Minggu, 15 November 2009

Pengalaman Agustus 2005

15 Agustus 2005

Malam itu aku bersama pak Pudjono berdua saja, karena pak Yohanes belum datang. Setelah ngobrol sebentar, yang dilihat pak Pudjono ada simbol payung terbuka dan simbol ethek-ethek. Suara yang terdengar adalah :”Kudu wani benthik.”
Setelah itu ada simbol apem setangkep, dan suara yang terdengar oleh pak Pudjono :”Kudu siap berbeda. ..... . Manunggala ning ora padha. ..... . Iku kabeh bisa koq jabarake kanggo uwong loro, kanggo keluarga, sak greja, lintas agama. Mengko bakal teka dhewe sing ngrujukake. ..... ...... Dudu saka Vassula, teka-teki kuwi terlalu gampang. Ana kene sing tak butuhake karya nyata antar pribadhi, antar agama lan antar negara.”
“mBesuk bakal ana swara sing gawe plong saka Aku, Juragane urip, mawa rupa. Perintah iku rak saka Aku. Wis ta mengko tak turunake uwong sing mumpuni. Mijil saka Rusia timur laut. Mengko bakal mijil nomo-noman kang bisa mandegani lan mrantasi kabeh masalah.”

Dalam pandangan pak Pudjono seperti terlihat warna merah di cakrawala sebelah selatan. :”Abang padhang iku tegese arep mijil roh kesabaran tur wani, ya kuwi pepadhang. Dadi pemimpin sing mrantasi ning ora nyilakakke uwong. ..... . Ya, pancen Rusia kuwi mung sethithik sing mertobat, ning sejatine iya uwong sing ber-Allah.”

Dalam obrolan dengan yang tak kelihatan, kami bertanya tentang Lexio Divina dan dijawab :”Cara Lexio Divina iku uwis paten lan diakui ing salumahing bumi. Nanging Aku ora ngudokake mangkono lho. ..... ..... . kanggomu bisa kesuwen, ..... aja letterleck mundhak bingung. Mula sing paling becik meneng, dirasakake terus guneman. Intine guneman golek kawruh terus nyadhong dhawuh. Lexio Divina iku ajaran buku. Lha yen guneman iku rak ora ana bongkot pucuke. Pokoke aku arep sowan Gusti, ndilalah krungu lan weruh; terus pentahapane lali. Lha yen arep praktek ya dolana rene.”

Kami bertanya tentang perihal orang yang percaya dapat memindahkan gunung yang sulit kami jabarkan. Jawaban yang diberikan :”Roh Allah tetep ana kana. Berkat utawa suwuk sing manjing ana awakmu, dadi sumber kekuatanmu sing bisa minangkani, bisa makarya, bisa ningali. Sing sapa beriman Kristen marang Aku meskipun lagi krungu, bisa ngilangake pepalang sing ana ngarepe. Gunung kawruh kang memusuhi, dudu gunung watu. Dadi sing ana kene gunung sing ora katon. Gunung pepalang, gunung kadurjanan, kemunafikan lan liya-liane. Mula luwih becik meneng katimbang padudon, geram, memusuhan. Umume kalah karo kemewahan, iming-iming, luwih-luwih kalah karo pacoben. Uwong sing kalah karo pacoban banjur nglokro, remuk, bisa-bisa malah kalab. Gunung kuwi gegambaran tetumpakan kadonyan, kemewahan utawa kanisthan. Lha ana kono uwong sing beriman kudu bisa ngalahake. Yen ora bisa ..... .... manggone ana ngisor. .”

Saat itu pak Yohanes datang dan mau tidak mau ada obrolan pembuka. Setelah kami bertiga pak Pudjono melihat simbol tumbu, perkakas rumah tangga dari bambu. ::Tumbu kuwi perabot kang kuat lan gedhe. Watege wulet lan rapet, paling-paling peyok banjur pulih maneh.”

Kemudian ada simbol lesung tempat untuk menumbuk padi :”Iku simbol tempat pacoben sing kuat dithuthuki ora remuk, ning saya ketok mentese, saya suwe saya resik. Barang sing digawa ana ing lesung mesthi sing mentes, mula ora diketokake asline, isine.”

Simbol pribadi saat itu, bagi pak Yohanes adalah ikan di piring. Untuk pak Pudjono simbol sedang mlathok, memecah kelapa muda atau degan. Simbol untukku adalah pepaya matang berbentuk panjang kemerahan, blewah atau timun suri, lainnya seperti sedang mengumpulkan gabah atau padi yang sedang dijemur.

“Wewarah kuwi saya suwe saya angel, susah dibayangake, susah dileksanaake kanggo uwong awam. Nanging dhawuh Gusti mesthi kaleksanan. Mulane ngunjuk Rah Dalem Gusti abot sanggane. Ya mung kuwi.”

“Simbol gereja Odilia iku paribasan uwit mahoni kang gedhe. Pageh deg piadege, sembada, umure ya dawa. Jarang sing ngarah patine. Simbol liyane uwit palem, nganti tekan gedhe manake susah.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.