Minggu, 15 November 2009

Pengalaman Juni 2006

06 Juni 2006

Malam itu di rumah pak Mardayat berkumpul pak Saan, pak Sumeri, pak Yohanes, pak Siahaan, pak Pudjono, aku, pak Abraham, pak Sumadi dan pak Andil Bukit. Sampai tengah malam kami ngobrol dan tidak terjadi apa-apa, sampai pak Abraham, pak Sumadi dan pak Andil Bukit pamitan.

Sewaktu kami semua ingin berpamitan, tiba-tiba Tuhan Yesus datang dan membagikan Hosti Suci buat kami semua. Tuhan Yesus hanya berpesan agar kami semua bisa menjaga mulut dari yang tidak baik. Mungkin inilah yang berhubungan dengan Kitab Suci bahwa yang mengharamkan kita adalah yang keluar dari mulut kita. Pak Pudjono sendiri heran mengapa Tuhan hadir setelah beberapa sahabat pulang duluan.


07 Juni 2006

Aku lupa apakah di rumahku atau di rumah pak Pudjono kami berkumpul. Seingatku berkumpul di saung di atas kolam, aku, pak Pudjono, pak Sumeri dan pak Yohanes.
Penglihatan pertama yang diketahui pak Pudjono adalah sinar terus berubah palem raja dan akhirnya berubah salib. Kemudian Bunda Maria hadir di tengah-tengah kami dan berkata :”Wis, padha omong-omonga dhisik, aku tak sia-siap. ..... ..... Uwis. Wis, jokna aturmu.”

“Tritis Bantul ya ora apa-pa. Tandangana reribetmu dhisik. Ning sejatine kedadeyan kuwi rak ana kana. Yen ana kene rak beda. Yen kepengin ketemu khusus ya kudu sowan. Ning yen kanggo ganep-ganep ana kene ya ora apa-apa.” (hal ini berkaitan dengan gempa bumi)

“Ngene wae, yen uwis ana dina becik ya sowan bareng-bareng, gen berkahe tumarata. Isih akeh uwong sing kepengin ketemu, kepanggih Salira dalem Gusti. Salira Dalem Gusti wujude berkah.”

Kami bertanya tentang pemberian Hosti Suci oleh Tuhan Yesus pada tanggal 6 Juni 2006 di rumah pak Mardayat, dan dijawab Bunda Maria :”Ya ngono kuwi sing kanggo kekuatan kareben menjiwai. Sebab ana ungel-ungel, ana perjanjian, kabeh uwong kang percaya kudu nampa Salirane Gusti.”

Kami bertanya apakah perlu membawa pastor sewaktu menghadap ke Tritis, dijawab :”Yen bisa nganggo pastor setempat. Pastormu rak ya padha sibuk. Kena apa ora sowan dhewe wae?”

Sewaktu bertanya tentang keinginan pak Sumeri membuat patung Bunda Maria dalam gua, dijawab :”Patung sing warnane kopi susu. Sing penting sing paling kepranan kanggo kulawarga. Yen njaluk pertimbangan marang aku, sing warna kopi susu. Masange dina Senen, dina mangkat nyambut gawe golek dalan padhang. Sak ora-orane dina Minggu malem Senen. Mengko yen syukuran aja ninggalake mbah kakung, ora ana salahe, rak kowe uwis ngajak.”

Sewaktu aku bertanya untuk di Pasirimpun, dijawab :”Ana Pasirimpun, becike patung sing bisa dipindhah-pidhah, madhep ana ngendi wae oleh. Lha yen kanggo nggawe jalan salib, sing dijupuk maknane, rak ora kudu arak-arakan.”

“Gusti seda kanggo sapadha-padha; kudune kowe rak ya kaya ngono. Berbuat nganggo budi, ora kudu materi. Sing penting kabecikan, tresna. Yen ana tresna banjur tuwuh eling marang pepadha, eling marang kekurangane liyan. Kang jeneng nebar katresnan, kudu bisa diprajakake ana ngendi wae.”

Yang dilihat pak Pudjono, Bunda Maria lenggah ngagem petakan (?) dan kelihatan masih jauh biarpun suaranya dapat didengar.
“Pesenku, estokna dina gedhe sing dipadhakake dina Ngahad. Kuwi riyaya-riyaya. ...... . Ning mengko yen kakehan malah jeleh. Umume panyuwun kuwi rak marang Gusti. Lha yen lewat aku rak jenenge perantaraan, jenenge kecumpen.
Padha nyenyuwuna lewat aku, mengko tak serahake marang Putraku. Sing nemtokake Gusti kang Maha Agung, Maha Linuwih. Aku amung nglantarake. Bener, aku dadi Bunda Allah, ning mung dadi tetenger, dudu pawiji. Gampangane, aku mung uwong dudu Gusti.”

Aku bertanya sewaktu pada tanggal 13 Mei 2006, bahwa Bunda Maria hadir bersama Santo Yusup, dijawab :”Lha yen iku sing jenenge tuladha, kudu sekaliyan. Ana undangan resmi, ana ujub tertentu. Genep-genepe yen lanang wadon, mengko mundhak dadi pitakonan. Bengi iki sing koq suwun rak Bunda Suci utawa Perawan Suci. Jejuluke ya Bunda.”

Simbol-simbol yang diberikan malam itu
“Darmono simbule mawar putih, ora ana bedane karo sing ndhisik. Tulisanmu kuwi uwis payu, menurut ukuran manungsa utawa keprajan. Tulisamun kuwi perlu disebarake.
Kanggo pak Sumeri, lantaran isih anyar, becike ngrungokake dhisik.
Pak Yohanes, Rosariomu kuwi terusna, gen kabul panyuwunmu. Ora ana barang kang mustahil. Yen isa dikembangake kanggo uwong liya.
Pak Pudjono, sedulurmu telu kuwi tetep ngantu-antu kowe, mula sregepa. Sedulurmu telu sak krungkel sak awor telu.
Yen kanggo pak Mardayat, mengko gen matur dhewe.”

Aku bertanya tentang tulisan Dan Brown mengenai Da Vinci Code dan dijawab :”Iku guyon sing ora nggenah. Gustimu kuwi mulus kang tanpa cacat. Ora susah diambil hati. Gusti ya tetep Gusti. Lelabuhane kang ora kinira. Sapa sing gelem kaya mangkono? Kawruhmu kuwi uwis bisa dikepyakake. Aku teka nganggo mengkene kuwi Bunda temenan, sing ora dientha-entha, sing nganggo hiasan.”

Sewaktu aku bertanya tentang Santa Anna, Bunda Maria menjawab :”Sak ngertiku Santa Anna kuwi ibuku; ananging aku ora turun saka ibuku. Aku turun saka langit.”

Aku bertanya tentang kenaikan Bunda ke surga dan adanya kuburan Maria di Yerusalem, dijawab kurang lebih :”Aku kang diarani muksa minggah lumarab ing swarga kanthi jiwa raga. Bab kuburan kuwi, mengko yen ana uwong nggoleki kepriye? Mula banjur diparingi tetenger kaya monumen. Gesange ana kana mula tetenger ya ana kana. Aku saka ngendi-endi wangine uwis kecium, bisa nembus apa wae. Yen kowe ketemu aku rak ora ana makam ta? Lha yen kepengin ketemu mbah-mbahmu rak nggoleki kuburane.”

“Sang Hyang Roh Suci kuwi kang makarya. Gampangane mung sempalane, wibawane, mung setrume. Mula ora ana uwong kang nyebut terpisah. Ana kene kang dipundhut sosok panguwasane sing jejere priya; mula Hyang Rama.”

Kami bertanya tentang kepercayaan kepada penguasa Laut Kidul dan dijawab :”Panguasa Laut Kidul, Laut Etan, Laut Kulon, Laut Elor kuwi ana. Kuwi roh tuwa kang ana kono. Jlentrehane kuwi angel, mula kowe tak slametake aja ngati kagawa ana kono. Mula aja sumelang. Sing kagungan wewengkon aku.”

Jawaban tentang surga :”Papan minulya kuwi ora terbatas, papan sing ora ana siksa.”

“Tomb Garden kuwi salah sawijining panggonan Gusti Yesus nuju sembahyang.”

Kami bertanya apakah nama-nama dalam jalan salib waktu dulu ada beneran, termasuk nama-nama perempuan yang tertulis dalam Injil. Jawabannya adalah :”Crita Veronika kuwi ana tenan, wanita sing kendel ngelap luhe lan rahe Gustimu. Sakjane akeh sing nulung Putraku. Ya kuwi, wanita sing ditulung manungsane. Lha yen priya mbantu ngangkat salibe. Wektu kuwi aku ana ngarep ndhisiki (Yang terlihat pak Pudjono, Bunda Maria di kiri salib karena dilihat dari depan). Kayane ora ana wong lanang muride Gusti Yesus kang katon. Yohanes ora ana, sing ana aku. Perintah (Ini ibumu ini anakmu) kuwi becik, pancen kudu diwartakake marang kabeh uwong. Kedadeyan perentah kuwi sadurunge Gustimu disalib.
Penjahat loro kuwi uwis ana sadurunge, lagi Gustimu disalib. Sing ana kiwa peteng sing ana tengen terang. Wanita liyane ana ngisor, ora tekan kene. Aku rak ibune; Gusti Yesus rak Putraku.”

Sewaktu kami ragu karena tertulis dalam Kitab Suci dan bertanya, dijawab :”Ora, tetep ora. Sing ana kono mung aku. Piandelmu sing kudu koq rubah. Tulisan kuwi becik. Tulisen ora apa-apa, ora bakal merubah iman. Dadi tulisen yen komunikasi rohani karo aku, ora saka marga saka tulisan sing uwis ana.”

“Ibu mekrad swarga, umurku sewidakan, pasuryanku kaya 47-48 tahun. Wektu kuwi etungane nganggo Rebo Awu. ...... . Sak elingku ya Rebo Awu amarga dina kuwi wiwit dina kang resik. Wektu kuwi para rasul uwis sumebar wis mulang ana saknjabane tanah Yerusalem. Aku mekrad nyang swarga ora ana sing ngerti, langsung ilang ora ketara.”

“Zaman semana sing crita aku banjur ditulis, diandharake nganti saiki. Zaman semana kuwi uwong isih ngugemi crita. Yen ora ana kang katulis, isih bisa crita langkep. Yen kececer siji loro kuwi lumrah.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.