangine wong urip saka pasiksan. Mengerikan. Cekake kiamat kuwi ajur mumur. Kuwi mung pangentha-entha. Tegese ya mung mak lap tapa aran, tanpa bekas. Wis ngono dhisik mengko ndhak kesel.”

Tuhan membentangkan tangan :”Kuwi Gusti manjalma padha karo kowe. Gusti nekani wong kang bener.”

Alam penantian? :”Nunggu panggilan munggah swarga. Nunggu diwisuda. Cekake nunggu Gusti rawuh njur kowe ndherek. “

Roh gentayangan ngganggu :”Kuwi jenenge selip, ora tekan, kleru kang dituju. Lha ndhisik melu sapa, Aku ora ngerti. Ki Suta kuwi oncate ora bener, isih nglambrang. Kenapa dheweke ora nembung kowe kon ndongakke? Dheweke isih seneng ana kono, ora usah didongakke wae. “

:”Pak Sxxxx isih ana kana. Susah Aku njawabe mengko ndhak kok oyak. Becike lilakna wae.”

Bagaimana supaya bisa hidup mulya? :”Air baptisan kuwi nyuwargake kowe, mula kudu yakin. Olehmu nggoleki Gusti wis pener, njur apa maneh? Bedane ana rasa ati suci. Sing atine bener, luwih bersih, suci, dhisik munggah swarga. Ukurane ana ing Gusti piyambak. Tegese dudu kowe kang menilai, dudu kowe kang ngarani. Dudu kowe sing mbandhing-mbandhingke. Aja dumeh kowe bisa lan ngerti banjur mbandingke, banjur mbiji kurang leres.”

:”Ati suci resik kuwi tegese ora kena ngilani uwong. Cara kasarane mengkono, ning aja kok ucapke. Yen kok ucapke tegese padudon. Nek ngilani kuwi ana ati. Ilangana kaya mengkono kuwi. Biasane uwong kuwi ora ngerti kelemahane dhewe, ora ngerti bedhekane. Mula malah kedaden neng awake dhewe.”

Sekarang terlihat lilin (21.12) :”Tegese Gusti paring padhang. Ajaran kuwi mau yen mlebu neng kowe, tegese padhang. Mula ana kene Gusti arupi lilin. Gusti manjing. Wis Gusti wis mlebu ana awakmu. Mrindingmu wis ora ana. Liline wis ilang.”

Dja dan Edi  :”Pokoke kudu kok dongakake terus nganti mari, kudu kok jampeni. Ana kene ora ana kodrat, ning mung bocah keset, bocah nakal. Akhire keturutan rekasa dhewe.”

Kami beristirahat sejenak.

Pada sekitar 22.15 terlihat ada suksma mengaku bernama ibu Tantri Suwita dari Purwadadi, Ngijon, Klepu kidul Sendangsana. Kami mendoakan dia semoga diampuni segala dosanya dan diterima berkumpul dengan para suci. Setelah kami selesai berdoa, sepertinya dia menyembah atau berterima kasih dan hilang.

22.30 :”Taman Zaitun kuwi tempat bertemunya manusia dengan Tuhan. Panggonan ingkang resik, becik, mbejaji kang dikabulke dongane. Papan Getsemani papan pertemuan Gusti Yesus kang Roh dimateng Ingkang Rama. Papan pisowanan.”

“Papan kene diwastani papan kadang kepranan. Tegese sedulur kang teka dirawuhi, diparengake linggih celak Gusti, durung jumeneng Roh. Papan pisowanan urip. Diarani taman lelana. “

:”Gunung Tabor kuwi Gusti dimulyakake secara manusia, secara kadonyan. Dadi ratuning jagad. Nabi Elia kuwi nabi pinilih sing tuwa kang ngerti ngejawantah Gusti lan nampa prentahe. Nabi Musa kuwi pemimpin sejati kang urip, bareng karo lakune umat. Tindak dhateng tanah kamardikan. Elia kuwi luwih suci ketimbang Musa, mula bisa ngejawantah. Ngejawantah kuwi roh kang tedhak, roh kang turun.”

Mengapa Tuhan Yesus milih tedhak wonten Yahudi? :“Pangerten kuwi angel dimengerti. Hyang Roh Suci tedhak ana kana kuwi kersaning Allah.”

:”Pengertian penampakan kuwi kepiye? Penampakan kuwi ora ana. Sing ana, kowe bisa nyethakake, mujudake, ngeblatake, Bunda Maria ketok. Ana penampakan kuwi ana gambaran nyata, ana wujud nyata, kowe ora isa. Dalane dhewe-dhewe, isane dhewe-dhewe. Kowe cukup krungu, wis becik. Ora kudu butuh kang nyata.”

:”Elia kuwi roh Gamaliel (?) Roh wiji sejati, roh slamet, roh gayatri, roh mulus. Roh jajaran kamulyan.. Satrio piningit ingkang turun, satrio kang cinipta. Pinilih kuwi jajaran. Pinilih kuwi ngemu teges undhangan. Piningit ngemu teges kamurcan. Gampangane pinilih kuwi menungsa, piningit kuwi suksma. Piningit kuwi Roh kang kaagem dening Allah, yen pinilih kuwi wewujudan badan sepata.”

“Gusti rawuh ana awakmu kuwi tegese kepiye? Kawruhe Gusti nempel ana awakmu. Dadi papan palenggahane Gusti. Dadi ora kudu Gusti katon. Kandhane kowe bisa ngerti karepe Gusti, bisa njlentrehake wedharan Dalem, bisa nglaksanakake karsa Dalem, bisa ngyakinake Tyas Dalem. Gusti midhanget, ya ming Gusti migati.”

“Gusti rawuh ana blegere, kuwi tedhak. Gusti ketok ana ngarepanmu. Lha Gusti rawuh kuwi bisa firman, bisa sabda, bisa pepadhang, bisa pakaryan, bisa berkat. Ana kono kuwi Gusti rawuh arupi sabda. Firman kuwi ajaran Roh, lha yen sabda kuwi ucapan. Wawan rembag iku termasuk ajaran.”

Tuhan kami ingin mendengar dan Engkau bersabda :”Dadia kowe sak-emper karo Aku. Kuwi sabda amarga langsung. Ning yen kowe krungu Gusti ngendika, kowe supaya sak-emper karo Gusti awujud wejangan, awujud dhawuh, awujud unen-unen, awujud tetembungan, kuwi jenenge wewarah, tegese firman.”

DSA :”Kuwi tetep sabda sanajan kedadeyan lami.”

Tentang Ibu ini anakmu dst :”Ana kono ora ana sing ngedhab-edhabi, dadi disebut firman. Nek kuwi wewarah kanggo kowe, ben kowe krungu, ben kowe ngerti, arupi ajaran, kasebut firman. Ananging yen Gusti ngendika langsung karo durjana mau, ngemu teges sabda Dalem.”

:”Muliha, sedulurmu wis mari. Kuwi sabda. Aku Gusti Allahmu, aja nyembah brahala mung nyembaha marang Aku wae. Ana kene ngemu arti loro.”

Imanmu menyelamatkan  firman
Kamu orang beriman  sabda
Ikutlah Aku, imanmu menyelamatkan  sabda

Berkisar tengah malam kami beristirahat kembali.

Kamis, 21 Januari 2010

Pengalaman 14 januari 2010

14 Januari 2010

Kamis malam itu aku, pak Pudjono, pak Sumeri, pak Sumadi, pak Siahaan berkumpul di rumah pak Mardayat. Aku sendiri baru pulang dari rapat mengajak pak Ichlas untuk ngobrol tentang pendirian gereja dan mencari tanah makam. Kemudian pak Ichlas pulang duluan. Yang jelas malam itu aku merasa kedinginan sekali dan merasa sakit masuk angin. Rasanya aku lebih banyak tidur bersama pak Siahaan karena menahan dingin dan sakit.

Berkisar pukul 23.00 pak Sumeri melihat simbul bunga mawar berwarna ungu masih ada daunnya. Hal tersebut diiyakan oleh pak Pudjono. Kami berdoa bersama mohon kehadiran Tuhan menemani kami yang sedang ngobrol rohani. Pak Pudjono mengatakan bahwa Tuhan Yesus berkenan menemani kami dan memberikan pengajaran.

Ajaran Tuhan Yesus malam itu antara lain :
1. Mawar wungu iku lambang Jawa kuna sing ateges kasugihan, rajabrana.
2. Berkenaan dengan perjalanan ziarah sembilan gua Bunda Maria, simbul anak domba dan tembok batu sewaktu di Cisantana Kuningan :”Tembok iku ateges ana halangan amarga lagi wiwit perjalanan. Lha yen anak domba iku dadi awal, mulabukaning ceritane lelakon.
3. Simbul grojogan banyu sing mili manduwur, yen ditutake terus bakal ketemu sumbere urip. Banyu kuwi lambang sumber kehidupan, lha yen banyu kang mili mandhuwur, kowe ya kudu ngetutake munggah, aja ngeli, mundhak kowe kesasar. Banyu kuwi among kanggo sing sowan wae
4. Babagan simbul lawang gedhe kang katutup Alkitab sing terbuka, iku maknane piwulang, pitulungan lan ganjaran uwis ana kono. Alkitab sing uwis kabuki dianggep wae yen kowe uwis nglakoni, lan saiki kari nurut munggah ben ora kesasar.
5. Simbul mawar ing bengi iki, ing sak kiwa-tengene dalan ana tancepan mawar abang. Wis, kowe mlakua terus turuten dalan kuwi. Saiki maware uwis dadi warna ungu, ateges yen lakumu rekasa ananging nyedhaki tekan. Nek uwis tekan, kuwi ayem. Jarak wiwit mawar abang tekan mawar wungu kuwi adoh banget, kang ateges kudu gelem nglampahi sengsara. Lha yen simbul mawar putih ing cedhake lilin, iku ateges yen pepadhang uwis nyata.
6. Simbul lawang gapura gedhe ukir-ukiran ana salibe, ana kono kowe nyuwun marang Gusti supaya dibukaki lawang. Terus piye carane ngetuk lawang kuwi? Gusti uwis kenal karo kowe, kowe tinggal halo-halo njaluk tulung. Gusti terus utusan kon mbukak lawang, Abraham sing arep mbukak.
7. Yang terlihat oleh pak Pudjono ketika pintu dibuka, seperti sesuatu warna halus putih roh Tuhan Yesus.:”Yen wis ketemu Gusti Yesus ya ndang cekelen, ben diuncalake menyang swarga. Ateges lawangmu uwis ketemu, peziarahanmu uwis tekan. Dadi yen dieling-eling ana mawar putih, abang lan wungu, iku tetenger kanggo kowe. Kanggo wong liya beda. Iki dalan sing cedhak.
8. Tentang Injil “mintalah maka akan diberi,” ora perlu njaluk, Gusti uwis pirsa sing kok goleki.
9. Pitakon-Ku:”Kena apa kowe nggoleki Aku?” Jawabane ana Alkitab; mula ana kene ora digambarake lawang swarga, ananging Gusti dhewe. Dudu lawang swarga sing dikunci, ananging kunci sing wis kok duweni.
10. “Banjur yen kowe menyang swarga, nyusul sapa?” Sing kok goleki ya uwong kang ditulungi Gusti.
11. ……….., cukup samene wae, kowe durung oleh ditambah, mengko kowe ndhak niteni uwong-wong sing ndherek Gusti apa ora. Sing penting lakonana dhisik, mengko kowe lak tekan. Keputusan munggah swarga utawa ngenteni lewat Aku.
12. Pak Pudjono menanyakan bahwa Bunda Maria naik ke surga bersama raganya, apakah kita diperbolehkan melihat Bunda di surga. :”Kuwi critane uwis beda, urusanmu durung rampung.”
13. Tentang doa untuk yang sudah meninggal bagi yang non katolik, dijawab :”Kowe amung nggiring lewat dalan sing kok karepake, ben bisa padha lakune sing mbok dongake lan lakumu. Donga sing tak ajarake ndhisik kuwi uwis nduduhake dalan, ananging sing mbok dongakake durung kenal tandha-tandha dalan kuwi, ananging ……., mula dongakna terus lan sebuten jenenge, titipna menyang sumbering urip, sing kasebut Sang Hyang Roh Suci.”
14. “Gusti Yesus iku uwis melekat ana atimu, lha yen Sang Hyang Roh Suci iku sebutan umum sing ora mengenal bangsa utawa dhuta.”
15. “Jane kowe kan butuh kunci iku tha? Gambaran iku ana temenan, mula kudu digugu, aja thingak-thinguk, mengko malah ucul.”
16. Pertanyaan tentang sanepa aksara Jawa:”Ka Ma Ba Tha Ra tegese ratu alam baka. Ga Da Sa Nya Ta tegese deduwekmu kang aji, kang kudu dipersembahkan nyang sing gawe urip. Iku nyawamu. Na La Pa Dha Nga Ja Wa tegese lebur ora katon cirine, ora katon ......... Dadi siji manunggal mulya. Ha Cha Ya ateges padha manunggal. Nalapadhangajawa Hachaya intine “jadilah garam dunia.”

Komunikasi rohani ini disudahi sekitar pukul 01.00 hari Jumat dan kami pulang ke rumah masing-masing setelah ditutup dengan doa.

Selasa, 19 Januari 2010

Pengalaman 18 Januari 2010

18 Januari 2010

Di rumah pak Pudjono bersama pak Sumeri dan pak Yohanes berempat denganku. Berkisar pukul 21.30 Tuhan Yesus terlihat sedang berdiri diatas laut sepertinya daerah Pelabuhan Ratu. Tidak tahu mengapa koq masih disana dan jam sudah menunjukkan 22.45. Yang kelihatan dari sore buah kelapa yang juga tidak hilang-hilang.

Tuhan, mengapa berada di Pelabuhanratu? Dan dijawab :“Mengko dhisik oleh-Ku njawab.” Kemudian sunyi sejenak dan diteruskan :“Padha ngenteni sedhelok, dongak-dongakno Aku lagi ngenteni pamilahing urip.”

Berkisar pukul 23.00 kami berdoa kepada Tuhan Yesus. Yang terlihat botol hijau berisi zat cair.

Simbul yang diberikan adalah tangga (andha). Kata-kata yang terdengar :“Uyah, uyah kajarah. Tegese beciking uwong dientek-entekke. Lakune uwong saiki mengkono. Jenenging uyah dijarah, rak uwis kebangeten. Lha yen njarah rajabrana kuwi umum. Yakuwi judhule ing bengi iki. Rada suwe ora apa-apa ya, lagi dibagi-bagi.” Yang kami jawab, Inggih Gusti.

Kami cukup dheg-dhegan karena sepertinya akan terjadi bencana besar di negara ini. Entah apa itu dari air ataupun api atau malah yang lainnya. Aku bertanya yang agak menjurus karena ingat doa pesan dari Vassula. Gusti, menapa wonten hubunganipun kaliyan donga ingkang dipun paringaken dumateng Vassula?

Jawaban yang kami terima :”Ana lan tegese malah luwih jero. Ana kene dibutuhke dongamu kang luwih, gen sedulurmu padha slamet.” (Aku semakin bergetar dalam hati, dengan membayangkan suatu kejadian yang dahsyat)

:”Dongane diawali nganggo: Gusti rawuha ana ing atiku;, Sauwise kuwi sebutna jenenge sing kudu dislametke, sing kudu ditulungi. Gusti nyuwun ndherek sedherek kita pun nami XXXXX taksih nyuwun gesang, taksih nyuwun slamet lan sakpiturute. Ambalana kaping telu. Muga Gusti ana ing atiku, dongaku tumama. Bahasa harian dongamu majas.”

Karena belum bisa membayangkan hal yang akan datang, kami berdoa untuk beberapa orang yang sedang sakit maupun membutuhkan bantuan yang lain, yang kami ingat saat itu.
Karena Tuhan Yesus sepertinya begitu jauh disana, maka kami ngobrol bahwa Dia tidak datang. Kemudian ada suara yang terdengar :”Gusti adoh ora apa-apa, sing penting atimu manteb.”

Karena ego kami maka pak Pudjono masih bertanya setengah menawar :”Gusti koq mboten ngutus para suci, Santo Petrus utawi santo Yusuf”? Segera muncul suara jawaban :”Ora usah diunek-uneke, ora apa-apa. Dongamu mau kurang cespleng. Ngene wae : Maria jabang bayine XXX, amarga Gusti manjing ana atiku.”

Kami berdoa kembali bagi yang telah kami doakan tadi. Kemudian pak Pudjono bertanya bagaimana tandanya kalu Gusti sudah manunggal bersama kami. Jawaban yang didengar :”Gusti manjing ana awakmu tandha-tandhane yen kowe dhredheg, apa maneh, luwih-luwih yen lambemu nganti ngewel. Paribasan kowe bisa mlumpat, mabur ngambang.”

“Ya kuwi, Gusti lagi perlu, kowe nyabang-nyabang wae. Sing jenenge nyabang ya mung oleh sethithik. Bengi iki kowe mung mikir lagi nambani uwong, ora mikir sing luwih jero.”

“Sedhela maneh bumi bakal kuwalik. Sing dhuwur, sing sugih bakal diobrak-abrik, direndhahake, dipojokake, digemujengke. Dina iki dina kang wigati kanggo kowe. Kowe ngerti yen arep ana bencana, wis tak paringi ngerti. Tandhane kowe ndhredheg. Becike sabara, sing penting ora keduwung. Sing ugal-ugalan bakal sirna, sing nampa upeti bakal dikuya-kuya. Sing nampa jejibahan bakal ditagih merga saka unine dhewe.”

”Larangan marang wong kang becik, unine mengkene : Dongaku kanggo anak-anakku, kabeh slamet. Kowe kudu mikir uwong liya uga. Tanganmu kuwi uwis dadi tangane Gusti, uwis diurapi, uwis kalebu tangan asta asih. Tangan asta menang kumala. Tangan kang andarbeni wuwujudan nyata, wewujudan kasih, dumunung ing donya. Dadi aja nganti dianggo sembarang nyekel. Arep nyuwun apa maneh saliyaning tangan?”

Kemudian aku berkata bahwa memohon untuk mulut kami yang masih sering ngomong seenaknya. Dan dijawab :“Luwih apik Aku ngresiki pikiran ketimbang ngresiki cangkem, sebab akehing perkara saka pangothak-athiking pikiran, pengothak-athike niyat, pengothak-athiking jangka. Mula pikiran wae sing tak resiki. Ya wis menenga, mengko yen Gusti manjing rak ndalan”

“Iki ana dahana mulat, ana kidul kulon, mula Gusti jumeneng ana kene.”
Wonten laut utawi dharat Gusti? Kemudian dijawab :”Yen ana laut ora tak parani. Kowe yen duwe sedulur ana kana, kandhanana kon mlayu. Ben braja ora nyamber.”
Kinten-kinten benjang menapa Gusti? :”Ya, ya bar-bar Paskah, April mburi.” Menapa mboten saged dipun cegah ta Gusti? Tidak ada jawaban yang terdengar.

Aku bertanya apakah masih di Indonesia atau bisa daerah atau pulau lain, dan dijawab :“Dhaerahe isih kejangkau menungsa.”

“Kudune bengi iki sing kok dongakake paling ora sepuluh ora mung lima.”

Aku mencoba menulis nama-nama yang perlu didoakan antara lain :Andi/Edhi, Wahyuni Sardiman, Ny henny jack, bu Surbakti, Mardayat, nya Jaelani, ny. Sinaga, Rudolf, sugimin, ny. Yosef Batafor, Jack Hallan, Imas Kartini, pak Yono, bu Hadi, bu Linus, ibunya Simarmata., ny Sihombing.

Pukul 01.00 yang terlihat seperti sinar kuning di selatan, kemudian sinar tersebut berjalan ke barat seperti simbul bencana. :”Ana wong klelep pitungpuluh.”
Kami mengucap syukur dan berterima kasih dan mulai gobrol santai membahas apa yang telah kami terima. Kemudian terlihat seperti pyramid di atasnya ada bulan sabit, terlihat orang gundul. Bulan sudah mulai hilang, kemudian ada seperti lepek berlilin dan anak kecil telanjang yang sering menolong. Kemudian terlihat seperti rumah orang irian dari rumbia. Setelah itu terlihat payung ,dibawahnya buaya menganga mulutnya.

UMI : Union Mission Image = kawulane Gusti padha ngumpul teka (hal ini berhubungan dengan group pak Pudjono di Yogya dan akan diberi nama UMI, bentuk U-nya hampir mirip piala karena seperti ada kakinya)

01:20 terlihat seperti orang laki-laki pakai bebetan beskap putih. Pangeran Wira Murti, babagan Dhaha. Tegese ungguling prajurit kang menang. Wira iku prajurit, Murti iku aji. Prajurit kang mumpuni.

Kemudian hilang dan muncul anak kecil telanjang kembali. :”Jenengku jabang bayine dhewe-dhewe.” Terus niat ingsun :”Sang Hyang Suksma metua, ana para gawe.” Hal ini berhubungan dengan pak Sumeri yang ingin belajar membantu orang lain dengan bantuan rohnya pribadi, namun cukup melelahkan.

Berkisar pukul 03.00 kami pamitan pulang.

Senin, 14 Desember 2009

Kelahiran Tuhan Yesus

Semua orang sudah memaklumi bahwa kelahiran Tuhan Yesus diperingati setiap tanggal 25 Desember. Banyak teori dan sejarah sudah dipaparkan dan itu sah-sah saja, karena yang terpenting adalah bagaimana Tuhan Yesus bisa selalu lahir ke dalam diri kita masing-masing setiap saat.

Mungkin ini cerita ngayawara yang diperoleh dari pengalaman rohani kelompok Durpa dan aku mempercayai itu. Tuhan Yesus berkenan hadir dan memberikan rahasia kelahiran-Nya kepada kami krang lebih sebagai berikut :

Bunda Maria mengandung hanya tujuh bulan, bukan seperti biasanya sembilan bulan.
Bulan keenam berkisar pada bulan Agustus (Sept ketujuh, Oktb ke delapan dst).

Pada tanggal tiga Maret tahun tiga sebelum Masehi (dihitung mundur)kurang lebih pukul sepuluh malam Tuhan Yesus dilahirkan oleh Bunda Maria secara misteri. Hari tersebut jatuh pada hari Sabtu Legi (mungkin Jumat malam). Bayi Yesus sudah seperti bayi tiga bulan dan sudah bisa melihat. Yang mengetahui kelahiran tersebut hanya Bunda Maria, karena Santo Yusup sedang keluar.

Pada waktu itu di sana (Betlehem) matahari berada di atas yang diperkirakan musim semi atau panas, sehingga para gembala berada di padang rumput bersama domba-dombanya. Mereka menerima misteri penampakan malaikat bahwa Imanuel telah lahir dan diminta untuk menyambanginya.

Pesan Tuhan Yesus kepada kami :
Untuk mengucap syukur dan bergembira, supaya mengikuti ajaran gereja yang disepakati pada tanggal 25 Desember.
Untuk pribadi dan keluarga, diingatkan agar mengucap syukur pada setiap tanggal 3 Maret.
Tidak ada ajaran baru, karena segalanya sudah pernah disampaikan.
Memang masih banyak misteri yang belum dapat diungkapkan oleh manusia, sehingga penafsirannya bisa bermacam-macam, dan itu tidak apa-apa.

Mungkin perlu para ahli untuk meneliti, menyelidiki apakah kejadian tersebut lebih mendekati kebenaran atau ...... .

Bisa dilihat di pengalaman bulan Maret 2006

Selamat menantikan kedatangan Sang Juru Selamat, yang masuk dan meresap ke dalam diri kita masing-masing. Gusti manunggala kaliyan kita sadaya.