Kamis, 04 November 2010

Pengalaman 28 Oktober 2010

28 Oktober 2010

Kamis malam kami berkumpul di rumah pak Mardayat; aku, pak Pudjono, pak Siahaan, pak Abraham, pak Yohanes. Kemudian datang pak Sumadi, mas Agus Sudarno, pak Hartono dan pak Wahyanto.
Sebelumnya saudara pak Mardayat (pak Suwarno Kushadi) sudah konsultasi kesehatan untuk istrinya yang sakit payudara.

22.45 simbol yang kelihatan oleh pak Pudjono, gunung Merapi seperti digaru diratakan ke bawah. dan masih terlihat. Kami berdoa untuk para saudara di gunung Merapi. Kemudian kami bertanya kira-kira berhenti atau malah membesar, ada kurban atau tidak:”Ora ana liya sing ngerti sedulurmu dhewe. Nek kowe ora oleh weruh.. Yen wingi sagenggem, saiki sak tenggok.”

Apakah bisa disyarati untuk mengurangi jumlah kurban :”Syarate getih abang.” Yang terlihat simbul degan dipotong/ diparas. Selama ini menjadi simbul untuk orang mati.

Apakah ada yang menjaga gunung Merapi, tetapi tidak ada jawaban.
Simbul yang kelihatan malah simbul gunungan tetapi seperti ada lampunya.
:”sing dianggo sing mburi. Papan kamulyan Dalem arep turun, arep rawuh. Tegese cagak (yang kelihatan warna hitam) Ya pantes yen cagak kuwi ireng marga abot. Gen tetep dadi tunggul. Dadi kowe kabeh yen wis dadi panutan, kuwi abot. Aja nganti uwal, aja nganti bedhol. Dadi dudu Gusti Yesus sing rawuh ananging jiwamu dhewe-dhewe. Kajaba nyangga awakmu dhewe, nyangga kanan kering, kaya ucapanmu mau. Cagak kuwi mau kumpulaning atimu. Aja nganti goyah, ndhak ngisin-isini. Aja nganti liline mati. (sekarang cagak sudah berubah menjadi putih). Juru selamat masa kini, juru selamat ginawe ayu. Dadi kowe kudu bisa dadi juru selamat. Percuma Roh Kudus mapan, kowe aja ngguya ngguyu, ketoke rada maido.”

Menapa malih Gusti? Seratan utawi ungel2 menapa?
:”The first order, Son cum laude decide be size ”home side” guide homeless “

Sekarang yang terlihat seperti kitab tetapi tidak tebal dan masih baru.
:”Kitab cekelane para nabi gen bisa munggah swarga. Dadi duwe cekelan dhewe. isine darma mukti, darma wisuda. Kelakuanmu kudu kok tepakke ana awakmu dhewe, iso apa ora? (ada gambar cakar ayam, jago berjalan pincang) „

Simbol lainnya?
:”Gampangane anggepen wongliya kuwi ya awakmu dhewe. Nek nggawe susah wong liya, susahe dhewe. Nggawe rekasa wong liya rekasane dhewe. Nggawe ajal wong liya kena awake dhewe. Tangane wong liya anggepen tangane dhewe. Tegese yen ana wong nabok, ana wong milara, anggepen ora ana apa-apa. Gampangane ora oleh nekakke kuk, ora oleh ngewanke uwong. “

Gusti kok ajaranipun kados mekaten, wonten menapa? sepi tidak ada jawaban

:”Cekelanmu kitab warta lelampah utama. Gampangane kitab para rasul. Kuwi anggonen, rak slamet. Tugasmu genti nggenteni para rasul. Wong wis diwisuda kok isih bingung. Dadi yen dadi rasul ora perlu nek pas ngumpul. Wong Roh Kudus wis turun kok isih wedi. Ya manut kekiyatane dhewe-dhewe, manut bisane dhewe-dhewe. Ora perlu ngemu teges agung, cukup nyuwita ing Pengeran. Danganing penggalih ora saka akeh maca, akeh tuladha.”

Kelihatan buku sudah ditutup :”Saiki kowe padha ndongaa dhewe-dhewe. Kowe mesti wis duwe tugas dhewe-dhewe minurut pengangen-angenmu, ndongakke sapa wae oleh. “
Kami berdoa bersama dengan ujub masing-masing.

Kemudian terlihat nasi satu lepek (satu cawan). Tegesipun menapa Gusti?
:”Dhaharan jasmani wis cumawis, mung kari kudu kok genepi nganggo makanan rohani. Genti ana kene kowe sing nyawisake, gen kabeh melu mangan.”

Menapa menika Gusti :”Dongamu kuwi mau isih kurang panjang, kurang komplit, isih kurang akeh. Kuwi sing kudu kok cawisake. Ora tak arani bengi iki, kena liya dina. “

Menapa malih Gusti? :”Gunane melek bengi, kejaba dadi kidung, uga dadi sarana kabecikan, sarana tetulung, sarana ungkapan kasih mring pepadha; Ora apa-apa ndongakke wong sing ora ngerti, ora krungu. Kuwi becik Mesthine imbalane ya ana.”

pak Sumeri melihat seseorang seperti biksu berpakaian kuning :”Yakuwi Bapa fadjar Baru sing arep ngekeki pencerahan marang pak Sumeri. Yakuwi roh kang awujud.”
Yang terlihat Bapa Fadjar Baru menjadi satu dengan pak Sumeri dan terlihat seperti orang bersila. :”Jagadmu isih abang.” Kemdian spertinya Roh Kudus turun kepada pak Sumeri yang membuat putih, berubah seperti burung blekok. Alkitab ditangan pak sumeri dan diletakkan di dada. :”Rubahen atimu nganggo atiKu. Pak Sumeri, Sang Sabda uwis rawuh. Unjukna atur. Wis sethithik wae. Madhepa ngetan, ngadega kabeh berkatana.”

Ada simbul gigi geraham :”Paribasan wis dewasa, wis kuwat.”
Terlihat seperti tangan kanan diacungkan kedepan seperti memberkati.:”Jane kowe krasa apa ora?” Pak Sumeri menjawab bahwa kraos. :”Nek krasa ateges Gusti wis makarya”

:”Gampangane umbaren, kabeh omonganmu kanggo.”

Kemudian terlihat sepertinya pak Mardayat ngrogoh sukma berdiri di belakang mas Hartono.

Sepertinya pak Mardayat kepanjingan Bunda Maria, karena berubah seperti Bunda membawa tasbih dan bermahkota.
Bunda Maria :”Berkah ora saka aku, aku mung menyampaikan.”

Pak Mardayat diminta ngajar namun sebagai pengantara Bunda Maria.
:”Penyuwunmu marang Putraku wis ..... (nggak bisa ngejar kata-kata pak Mardayat)

Bunda Maria :”Urusan doa tetep marang Allah Bapa. Aku mung nggenepi. Kurang luwihe saka pengentha-enthamu, banjur diaturke dening Bunda marang Gustimu. Dadi isine doamu, Bunda kang nggenepi amrih dadi kinarbuka ing astane Hyang Rama. Wis semono wae, mengko ndhak aku dioyak.”

Penjelasan doa yang langsung ke Allah Bapa, dimana Tuhan Yesus:
Bunda Maria:”Letake Gusti Yesus dadi siji karo Bunda.”
:”Pokoke loro-lorone bener. Mung umume aku dikiwakke. “
Dongamu kuwi lancang, wong kowe durung tau weruh Gusti Allah. Sing ngerti aku.”

:”Aturna marang Bunda ben Bunda sing ngaturake Dongamu becike kaya mengkono. Dongamu kudu kok aturke marang Bunda utawa GustiYesus. Kuwi pokok pangerten urut-urutane.”

Penjelasan doa Bapa Kami ? :”Bundamu kuwi Bunda segala bangsa. Nek kowe donga Bapa Kami ndhak kowe kleru sing nyembah, ndhak nyembah allah lain. Inti utamane lewat Bunda karo Gusti Yesus. Doa Bapa Kami dianggo ndhak kowe nggoleki allah lain.”
:”Doamu kuwi senenge bertele-tele. Sing kanggo Bunda Maria/ Tuhan Yesus doakanlah kami, Ben uwong kuwi mari, ben uwong kuwi lancar. Keblatmu rak nyang Allah Bapa njaluk kawusanan. Ning apike sing ngaturake Bunda.”

Ampuhnya doa Bapa Kami?
:”Ampuhe yen kowe ngakoni yen Gusti Allah ana. Penyuwunmu kuwi tetep neng Gusti Yesus. Sing ngusadani, sing nuntaske Sang Hyang Rama kang ana. Sang Hyang Rama kuwi jejer, kang ana kuwi kang linuwih kang ora katon. Gampangane Sang Sabda. Dadi yen kowe nyebut Sang Hyang Rama, mungkin neng atimu ora ana Sang Sabda. “
Ana kuwi tegese ana kang ana ananing ana, dudu ana ateges suasana utawa ana ing sasana.

Bapa kami yang ada di SURGA ? :”Ana kene ngemu teges papan panyembahan, papan kang suci, manggone utawa tempate, letake, singgasanane ana ing swarga ning ora kudu swarga. Swargane gawenen dhewe. Pangerten kuwi angel kanggone kowe, gampang kanggone Bunda.”

:”Nek kowe isa ngilangke duniamu, nglalekke rekasamu, pikiran jahatmu, pikiran alamu. kowe wis bisa mbayangke yen swarga kuwi ana. Ning kowe durung bisa ngrasakke tenane swarga. gampangane kowe lagi ngerti kahanan neng swarga sing kaya pengimpen-impenmu. Swarga kuwi kahanan kang nyata, gampangane mulya.”

:”Donga kurang dawa, dongamu lagi sethithik ora murakabi wong liya. Bertele-tele, dongamu kuwi njelehi. Penjalukmu kuwi mboseni. Cukup nyebut jenenge, Bunda lan Gustimu wis pirsa. Sakjane dongamu kuwi karepe rak cepet rampung. Intine rak nyuwun mari, rak nyuwun jodo, rak nyuwun dangan. Bunda kuwi wis pirsa sebuten jenenge wae. Wis ta mengko rak mari. Doa ungkapan iman kuwi doa sing tanpa pamrih. Kuwi ateges memuji memuliakan, mengungkapkan. Doa sing pendhek kuwi doa cepat tepat. Mosok kowe kepleset ndadak nganggo doa panjang, wis tiba.”

Bagaimana doa 2 jam? :”Jane donga kuwi piye ta? Donga sing dawa padha karo donga sing cekak. Yen kowe ndonga rong jam telung jam ora papa, diisi ukarane dhewe kena, diisi pangayubagya bisa, Nyanyian kuwi pangalembana oleh.”

:”Donga kok nganggo maca. Yen dibatin mengko kowe diganggu liya-liya. Memangnya padha iso meditasi? “

Doa dinyanyikan :”Kuwi luwih apik, sebab yen kowe nyanyi pikiranmu malah sawiji. Mazmur lan litany oleh ning kudu diapalke.”

:”Dongamu kuwi sak rangkean, wiwit saka menyat saka ngomah, nganti tekan ketemu wonge, kuwi kanggo. Niyatmu saka ngomah rak kepengin nambani.”

:”Nek Bunda isih kanggo, Bunda isih ana, arep ngetutke kowe tekan ngomah.”

Kami berdoa mengucap syukur, kemudian sebagian besar pulang tinggal tuan rumah, aku. pak Yohanes, pak Pudjono, pak Sumeri dan mas Rudi.

Sebaiknya dalam doa permohonan, penyuwunan dahulu baru doa pakem.

:”Sing genep rosario kuwi 150 kanggo satu ujub, ora kena liyane numpang, ora kena liyane nunut.”

Utk pak Pudjono kurangane isih akeh durung genep.
Sing disebut satu ujub kuwi satu perkara, sak panyuwunan, mung mligi. Apike neng kene ora susah nyang-nyangan.”

Bagaimana jika kepada Tuhan Yesus dengan ujub yang banyak tanpa rosario :”Biyen-biyene donga kuwi mung siji, Bapa Kami, kena dianggo apa wae. Banjur muncul doa-doa kang akeh kanggo samubarang, nganti bisa teka jroning ati, njur dadi pengganti doa Bapa Kami thok. Ana kene nilaine padha, padha benere padha apike padha anggone, padha ditampane, padha diaminke. Kabeh oleh. Kowe arep gawe donga sing madik-madik nganggo tata caramu, waton diwiwiti Bapa Kami, ampuhe padha. Tegese tetep Kabul.”

Doa Bapa kami bisa untuk ujub yang banyak? :”Apike aja. Doa Bapa Kami cukup untuk memuliakan Allah. Yen rosario kabeh kuwi mau kan rangkaian termasuk Bapa Kami”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.