Minggu, 31 Januari 2010

Pengalaman 31 Januari 2010

31 Januari 2010

Minggu sore hari pak Sumeri, pak Yohanes dan aku berkumpul di rumah pak Pudjono ngobrol secara umum. Yang terlihat pak Pudjono masih seperti beberapa hari ini, bahwa Tuhan Yesus berdiri merentangkan tangan ke bawah, sepertinya di atas atap. Arahnya di sebelah barat ke selatan. Sore itu mestinya ada sembahyangan syukuran namun batal karena ibu nyonya rumah meninggal di Klaten. Demikian juga temanku yang akan mantu malah mendahului dipanggil Tuhan.

Kami bertanya bahwa saudara kami mempunyai ungkapan khas, dan bagaimana dengan kami sewaktu mendengar ada seseorang yang meninggal. Kemudian ada suara :”nJagaa cangkemmu aja muni ngono. Kuwi wis kersaning sing Kuwasa.”

Yang terlihat sepertinya Tuhan Yesus semakin turun ke bawah, tidak terlihat sebentar, kemudian terlihat memanggul seseorang sepertinya anak kecil. Di bagian dada-Nya dimana kepala anak tersebut bersandar bersinar terang. Kami bertanya akan ada kejadian apa, kemudian ada suara :”Ana dhandhang kamurkan. Becike kowe ora usah krungu wae.”

Kami bertanya kembali tentang kata-kata sewaktu membuat tanda salib yang membuat kami agak bingung, diperbolehkan atau tidak.

:”Atas nama … kuwi tegese adigang-adigung, merga duwe Gusti”

:”Demi nama ….. (tidak ada suara terdengar)”

:”Dalam nama .... kuwi tegese kehormatan ana ing Gusti, kang ngemu teges mulyakake, meninggikan.”

Apakah perlu diwartakan? :”Ora usah, mengko ndhak malah klera-kleru.”

Aku bertanya tentang iman, harapan dan kasih, apakah itu tahapan hidup atau maksud lainnya. Terlihat tulisan iman terus tanda panah menuju harapan.
:”Bulate iman terus tumuju harapan. Harapan ditambahi unen-unen, ditambahi sari, ditambahi gunem, ditambahi pertikel dadi kasih. Antarane harapan karo kasih, ana kono Gusti ana. Kasih tegese wis murca, kari intine, kari lelagone, kari puji-pujian. Gumarang karsa (?), mbleber atimu neng liyan. Gumarang karsa padha karo seneng paring pandonga. Gumarang kuwi ujare ati kang seneng. Intine kasih kuwi ora nganggo etung-etungan. Kowe padha karo wong liya, wong liya padha karo kowe. Bulat atimu.
Kosok baline kasih kuwi meres, memperalat, dongak-dongakake elek. Apa-apa owel, ora gelem nindakake, ora usah-ora usah.”

(Gambaran penglihatan berbentuk tulisan : iman  harapan  kasih)
:”neng kene sing dadi pralambang kowe neng donya, kowe entuk kasih. Kasih surgawi, kasih sing tekane saka Gusti, sing maringi Gusti. Dadine kowe bisa mbayangake yen kowe ickhlas, Gusti ya ickhlas. Ickhlas kuwi tulus amarga saka Gusti. Nek maringi, kowe ya seneng. Nek Gusti maringi kowe, kowe ya seneng. Iku kasih marang sak padha-padha. Iku nyatakna.”

:”Nek kasih Tuhan, kowe ora bisa mbayangake. Kowe mung bisa mbayangake yen ngekeki (maringi) uwong, wong kuwi seneng. Tetulung ditampa padhang. Yen tetulung ditampa ruwet, dianggep pacoben wae. Kowe nggambarake sing ana donya wae. Kowe ora bisa nggambarake sing ana swarga..”

Aku bertanya bagaimana mengisi renungan dalam ibadat atau doa arwah. :”Apike sing ana sisik melik ana alam donya gen munggah swarga. Sisik melik iku pakaryan, lelabetan, ujar, gumolonge manah, paring kawruh. Kuwi sing kudu didhisikake, sing diujarake. Kesimpulane dadi wong becik, wong tuhu, wong lelabet, wong kasanggan dening Gusti. Mesthine munggah swarga. Dadi aja akeh-akeh dongeng swarga. Kahanan donya sing diakehi. Mengko ndhak anak bojone dadi mrinding, dadi miris.”

Aku bertanya tentang istilah hades, limbo, dll.
:”Hades, jane jenenge nyelaki, mepet, nepi. Nyelaki papan paningal, weruh padhang sing dituju.”

:”Limbo kuwi konang, wujud padhang, wujud barang, surya nyata, plong..”

:”Firdaus kuwi taman asri, sejuk, redhup, tegese tempat. Swarga kuwi kahanan. Kuwi kabeh tegese lingkungan, tahapan petunjuk jalan. Ya sak gandhengan.”

:”Sheol tegese klebu, pantes, kaparengake ndherek Gusti, kagandheng.” Aku bertanya bahwa hal tersebut digambarkan sebagai tempat orang mati dan ada suara :”Ora! Tegese wis ditarik, wis digeret, wis lepas.” (ada gambaran tangan yang keluar dari gundukan tanah, kemudian seperti ada yang menarik ke atas).

Kami berbicara tentang talenta yang selama ini mempunyai pengertian umum sebagi kelebihan, kemampuan dan sejenisnya. Kemudian tentang karunia yang agak berbeda, dan kami tanyakan.
:”Kuwi jenenge ming bisa, ming kadunungan, sing dianggo makarya becik, durung dianggo nyemerepi papan-papan mengko, nyemerepi hal ichwal. Dadi bisa diarani keluwihan. Suwening suwe banjur diarani talenta, sing kudu ana nyatane dhisik. Talenta tegese berbuat.”

Aku bertanya yang sebenarnya ingin ditunjuk langsung segala kekurangan kami agar bisa berubah lebih baik, namun jawaban yang terdengar :”Sing penting nggonmu nggoleki Aku wis bener, dalanmu wis slamet. Mengko mundhak takon-takon maneh. Kuncine wis tak paringake, kari nggoleki lawange.”

Kami bertanya tentang doa sebelumnya.
:”Hu tegese ana ndhuwur sing dipuji, sing disembah, sing dihormati.
Wa la I Hu tegese ana ndhuwurmu kudu kok gugu, ana ajaran kang pernah.
I Hu kuwi petunjuk, arah kang kok gugu.
I mu tegese menang. I mu Allah Hu tegese mbentengi kowe, tegese kowe dipagari, ditetegi karo Hu, karo sing kuasa.
I tegese tedhak, rawuh
U tegese kowe saguh, gelem. Lha yen U ne mengkureb (seperti n) kuwi tegese pikiranmu isih cupet sing nyadhong, mangro, durung wani, durung tanarbuka.
Mama tegese manjilma, teka, nyemplung dadi siji.
I mama nyemplung dhateng U mama, tegese dadi pangeram-eram. Dadi kersa dalem, dadi anak domba (ada gambaran anak domba dengan tulisan kasih), tegese ketekan, kerawuhan, kenclokan.”

Pak Pudjono bertanya mengapa orang belum dibaptis tidak boleh menerima komuni, dan suara yang terdengar :”Sebabe kowe durung wani, durung semeleh, durung ndhadha, mula durung oleh komuni, ndhak muspra. Pokoke ora oleh, ndhak dianggep dolanan, ndhak nyepelekake. Ning yen arep mati oleh, sebabe ora bakal nglawan maneh.”

:”Dibaptis, dosane luntur, njur ya wani dibaptis kuwi. Wani ndhadha, wani selak wani nolak, ya nembe diparengake ndherek. Nember Gusti berkarya. Baptis tegese banjir, larut, resik, nggenah. Baptis kuwi kekuatan ilahi, ilham.”

Makna mengambil air suci sewaktu masuk ke gereja dan membuat tanda salib. :”Kuwi bates kahanan njaba karo kahanan meneng, kahanan hening. Nglalekake kahanan njaba. Gampangane lalekna kahanan ngomah.”

Tentang percikan air suci sewaktu vidi aquam :”Ana kono ngemu teges pengurapan, pencucian, perlindhungan, penyempurnaan, pengukuhan, penyegelan.”

Sewaktu konsekrasi (yang terlihat gambaran pastor mengangkat piala berisi roti bersinar terang sekali dan ada orang yang berlutut menyembah) :”Dongane :Gusti mugi manunggala kaliyan kula sadaya. Yen ora bisa nyembah, ya ngadeg banjur ndhungkluk.”

Perihal mengirim komuni kepada orang sakit :”Sing penting gawanen kanthi wening lan tekan. Sing penting kowe wis diparengake nggawa, amarga uwis diberkati. Sing penting kok duduhake, kok nyatakake sing nampa yen iki Salirane Gusti. Sing lara kon Amin, banjur meneng sedhela, njur wenehana. Kowe rak durung tau ngalami lara ta? Mula aja kok kudokake ngono-ngene.” (Aku teringat sewaktu dikatakan tidak usah berdoa kalau sedang sakit yang berarti bisa macam-macam sakit)

Apakah diperbolehkan menjadi saksi untuk kasus perceraian saudara kita? :”Bablasa wae aja melu-melu. Wong cerai kuwi njarag, kok kon disekseni.”

Kami berdoa dan mengucap syukur telah mendapatkan wejangan. Waktu sudah menunjukkan pukul 02.00 pagi dan kami pamitan pulang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.