Kamis, 04 November 2010

Pengalaman 19 Oktober 2010

19 Oktober 2010

Selasa pagi aku akan ke Pasirimpun namun mampir dulu ke rumah pak Pudjono karena beberapa hari tidak bisa berkomunikasi. Kami hanya ngobrol berdua ngalor ngidul dan kebetulan sama-sama tidak begitu segar karena batuk pilek.

Sedang enak enak ngobrol pak Pudjono melihat simbol sepet (serabut kulit kelapa). Biasanya sepet dipergunakan untuk menyalakan bara api membakar kemenyan untuk orang meninggal. Kemudian terlihat ibu-ibu tua menggendong tenggok (keranjang bambu) minta nasi, Kami tanya namanya mbah Rasa yang kemudian pamit setelah diberi nasi dan berkata :”Aku utusane Prabu Baka, arep teka rene.”

Kemudian datang laki-laki berpakaian putih putih mengaku bernama pak Sunat (?) yang juga utusan Prabu Baka. Dia kemudian pergi setelah berkata bahwa Prabu Baka mau datang.

Setelah itu terlihat simbol harimau belang jantan yang memberi salam dengan cakar depannya menggaruk-garuk ke tanah. Dia mengaku bernama Prabu Siliwangi, yang kemudian pergi.

Kemudian terlihat simbol gunungan kecil. Menghilang dan muncul seekor monyet hitam besar. :”Jenengku Ki Waskitho. Rupaku ala ananging bener lan apik,”

Kemudian terlihat kerbau hitam besar berlari-lari dan berkata bahwa namanya Ki Sengkolo. Setelah itu berganti seekor burung garuda besar sekalu, di paruhnya menggigit uang koin.:”Jenengku Pangeran Trajumas. Aku maringi rezeki tampananen.”

Beberapa saat kemudian yang teriihat seperti ada orang datang dengan berjalan ngesot (seperti bersila dan berjalan dengan mengeser pinggulnya) :”Aku Ki Dalang Baq, uga disebut Ki Dalang Wadat saka Wanaraja, iya daerah Wanaraja.”

Kemudian terlihat sebuah arca perempuan bertangan empat, kedua tangan bersidekap (menyilangkan tangan di depan dada) yang lainnya seperti mengerjakan sesuatu. :”Aku lenggah ing taman Wikarti Sadeng, daerah Dana…. . Jenengku ibu Tri Murti; Yen saiki ngarani ibu Saraswati, tegese ibu pakurmatan.”
(Ibu kok tangannya empat?):”Tegese loro, bisa semedi lan bisa nyambut gawe, loro-lorone dilakoni; ya manembah ya golek pangan, ora njagakake. Tetep manembah ananging bisa mandhiri..”

Kami bertanya mengapa hari ini banyak sekali yang kelihatan, apakah ada hubungannya dengan tgl 20 Oktober 2010 yang akan ada demo besar kepada presiden SBY. Dijawab :”Becike kowe ora perlu krungu, ndelok wae saka kadohan.”

Kemudian harimau belang tadi datang lagi sambil nggereng (bersuara di dalam namun keras) giginya kelihatan, seperti sedang menunggu perintah. Kami persilahkan pergi maka harimau tadi melompat jauh, namun sebentar kemudian datang kembali dan malah meletakkan tubuhnya ke tanah seperti ingin istirahat tiduran. Kami bertanya apakah betul simbol Prabu Siliwangi yang sakti, namun mengapa kok seperti ragu-ragu.
Dijawab sambil tiduran :”Tenan, aku Prabu Siliwangi sing ora ketok. Cara Jawane aku manggon ana papan priya gung, kumpulan para dahnyang, perewangan jagat. Manggon ana Gunung Sugih, Jabar selatan, kulon Galunggung.”

Kemudian terlihat simbul sepet, kendi dan anglo kecil. Pikiran kami melayang ke simbol kematian yang selama ini kami ketahui. Ataukah ada makna lain dari itu? Adakah hubungannya dengan kepemimpinan Sby yang sudah berjalan setahun?

Yang terlihat malahan ada gulungan besar karpet yang digelar panjang sekali. Simbol Sby yang kelihatan adalah tenggok (keranjang bambu) tengkurab dipukuli dan ditendangi. Biar peyok kemudian kembali ke bentuk semula. Kemudian terlihat kentongan bundar besar. Simbol lainnya terlihat dua kursi kosong bertolak belakang diikat menjadi satu, demikian juga kakinya diikat. Malahan terlihat sepertinya Sby menyalami banyak perempuan yang sedang diwisuda.

Kemudian Prabu Siliwangi (harimau) memberi kami seikat besar kelapa dan seikat besar padi. Kami bertanya tentang kayu kaboa yang banyak dicari orang dan dijawab :”Kayu kaboa kuwi tegese kayu manunggaling rasa, kayu thuk gathuk, cocok penemune, beda adate nanging siji anggitane. Kanggo nglawan larangan, nglawan pacoben, nglawan kadurhakan; nggo nglawan umyeng. Teges kaloro ketemune simpati, ketemune sujarah, ketemune bebakal,  njurus andhap asor.” Yang terlihat Prabu Siliwangi mengginggita kayu warna agak keputihan yg kalitnya mulai terkelupas. :”Wiwit dhisik sing diarani kaboa ya iki. Yen ana Jawa kaya kayu jati mungkul. Ya kuwi mau, barange nyolong pethek gedhe kasiate. Dianggo nglang ora ambles, dianggo perang ora apes. Kuwi wis sipate, kadigdayane, Kuwi wis kaungel dening leluhur. Paribasanre gondhel, cilik ning landhep ing wigati.”

:”Dongane Gusti Yesus kuwi ora kanggo wong kang amba, ananging cespleng kanggo kang krekelan, kang rumpil lakune.. Cekake nuwuhi kanggo wong sareh. Dongane Hu Allah Hu Allah Hu Allah, ora popular ning mandi.”

Apakah seperti permohonan? :”Omonganmu kuwi jenenge ujub, panyuwunan, pangreksa. Beda tegese beda illah-illahine.”

:”Kamulyan Dalem ana telu: kamulyan Dalem ana swarga; kamulyan Dalem ana jabang bayi, tegese kamulyan Dalem ana ing pribadi ana ing kasucian, ana ing kalanggengan. Kamulyan Dalem ana berkat.”

:”Kamulyan Dalem ana swarga ateges kawenangan tata tumarata, kasih kala jumeneng nata, nguwaosi samubarang kang suci, pradapa tumarata kang nyata. Gampangane panguasa alam semesta, donya lan langit, kahanan padhang lan peteng lan sapiturute. Wis semono wae.”

:”Kamulyan Dalem ana jabang bayi ateges kamulyan ana tumitahing alam donya kang dadi tetenger alam padhang (jejer ka loro). Tegese ana, nyata, katon, bisa dicekel, bisa diraba, gumlundhung, Ateges bayi kang suci, ora lanang ora wedok, ora bapa ora biyung. Kadadeyan saka Bapa kang karsa manjalma, kang kersa katon, kang kersa werdi.”

:”Kamulyan Dalem ana berkat tegese dadi sumber, underan, kesucian, kelanggengan, keabadian; jlontrongane swarga. Sing kawengku dening Astane, kajamah, kademok, aman slamet, mios margi kamukten. Gampangane slamet munggah swarga. Reribete donya lali, reribete ilang, kang tuwuh padhang, ndherek mukti, ndherek langgeng. Teges liyane, kowe oleh braja = berkah kang nyata kang isa dirasakake. Njalukmu kuwi ta? Mula kowe ora kena milah-milahake utusane Gusti. Gampangane isine padha jilide beda.”

Kami bertanya sebenarnya Prabu Siliwangi itu sekarang berada dimana, apakah di surga atau masih di tempat lainnya; dijawab :”Aku ora oleh guneman karo kowe ananging aku bisa guneman karo kowe. Kuwi arane saka sapa, karo sapa?. Dadi aku saka ngendi, aku langgeng apa ora, Gusti kang pirsa..”

:”Nek versiku, Gusti Yesus iku jejering manungsa kang suci. Gusti Yesus iku dalan kaswargan kang bisa digambarake manungsa banjur ngerti dalane, banjur ketemu pawongane, banjur diwadhahi, diklumpukake diajak munggah. Kuwi tugase Gusti Yesus.”

:”Roh Kudus kuwi sabenere hasrat, keinginan pancaran kang kuwaos kang tumuju marang kowe. Banjur ngrubah batiniahmu, mikiri kaswargan marga asale. Dadi digambarake sinar putih suci kang ndadekake mulus atine, saemper karo panjaluke Romo. Ananging umume digendholi daging. Roh Kudus Roh Allah kang awujud sinar kang dadi Gusti Yesus.”

Kami berhenti sebentar sambil ngobrol dan menunggu Prabu Baka yang belum datang. Dijawab Prabu Siliwangi bahwa penguasa daerah sini kan dia buka Prabu Baka. Kemudian kami bertanya kepada Tuhan :”Gusti nyuwun pirsa badhe sumerep secara rohani manawi kula sami kempal kalayan imam lan bapak uskup. Secara rohani ingkang ketingal menapa, Gusti?”

Suara yang terdengar :”Karana Roh Kudus kowe bisa ndeleng sukmamu dhewe-dhewe utawa kembaranmu kang persis karo kowe. Ananging Uskup kang katon berubah dadi pasuryane Gusti Yesus, blegere Gusti Yesus. Iki tenanan, aja dianggo dolanan. Yen kowe bisa mengkono, mesthine kowe wis nyawang, weruh sukmamu ana ngarepane, ngarsane, ana tedhake Gusti. Ananging durung ateges Gusti manunggal karo kowe, sebab isih adhep-adhepan, durung sak kiblat. Tegese ngemu teges pasowanan, penggembalaan, kamardikan, karahayon. Gampangane lagi weruh durung ndherek. Sing abot malah kanggone bapak uskup kang wus manunggal dadi jejering raja, nata, kadonyan ananging katon kaswargan. Ana donya ning sejatine kahanan swarga. Donyane ora katon, bentuk apa wae ora ketok, ora nihil. Dadi donya kuwi ora ana. Dadi jejere Gusti Yesus.
(Gambaran yang terlihat seperti dunia itu kosong namun terang, yang ada Tuhan Yesus.) Dadi Romo jumeneng nata, jumeneng sesembahan karo Romo donya kedagingan, beda anane.”
Bagaimana dengan para imam romo Gusti? :”Romo romo mau tetep lungguhe ana mburi, ana ngisor awor karo kowe. Dadi Roh Allah tetep siji, ndhak kowe bingung milih kuwi apa milih kae. Dadi romo-romo mau singkaton sukmane dhewe-dhewe, dudu wajahe Gusti Yesus. Coba gathukna karo akalmu dhisik; yen perlu ngombe ngrokok dhisik.”

Kami istirahat dan ngobrol sebentar untuk mencerna yang kami terima. Kemudia kami bertanya lagi apabila pas di Vatikan bersama bapak Paus dan para Uskup berkumpul bersama dalam misa kudus. Yang terlihat sepertinya semua Uskup berdiri perish di belakang bapak Paus sampai tidak kelihatan, walaupun bapak Paus bergerak ke segala arah. Bapak Paus memakai topi mitra kebesaran.

Secara rohani yang terlihat ada lingkaran putih besar, di tengahnya ada seseorang sedang semedi bersila dan transparan, di depannya ada lilin besar menyala. Kemudian terlihat tulisan :
God “over”manual God

life
secret + imprimatur/nomenclature way human

Di luar lingkaran terlihat banyak sekali lilin lilin kecil yang mengitari lingkaran putih.
:”Iki gunakna kanggo romo kang murung.”

Kemudian kami bertanya tentang pangeram-eram, asal munculnya nyala api suci di gereja makam di Yerusalem sewaktu Paskah. Suara jawaban :”Yen ana alas kobong ing Kalimantan, sing ngurubke sopo? Gampangane kowe urip kuwi piye? Secara logika ana lanang ana wedok njur kowe urip. Secara rohani, kowe ana sing nyumed, kowe njur urip. Gusti kang ngandika, kang murba dadia kowe.”

Bagaimana dengan kloning Gusti? dan dijawab :”Kloning kuwi umume gagal, karepe manungsa. Isa-isa yen dadi malah memusuhi, malah ngraman, malah dadi bencana, ngeget-egeti. Ora percaya Gusti Allah kang Atunggal. Gampangane Gusti Allah ora ana.”

“Wis cukup semene wae, ndhak udan ndang kondur. Carakane ditutup dhisik.”

Jam sudah menunjukkan pukul 14.00 kemudian kami berdoa mengucap syukur dan terima kasih. Dan aku pamitan pulang ke Pasirimpun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.