Kamis, 04 November 2010

Pengalaman 1 November 2010

1 November 2010

Siang itu pak Sumeri memberi kabar akan ke rumah pak Pudjono yang akan pulang ke Yogyakarta sorenya. Aku menyusul dengan membawa tiga bungkus nasi Padang. Kelihatannya mereka berdua sedang berkomunikasi rohani dengan Bapa Paningal.

Berkisar pukul 13.00 ada simbul lilin besar menyala. Kemudian pak Sumeri bercerita tentang situs blog Murtadin yang agak mengagetkan. Maka saya bertanya apakah betul wahyu yg diterima Xxxxxx seperti itu. Suara yang terdengar :”Bathangen dhewe. Kuwi saka Gusti apa saka sapa?”

Kami berkomentar macam-macam, kemudian suara yang terdengar :” Kuwi turunane ular beludag.”

Aku agak heran sewaktu pindah duduk di lantai, aku hang ... tertidur cukup lama. Memang badan sedang capai, kurang tidur selama beberapa hari.

Jam 15.00 ada simbul gambar wayang raksasa besar sekali dan kelihatan dekat :”Dhanyange bumi metu.” Tidak ada terusannya.

Kami bertanya tentang orang yang baru saja meninggal, apakah tidak semua bisa menembus batas ruang dan waktu termasuk bahasa; seperti kami mendoakan orang yang berbeda agama, atau beda bahasa.
:”Wong kuwi durung bisa nampa donga kabeh. Sing digawa mung donga asline. Sing tak karepake, kuwi donga sing dingerteni wiwit cilik. Yen wong Kong Hu Chu didongakake nganggo cara KongHuChu. Wektu kuwi ya durung jumbuh. Kuwi etungane ora nganggo wektu, ning nganggo rasa..”

:”Nasibe padha. Umume wong Katolik iku wong pengertian. Sing dingerteni ya dongane dhewe. Didongakake sapa wae oleh ning ……. (hilang).”
:”Alang ujure kuwi ana cangkemku, dudu cangkeme sing donga. Mula kowe aja bimbang, ora usah sumelang. Bapa di surga wis pirsa. Air baptisan lan Komuni kuwi manjur, nylametake nyawa..”

:”Biasane yen wis mendekati 700-800 dina sakuwise mati, lagi bisa bahasa roh, bisa macem-macem, nampa pandongane wong akeh.”

Bagaimana jika untuk orang abangan?
:”Wong kang mangkono kuwi sing dideleng, sing dirakut dongane anakke utawa sedulure, sing dianggep bisa nulungi lampahe. Sebab kuwi dianggep sarana langgeng.”

:”Nek mbok Tasmini sing disenengi, sing diugemi, sing digelemi suarane pak Sumeri. Biasane cukup manthuk..”

Bagaimana doa yang terkena musibah bencana?
:”Sing dianggo tetep dongane sedulure, sebab kuwi sing dianggep jiarah. Gampangane dongamu mung ndandani. Tegese mung kabecikan, ikut bela sungkawa, ora ngrungkebi. Sing ngrungkebi sing jiarah. ……. Saat kuwi dongamu ora kanggo, sing kanggo sing masrahake.”

Apakah betul orang Kristen tempatnya di Api penyusian dan surga (maksudnya tidak akan ke neraka)?
:”Neraka ana, api penyucian ana, swarga ana. Pokoke neraka tetep ana, pacoben ana, swarga ana. Neraka, pacoben, swaga kuwi rak arahan papan panggonan sak-uwise mati. Gumantung pakaryane duk semana. Wektu urip.”

Mengapa Diana tidak bisa berkomunikasi rohani dengan mbah Baud?
:”Cekelane Diana kurang dhuwur, kurang transparan ing ati, kurang putih ana ati. Dadi kurang mau menerima,, ora gelem nampa sak kabehe, isih nganggo rasa. Gampangane ora gelem nampa, malah mbedhedheg atine..”

Bagaimana dengan model doa arwah sampai 1000 (seribu) hari?
:”Nek wong nyewu kuwi tegese kanggo ndongakake keri dhewe, dianggep sewu dina wis cukup membantu, menolong, nyengkuyung, age-age gesang langgeng, sing dimaksud slamet. Umume mung tekan sewu dina. Kuwi urusane menungsa, karepe sing isih urip. Sing ana kana, sing wus seda gumantung gandhulane sapa, ndherek sapa. Mbuh swarga, mbuh ….., apa swarga apa dahana mulat, “?”

Bagaimana dengan mendoakan setiap saat atau setiap tahun?
:”Ubarampe apa sing kok tumindakake kanthi prasaja, kanthi legawa kanggo swargi bapa biyung, mbuh wis pirang tahun kapundhut Gusti, cekak atine kang kok kirim donga, kang kok suwunke ngapura, mesthi ___ bakal manggih begja.”

Sebenarnya bagaimana dengan model seperti mbah Baud?
:”Papan Pangentosan dudu, Palerenan dudu, kelanggengan dudu. Ndherek sapa, Gustimu ora ngerti. Urip neng kono dhewe ya ora pirsa. Ya kuwi, gandhulane urip ndherek sapa.”

Apakah bisa didoakan?
:”Aja-aja neng omahmu dhewe ana sing tunggu. Nek ora njaluk, ora nemoni, ora mepet awakmu, ora perlu, ora usah.”

Terus namanya apa, Tuhannya siapa?
:”Sukma Dora Dahana ora ana. Panglipur Jiwa ora ana, pasiksan ora ana. Sangkal suwita ing Gusti ora ana. Wong kaya ngono kuwi waton tumindak leres, ora ana siksa. Jaman kuwi dianggep jaman „mbuh ora weruh” sing penting tumindake becik; Agemane ya ora ngerti, Gusti ana ngendi ya ora ngerti.”

:”Aja nyalahake Gusti Yesus. Nemoni kowe wae ora.. Kudune ngongkon kowe dhisik, wong sing isih urip. Banjur kok tuduhake dalane, kok suwunake. Boro-boro gelem, wong ana kana kepenak. Ora awan ora bengi, ora adhem ora panas.”

:”Mengko nek Kiamat, kabeh dikumpulake, sukmane ben ndhene, ben ngadhep dhewe, ben ngomong dhewe. Ya dalane ora nganggo dalan agama. Dalane dalan kanugrahan, dalane dalan welas asih. Jenenge Dalan Kendel Sepata. Tegese wis bubar, urusane tanpa syarat..”

Bagaimana yang kenal agama tetapi masih nglambrang?
:”Sing kaya ngono kuwi malah sing diarani Sukma nglambrang, ora ngerti panggonane, ora ngerti tujuane. Nanging ora kabeh mengkono. Ora njur dianggep kabeh ora tekan. Kuwi sing sok gampang kesahut, gampang kepikut. Gampangane kesaut melu roh jahat. Mesakake. Yen bisa sembadanana, nek ngerti jenenge, nek apal wonge, nek kowe lila atimu.”

Bagaimana dengan kelompok Amrozi atau model teroris seperti yang di Indonesia?
:”Kuwi rak di seberang jalan karo kowe, kok direka-reka. Wis nemu ajale mbok wis ben.”

Maksud kami kasihan, mungkin bisa didoakan
:”Memange kowe isa ngusir roh jahat, isa nglindungi dheweke saka kungkungan kejahatan? Dheweke wis dadi balane Si Jajul.”

Kami berdoa mengucap syukur, karena sudah petang dan pak Pudjono siap-siap. Saya mengantar sampai terminal.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.