Kamis, 05 November 2009

Pengalaman Mei 2002

23 Mei 2002

Malem Jumat Kliwon di rumah pak Pudjono
Sore itu aku bertemu dengan mas Jatmiko yang menanyakan kondisi mertuanya kepada pak Pudjono, karena koq mulai drop dan sudah disiapkan untuk transfusi darah. Sebenarnya ada simbol payung terbuka namun tidak diceritakan oleh pak Pudjono. Pengalaman kami selama ini, hal tersebut tinggal menunggu waktu kapan Tuhan akan memanggilnya.

Aku berketetapan dan janjian dengan pak Pudjono untuk datang malam hari. Untuk teman seperjalanan dan kebetulan satu aliran, aku ajak pak Johanes yang kebetulan bersedia juga karena pas malam Jumat Kliwon. Pak Johanes ingin telepon ragu-ragu dan sudah keduluan aku yang menelpon dia. Berkisar jam 8 (delapan) malam kami berangkat ke rumah pak Pudjono; Sampai di rumah pak Pudjono, Jo (Jonatan) putra pak Pudjono sudah tidur.
Pada awal perjumpaan pak Pudjono mengajak untuk belajar konsentrasi, dengan memperhatikan arah isi korek api yang ditutupi dengan tangan. Setelah itu untuk melihat segelas air yang diisi telur mentah. Aku akui bahwa aku belum bisa sama sekali untuk melihat “kedalam” ada apa dibalik telur tersebut. Pak Johanes masih dapat melihat, katanya ada lele dan selanjutnya melihat gagang payung kertas. Diperkirakan sebagai tanda kematian bagi teman pak Pudjono yang sedang ada di RS. St. Carolus Jakarta.

Berkisar jam 9 (sembilan) malam, pak Pudjono mengatakan bahwa ada yang datang, dan disediakan kursi oleh pak Pudjono. Diperkirakan yang datang adalah Tuhan Yesus sendiri yang sedang memakai mahkota duri dan dilambari kain penutup kepala.

“Aku Gusti Allah-mu. Kowe wong telu iki ojo nguciwakake Ati-Ku.”

Lho wonten punopo koq Gusti ngagem penutup mustoko saderengipun ngagem makutho eri ?

“Mahkota duri iku saiki mung simbul, perlambang sikso sing digawe manungso kang isih kadunungan kadonyan. Dadi ora kudu rojah rajeh. Mulane bebendu iku kudu diudhari kanthi mangkono. Saiki Aku tak lungo disik, mengko Aku bali maneh yen kowe wis entek sing ngrokok. Coba padha dibahas karo wong telu.”

Memang perhiasan untuk mengikut Yesus adalah Salib, Paku dan Mahkota Duri. Kita diminta untuk selalu menuruti Kehendak dan perintah-perintah-Nya.

Menopo bentenipun esuk kalayan wengi puniko Gusti ?

“Esuk iku suminare Pasuryane Gusti; Nek biso metuo ngaturake sembah panuwun, amargo sak wengi wis dipimpin lan diparingi kanugrahan. Wengi iku ora padha karo awakmu, sing mbok anggo nyepi, darmo bektimu kanggo wong tuwo ............................... Sing apik iku kanggo sare kanthi wening, ojo nuruti atimu sing ngombro-ombro, tur ora guno.”

“Darmono, kowe ojo kesusu kepingin bisa, ...... yen bisa arep kanggo apa ?” (ini berhubungan dengan konsentrasi melalui segelas air dan membayangkan adanya telur, kemudian telur tersebut berubah seperti bulan, dan selanjutnya akan pyar .... dapat melihat Tuhan Yesus)

“Esuk iku suminare suryo kang madhangi Alkitab, mulane macaa ora ketang amung 2 (rong) pasal, lan tanganmu tengen athungno. Banjur ndonga ....................................... lan isine : “Kraton dalem kawiyarno kados ing mulo buka ngantos salami-laminipun. Bubar kuwi lagi metu nguyuh.”

“Kanggone Aku, Alkitab ing mangsa wengi kudu ditutup, nanging kudu dirasakake mowo makno. Dumadine kanggo sapa wae, kudu nembah marang Aku. Mulane kowe ora perlu wedi. Lha yen ngarepake esuk, kowe kudu waspodo.”

“Yohanes kudu manut Aku, ojo ngarang dhewe. Mengko gen dicritakake Darmono, amargo bloko suto ono kono.”

“Wengi iku maksude - Gusti manunggalo kaliyan kulo sadaya.”

Berbicara Roh Kudus seperti yang dikatakan di oleh Frances M Klug di Amerika.

“Iku bener soko Aku. ............................... Roh Kudus handarbeni kuwoso kang bisa mlebu menyang sapa wae, biso bebarengan nganti sewu utowo rongewu paribasane. Bisa ngutus sing tak remeni; Dadi biso menyang sapa wae, umpama menyang Darmono, ning kena apa Darmono koq ora biso? Roh Kudus iku biso kandha, biso nata, biso dhawuh kanggo sagala bangsa. Dadi ora mung Santo Yusup sing tak dhawuhi. Santo Yusup tak dhawuhi wektu iku. Ono Amerika yo ana kana, ana ing Jawa ugo bisa.
Mulane ojo padha sulaya, padhakno panemumu. Sing crito salah siji wae, mengko ndhak tumpang suh. Yen kurang terang lan cetha, ben dibahas karo Darmono.”

“Yohanes ngrungokna wae.”

Menawi Roh Kudus puniko simbulipun punapa, Gusti ?

“Yen kowe kepingin pirso simbule Hyang Roh Kudus, mengko kowe malah ruwet lan tambah mumet. Sing penting yen Aku teko paring tuladha; Dadi Roh Kudus wis ana atimu lan tanganmu wis biso nulis dhewe opo sing tak karepake. Roh Kudus iku sinar sejati sing ono atimu, sing mbok jaluki tulung nambani wong lara. ........................ ? (ugo marang ?) Kanjeng Ibu lan Putro sing koq mulyakake saiki lan sateruse. Dadi Aku wis percaya karo kowe wong telu. Lambe atimu wong telu kuwi wis padha; Sing beda mung kasunyatan sing ono donya. Iku rak karepmu wong telu, ning sing sak nyatane wis padha lahir batin, sak brayat. Tegese Roh Kudus-mu wis mlaku, ora perlu nggoleki Aku, ning patrapna Roh Kudus, apa sing dadi karepmu. “

“Wengi iki sing becik kanggo ngothak-athik apa sing wis tak wulang. Kejaba yen lara, ya kanggo awakmu dhisik. Sebab yen lara, resikna awakmu kanti donga : lara ya lara, iki ming menungso rak muk sedhela. Dadi ora perlu gemes, ora kudu mangkel nek lagi lara, mengko mundhak malah repot.
Lara iku ruwet sak liya-liyane, sing marakake adoh karo Gusti. Mengko yen wis ana dina padhang, lagi nembaha Aku maneh.”

Nuwun sewu Gusti, kala wingi kula inggih nembe mbahas meniko, lan radi emosi.
“Wateken nganggo Roh Kudus-mu, ojo mbok deleng raine, nanging mbok deleng atine. Tamakno donga : Byar bubar ora ana memolo, ora ana rubedo, ora ana memungsuhan, kang ana tresno karo aku.”

Menopo mboten wonten ingkang langkung cekak Gusti?

“Mengko yen wis biso, cukup mbok delok atine, mengko rak lembene ora muni. Atine ora muntab marang kowe. Tamakno Roh Kudus-mu marang atine.”

“Wong Xxxxx iku sugih jim kaya bala Kurawa, ming yen kon tapa brata ora bisa, mula njur brangasan arep nguasani. Jebule sing arep dikuasani wong sing wis tumata, mulane ora kena. Kuwi Roh Kudus-mu wis mapan. Roh Kudus-mu biso nguasani perang. Saka ngomah wae tanganmu kiwo parakno mangkono, wis bisa koq cekel. Nanging Aku weling aja koq sabetake, cukup diusadani wae. Mengko nek dheweke ngerti, ndhak kowe diwales, konsentrasimu bubar. Dadi anggonmu arep tetulung ora guna.”


24 Mei 2002 pagi hari.

Pada waktu Jumat Kliwonan, di tengah malam sedang ngobrol dengan pak Pudjono dan pak Johanes dan bercerita macam-macam kehidupan. Suatu ketika sebelum pamit, kami membicarakan masalah keluarga dan silsilah. Pak Pudjono mengatakan jangan pulang dahulu, karena ada yang datang, dengan berpakaian Jawa memakai blangkon yang buntutnya panjang. Kelihatannya uneg-uneg obrolan keluarga tadi didengarkan oleh yang tidak kelihatan, dan aku mendapat “karunia” didatangi leluhurku yang tidak aku kenal sama sekali.

“Darmono, yen kowe nggoleki silsilah keluargamu, sakjane kowe isih keturunan Ki Tunggul Wulung. Pasareane ono Parakan.”

“Parakan pundi puniko ? Punopo Parakan Magelang utawi Parakan Kediri ?”

“Parakan cedhak Kali Buntung.”

“Dereng mangertos kulo, puniko wonten pundi ?”

“Sing cedhak, golekana Tumenggung Wiroguno sing ana Solo.”

“Kulo inggih mboten mangertos kalian keluarga puniko.”

“Parakan kuwi ono Srowot, kidul Wedi; Arahe ono wetan stasiun. Iki silsilah soko bapak, amargo sing umum yo soko wong lanang. Gambaran silsilah iki ora ono sing soko ibu. Yen soko ibu, golekono sing jenenge mbah Kawit.”

“Ki Tunggul Wulung puniko rikolo jaman sinten ?”

“Isih rikolo jaman Mataram kepisanan.”

“Pak Dar, ingkang menjiwai (panuntun) pak Dar punika saking Ki Wirathabasa.” Kata pak Pudjono

“Kulo inggih mboten mangertos tegesipun.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jagalah kesantunan dalam berkomunikasi, walaupun diselimuti kemarahan, kejengkelan, tidak puas dan sejenisnya.